Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 21 >> 

Langit anyar lan bumi anyar

1Aku tumuli weruh langit anyar lan bumi anyar, awit langit kang kapisan lan bumi kang kapisan wus sirna, lan sagara uga wus ora ana maneh.

2Lan aku weruh kutha suci, Yerusalem kang anyar, tumurun saka ing swarga, saka ing Allah, kang pinaesan kaya panganten wadon kang dinandanan lumadi marang priyane.

3Aku banjur krungu swara seru kang ngandika saka ing dhampar iku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe.

4Sarta Panjenengane bakal ngusapi sakehe luh saka ing mripate, lan bakal ora ana pati maneh; kasusahan lan pasambat apadene karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”

5Kang lenggah ing dhampar banjur ngandika: “Wruhanira, samubarang kabeh Sundadekake anyar!” Lan pangandikane: “Sira nulisa, awit pangandika iki patitis lan nyata.”

6Sarta aku dipangandikani maneh mangkene: “Samubarang kabeh wus kalakon. Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Kang Murwani lan Kang Mungkasi. Wong kang ngelak bakal Sunparingi ngombe kanthi lelahanan saka tuking banyu kauripan.

7Sing sapa unggul, bakal tampa iki kabeh, sarta Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal dadi PutraningSun.

8Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”

Yerusalem kang anyar

9Sawijining malaekat panunggalane malaekat pitu kang ngasta bokor pitu kebak isi wewelak pitu kang wekasan iku rawuh lan banjur ngandika: “Mrenea, kowe daktuduhi panganten putri, garwane Sang Cempe.”

10Tumuli sajrone kalimputan ing Roh iku, aku digawa menyang ing gunung kang gedhe lan dhuwur, banjur dituduhi kutha kang suci, yaiku Yerusalem kang tumurun saka ing swarga, saka Gusti Allah.

11Kutha iku kebak kamulyan lan cahyane Allah, kaya sesotya kang adi pinunjul, kaya sesotya yaspis, bening saemper kristal.

12Balu-wartine gedhe lan dhuwur, gapurane rolas; lan ing sadhuwure gapura-gapura mau ana malaekate rolas, sarta ana tulisane, yaiku jenenge taler Israel rolas.

13Ing sisih wetan ana gapurane telu, ing sisih lor telu, ing sisih kidul telu, ing sisih kulon telu.

14Sabanjure baluwartine kutha iku ana watune tetales rolas, ing dhuwur kacirenan jenenge para rasule Sang Cempe rolas.

15Anadene kang mangandikani aku iku ngasta lantaran ukuran mas, kagem ngukur kutha iku, dalah gapurane lan baluwartine.

16Wangune kutha mau pesagi, dawane padha karo ambane. Dene anggone ngukur nagara iku kalawan teken ukuran mau: tinemune ana rolas ewu stadi; dawane lan ambane tuwin dhuwure iku padha.

17Dene baluwartine diukur tinemu satus patang puluh papat asta, manut ukurane manungsa, kang iya dadi ukurane malaekat.

18Baluwartine iku kang kagawe sotya yaspis; lan kuthane dhewe iku mas tulen, kaya kaca murni.

19Tetalese baluwartining kutha padha rinengga ing sesotya adi mancawarna. Tetalese kang kapisan iku yaspis, kang kapindho nilam, kang katelu mirah, kang kapat jumerud,

20kang kalima sardonik, kang kanem sardis, kang kapitu retna cempaka, kang kawolu beril, kang kasanga krisolit, kang kasepuluh krisopas, kang kasewelas lazuardi, lan kang karolas kecubung.

21Gapurane rolas iku arupa mutyara rolas; siji-sijining gapura wujud mutyara siji, lan dalan-dalane nagara iku mas murni, kaya kaca kang bening.

22Lan ana ing kono iku aku ora weruh Padaleman Suci; amarga Pangeran Allah, Gusti kang Mahakuwaos iku Padaleman Suci, mangkono uga Sang Cempe.

23Sarta maneh kutha iku ora mbutuhake padhanging srengenge lan rembulan, amarga cahya kamulyane Gusti Allah kang madhangi lan Sang Cempe kang dadi damare.

24Para bangsa bakal padha lumaku ana ing pepadhange sarta para ratu ing bumi padha ngasta kaluhurane mrono;

25gapurane ora bakal kainebake ing wayah awan, awit ing kono bakal ora ana bengi maneh.

26Karodene raja-penine lan kaluhurane para bangsa bakal kagawa lumebu mrono.

27Nanging sabarang kang najis ora bakal bisa mlebu mrono, uga wong kang nglakoni kanisthan, tuwin para cidra; nanging mung wong-wong kang jenenge padha katulisan ing kitab kauripan kagungane Sang Cempe.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Wahyu 21):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Wahyu 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel