Kabeh wong iku nasibe padha bae
1Kabeh iku lugune wus dakgilut-gilut ing sajroning atiku, wus daktitipriksa, yaiku manawa para wong mursid lan para wong wicaksana iku dalah sapanggawene, apa katresnan apa sesengitan, padha ana ing astaning Allah, manungsa ora sumurup samubarang kang bakal kelakon tumrap dheweke.
2Samubarang kabeh iku padha bae tumrap wong kabeh; nasibe wong iku padha: wong mursid apa wong duraka, wong becik apa wong ala, wong kang resik apa wong kang jember, wong kang caos kurban apa kang ora caos kurban. Wong becik padha kaya wong dosa, wong kang supata padha kaya wong kang wedi sumpah.
3Yaiku kang kebangeten tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit; kabeh wong nasibe padha. Atining para anaking manungsa iku iya kebak piala lan salawase urip atine kadunungan kaanan gemblung sarta wekasane padha marani panggonane wong mati.
4Nanging sapa kang kagolong wong urip, iku duwe pangarep-arep, awit asu kang urip iku luwih becik katimbang karo singa kang mati.
5Sabab wong-wong kang urip iku mangreti manawa bakal padha mati, nanging wong mati ora mangreti apa-apa, ora bakal tampa pituwas maneh, malah wong padha lali babar pisan marang dheweke.
6Katresnane utawa sengite lan kumerene wus ilang suwe tuwin ing salawase wus ora duwe bagean maneh tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit.
7Mara, panganen rotimu kalawan bungah, lan ombenen anggurmu kalawan senenging ati, amarga panggawemu wus lawas ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah.
8Sandhanganmu dimen lestari putih lan sirahmu aja nganti ora koklengani.
9Ngrasakna nikmating urip kalawan bojo kang koktresnani ing salawase uripmu kang tanpa guna iku, kang kaganjarake dening Gusti Allah marang kowe ana ing sangisoring langit, amarga yaiku pandumanmu ing sajroning urip lan sajroning pambudidaya kang koktindakake kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit.
10Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.
11Aku sumurup maneh ana ing sangisoring langit, yen ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, lan kaunggulaning perjuangan iku ora kanggo wong kang santosa, uga pangan iku ora kanggo wong kang wicaksana, kasugihan ora kanggo wong kang pinter, sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabeh padha mbarengi mangsa-kalane tuwin pancen nasibe mangkono.
12Awit manungsa ora sumurup marang wektune; kayadene iwak kang kena ing jala kang mbilaeni, lan kayadene manuk kang kena ing kala, iya mangkono iku para anaking manungsa anggone padha kena ing jireting mangsa-kala kang kojur, yaiku manawa padha tinempuh ing bab iku kalawan dadakan.
Kawicaksanan iku luwih becik tinimbang karo pangwasa
13Bab iki manut wawasanku iya kawicaksanan kang ana ing sangisoring langit lan iku tumraping aku katone gedhe:
14Ana sawijining kutha cilik, pendhudhuke mung sethithik; banjur ana raja agung kang nempuh lan ngepung sarta ngedegake tembok-tembok pangepungan.
15Ing kono ana wong mlarat kang wicaksana, kang ngluwari kutha iku kalawan kawicaksanane, ewadene ora ana owng kang eling marang wong mlarat mau.
16Mulane aku kandha: “Kawicaksanan iku luwih becik tinimbang karo kasantosan, ewadene kawicaksanane wong mlarat diremehake lan tembunge ora dirungokake dening wong.”
17Tembunge wong wicaksana kang dirungokake kanthi sareh, iku luwih becik tinimbang karo bengok-bengoke wong kang kwasa ana ing satengahe para wong gemblung.
18Kawicaksanan iku luwih becik tinimbang piranti perang, nanging wong siji kang kleru bisa gawe bubrahe prakara kang becik akeh.