Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 6 >> 

1Ana kaanan kang kojur kang dakdeleng ana ing sangisoring langit, kang banget pameteke marang manungsa:

2wong kang kaganjar dening Gusti Allah kasugihan, raja-brana lan kamulyan, satemah ora kakurangan apa-apa tumrap kang dadi pepenginane, nanging wong iku ora diparengake dening Gusti Allah ngrasakake iku kabeh, nanging wong liya kang ngrasakake! Iki kaanan kang tanpa guna lan kasangsaran kang pait.

3Manawa ana wong kang anake satus lan suwe uripe nganti dawa banget umure, nanging ora marem marang kasenengan, malah banjur ora oleh panguburan, aku kandha: anak keluron iku luwih becik katimbang karo wong mau.

4Sabab anak keluron iku tekane tanpa guna lan ana ing pepeteng sarta jenenge katutupan ing pepeteng,

5tur ora ndeleng srengenge tuwin ora weruh apa-apa. Iku luwih tentrem tinimbang karo wong mau.

6Sanadyan uripe sewu taun ping pindho, manawa ora ngrasakake kasenengan, apa samubarang kabeh iku ora ngener marang panggonan siji?

7Sakehing kangelane manungsa iku kanggo cangkeme, nanging pepenginane ora ana uwis-uwise.

8Amarga apa ta kaluwihane wong wicaksana yen katimbang karo wong bodho? Apa ta kaluwihane wong miskin kang bisa srawungan karo pepadhane ngaurip?

9Luwih becik mung ndeleng bae katimbang karo ngumbar hawa-nepsu. Iku uga tanpa paedah lan ateges mburu angin.

10Apa bae kang ana, iku wus suwe anggone kapratelakake jenenge lan wus kasumurupan manungsa iku sapa, yaiku anggone ora bisa prakaran karo kang kasantosane ngungkuli dheweke.

11Amarga saya akeh tetembungane, iya saya akeh kang tanpa paedah. Apa gunane tumrap manungsa?

12Amarga sapa kang nyumurupi apa kang prayoga kanggo manungsa ing salawase uripe kang ora suwe, kang tanpa guna, kang dilakoni kayadene ayang-ayangan? Sapa kang bisa mratelakake marang manungsa, apa kang bakal kelakon ing sapungkure ana ing sangisoring langit?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Pengkhotbah 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel