Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Nahum 2 >> 

1Lah ana juru pangrusak kang nekani kowe, nganakna pajagan ana ing beteng ngungaka ing dalan, lambungira sabukana kang kenceng, nglumpukna sakehe kekuwatan!

2Lah Sang Yehuwah mbangun maneh kaluhurane Rama Yakub, kaya kaluhurane Rama Israel, amarga wus karusak dening juru pangrusak epange wus padha kasempalan.

Mungsuh ngrusak Niniwe

3Tamenge para pahlawane warnane abang, para prajurite padha manganggo abang jingga, kretane abyor mengangah kaya geni suluh ing dina anggone karakit; sarta jaran-jaran padha katon goreh.

4Kretane mbalap ana ing dalan, ana ing papan tenggar susul-sumusul, katone kaya obor, playune kaya kilat.

5Wadya-bala kang pinunjul diangkatake, nanging padha tiba kejengklok nalika lagi maju, padha mlayoni baluwartining kutha kalawan kesusu, dene piranti kanggo njebol wus kaedegake.

6Gapura-gapuraning kali-kali wus padha kabukak, sarta kedhatone banjur geger.

7Sang Prameswari digawa metu lan dilukari, lan para abdine wadon padha nggluruh kaya pambekuring manuk dara, klawan tebah-tebah dhadha.

8Niniwe dhewe iku prasasat kaya blumbang kang banyune mili metu. Ana wong kang nguwuh-uwuh: “Mandhega, mandhega!” nanging ora ana kang noleh.

9Padha ngrayaha salaka, ngrayaha mas, awit tanpa wilangan simpenane raja-brana, prabot-prabot kang endah kehe ora karuwan.

10Wus ludhes, pandhes, nandhes! Ati nglentrih, dhengkul oklak-aklik, lambunge gumeter kabeh, raine wong kabeh padha pucet tanpa guwaya.

11Ana ing ngendi ta pandhelikane singa lan guwane singa-singa nom, panggonane singa klinteran, papaning anak singa, kang ora kaganggu-gawe dening wong?

12Singa iku lumrahe ndedekep kanggo nyukupi pangane anak-anake, lan nekak memangsan kanggo sing wadon, sarta ngebaki guwane kalawan pangan lan pandhelikane kalawan dedekepane.

13Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah: “Lah! Ingsun bakal nglawan marang sira, nuli sakehe kretanira bakal Sunobong nganti dadi kukus, lan singanira nom bakal padha kamangsa ing pedhang nganti entek; sarta memangsanira bakal Sunsirnakake saka ing bumi, swarane para kongkonanira bakal ora keprungu maneh.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nahum 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel