Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 25 >> 

PAMECA-PAMECA KANG NGLAWAN PARA BANGSA; Pameca nglawan bani Amon

1Aku kaparingan pangandika dening Sang Yehuwah mangkene:

2“He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang bani Amon lan medhara wangsit nglawan bangsa iku!

3Kandhaa marang bani Amon: Rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sarehne sira ngucap kalawan sora: Sokur! Tumrap papan pasuceningSun, nalika kasucene dilanggar, lan tumrap tanah Israel, nalika kadadekake sepi mamring, sarta tumrap turune Yehuda, nalika kudu lunga menyang ing pambuwangan,

4mulane lah Ingsun masrahake sira marang wong saka ing sisih wetan supaya dadi darbeke; iku bakal padha ngedegake tarube ana ing panggonanira lan mbangun papan padunungane; bakal mangan wowohanira tuwin ngombe susuning raja-kayanira.

5Raba bakal Sundadekake pangonan unta sarta kutha-kuthane bani Amon Sundadekake plegunganing wedhus, tuwin sira bakal sumurup yen Ingsun iki Yehuwah.

6Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira keplok-keplok lan gedrug-gedrug sarta bungah ing sajroning atimu awit saka sangsaraning tanah Israel,

7marga saka iku, lah Ingsun bakal ngagakake astaningSun nglawan sira lan sira bakal Sunpasrahake dadi jarahan marang suku-suku bangsa tuwin Sunsirnakake saka ing satengahing para bangsa sarta Sunbengkas saka ing antarane nagara-nagara; sira bakal Sunmusnakake. Ing kono sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”

Pameca nglawan Moab

8Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne Moab celathu: Lah turune Yehuda iku padha karo sakehing bangsa liya,

9awit saka iku, lah tanahe pagunungan Moab bakal Sunblakake temah kutha-kuthane bakal ambruk, iya kutha-kuthane, ora ana kang ora, yaiku kang dadi rerengganing nagara iku: Bet-Yesimot, Baal-Meon lan Kiryataim.

10Iku bakal Sunpasrahake marang wong saka sisih wetan dadi duweke bebarengan karo bani Amon, supaya bani Amon ora dieling-eling maneh ana ing antarane para bangsa.

11Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Moab, temah bakal padha sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”

Pameca nglawan wong Edom

12Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ing sarehne Edom wus nandukake pamales ala marang turune Yehuda lan tumindak luput kang banget yaiku anggone nandukake pamales marang turune Yehuda iku.

13Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngagagake astaningSun nglawan Edom, manungsane lan kewane bakal Sunsirnakake saka ing kono sarta Edom bakal Sundadekake reruntuhan; wiwit saka ing Teman nganti tekan ing Dedan wonge bakal padha mati dening pedhang.

14Ingsun bakal nandukake pamalesingSun marang Edom kalawan ngagem tanganing umatingSun Israel. Iku bakal nandukake marang Edom, salaras karo dedukaningSun lan bebenduningSun, tuwin Edom bakal ngrasakake pamalesingSun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

Pameca nglawan wong Filisti

15Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne wong Filisti wus nandukake pamales ala lan bungah marga saka sangsarane Israel, tuwin nandukake pamales kalawan patrap memateni marga saka ananing rasa memungsuhan turun-tumurun,

16mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal ngagagake astaningSun nglawan wong Filisti lan bakal nyirnakake wong Kreta sarta mbengkas bangsa liya-liyane kang ana ing pinggiring sagara.

17Ingsun bakal nandukake pamales kang nggegirisi marang bangsa-bangsa iku sarta Sundhawahi paukuman marga saka dukaningSun, satemah bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, ing nalikane Ingsun nandukake pamalesingSun marang wong-wong mau.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel