Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 15 >> 

Pamujine para kang unggul

1Aku tumuli weruh pratandha liyane kang gedhe lan elok ana ing langit: ana malaekat pitu padha mbekta wewelak pitu kang wekasan, awit iku kang dadi pantoging bebenduning Allah.

2Karodene aku weruh rerupan kaya sagara kaca campur geni, sarta para wong kang wus unggul anggone perang karo si kewan lan recane, sarta cacahe petungane jenenge, padha ngadeg ana ing pinggiring sagara gedhah mau. Sarta iku padha nyekel clempunge Gusti Allah.

3Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!

4Dhuh Pangeran, sinten ingkang boten ajrih, saha boten ngluhuraken Asma Paduka? Awit namung Paduka piyambak ingkang suci; amargi sakathahipun bangsa sami badhe sowan sarta nyembah sujud dhateng Paduka, sabab sampun katingal leresing sadaya pangadilan Paduka.”

Malaekat pitu lan tuwung bebenduning Allah pitu

5Sawuse mangkono aku tumuli weruh wong ngengakake Padaleman Suci -- tarub paseksen -- ing swarga.

6Sarta malaekat pitu kang mbekta wewelak pitu mau, padha miyos saka ing padaleman Suci, ngagem lawon putih resik tuwin gumilap lan jajane apaningset mas.

7Makluk siji ing antarane makluk papat mau tumuli ngulungake bokor mas pitu marang malaekat pitu mau, kabeh kebak isi bebenduning Allah kang gesang langgeng ing salawas-lawase.

8Padaleman Suci mau tumuli kebak pega awit saka kaluhurane lan panguwaosing Allah, sarta ora ana wong siji-sijia kang bisa lumebu ing Padaleman Suci iku, sadurunge wewelak pitu kang kaasta dening malaekat pitu mau rampung.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Wahyu 15):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Wahyu 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel