Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 3 >> 

Samubarang kabeh iku ana wayahe

1Samubarang kabeh iku ana wayahe, apa bae ing sangisore langit iki ana wayahe.

2Ana wayahe lair, ana wayahe mati, ana wayahe nenandur, ana wayahe mbedholi kang ditandur.

3Ana wayahe mateni, ana wayahe marasake; ana wayahe mbubrah, ana wayahe mbangun.

4Ana wayahe nangis, ana wayahe ngguyu; ana wayahe sesambat, ana wayahe jejogedan.

5Ana wayahe mbuwang watu, ana wayahe nglumpukake watu; ana wayahe ngrangkul, ana wayahe cegah ngrangkul.

6Ana wayahe nggoleki, ana wayahe ngeklasake ilanging barang; ana wayahe nyimpen, ana wayahe mbuwang.

7Ana wayahe nyuwek, ana wayahe ndondomi; ana wayahe meneng, ana wayahe caturan.

8Ana wayahe nresnani, ana wayahe nyengiti; ana wayahe perang, ana wayahe rukun.

9Apa ta pituwase wong kang nindakake pagawean kang dilakoni kanthi kangelan?

10Aku wus ndeleng pagawean kang diparingake dening Gusti Allah marang para anaking manungsa, supaya padha gawea keseling awake.

11Samubarang kabeh katitahake endah ing wayah kang wus kapesthekake, malah atine padha kaparingan kalanggengan, nanging manungsa ora bisa nyumurupi pakaryaning Allah wiwit wiwitan nganti wekasan.

12Aku sumurup manawa tumraping para manungsa iku ora ana kang becike ngluwihi seneng-seneng lan ngematake kasenengan ana ing sajroning uripe.

13Dene saben wong bisa mangan, ngombe lan ngrasakake kasenengan ing sajroning kangelane kabeh, iku uga peparinge Gusti Allah.

14Aku sumurup manawa samubarang kabeh kang katindakake dening Gusti Allah iku bakal tetep anane ing salawas-lawase; iku ora bisa diwuwuhi utawa dikurangi; Gusti Allah tumindak mangkono, supaya manungsa wedia marang Panjenengane.

15Kang saiki ana, iku biyen wus ana, lan kang bakal ana iku wus lawas anane; sarta Gusti Allah ngupadosi apa kang wus kapungkur.

Ing sajroning urip tinemu bab-bab kang ora adil

16Sabanjure aku sumurup papan pangadilan ana ing sangisoring langit: ing kono tinemu bab-bab kang ora adil; sarta papan kaadilan, ing kono uga tinemu bab-bab kang ora adil.

17Aku mosik ing sajroning ati: “Gusti Allah bakal ngadili wong kang bener lan kang ora adil, awit tumrap sakehing pagawean, iku ana wayahe dhewe-dhewe.”

18Osikku ing sajroning ati mangkene: “Anadene para anaking manungsa, iku bakal kauji dening Gusti Allah lan bakal kaparingan sumurup, manawa dheweke kabeh iku lugune kewan.”

19Amarga pepesthen tumrap manungsa iku padha karo kang tumrap kewan, sakaro-karone padha tinemune; kang siji mati, sijine iya mangkono. Sakarone padha-padha ambekan, lan manungsa iku ora ngluwihi kewan, amarga samubarang kabeh iku tanpa paedah.

20Sakarone marani panggonan kang padha; sakarone dumadi saka lebu lan sakarone bali menyang ing lebu.

21Sapa kang sumurup, manawa ambekaning manungsa iku munggah mandhuwur, dene ambekaning kewan mudhun mangisor, menyang ing bumi.

22Aku sumurup manawa ora ana kang becike ngungkuli kasenengan sajroning pagaweane tumrap manungsa, amarga iku kabegjane. Awit sapa ta kang bakal nuduhake apa kang bakal kelakon sawuse dheweke?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Pengkhotbah 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
© 2010-2023
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel Dual Panel

Laporan Masalah/Saran