Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 27 >> 

Kidung pangadhuh tumrap Tirus

1Ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2“He, sira anake manungsa, ngucapna pangadhuh tumrap Tirus,

3lan kandhaa marang Tirus, kang dumunung ing dalan kang anjog ing samodra lan kang laku dagang karo para bangsa ing dhaerah-dhaerah pesisir kang akeh: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: He Tirus, sira celathu: aku iki kapal kang endahing endah.

4Wilayahira ing tengah samodra; ahli bangunanira gawe kaendahanira kanthi sampurna.

5Badanira sakojur kang digawe kayu beros ing Senir, ahli-ahli mau njupuk kayu eres ing gunung Libanon kagawe cagaking layarira.

6Wit gedhe saka ing Basan kanggo gawe dhayungira; gladhagira kang digawe gadhing winengku ing kayu cemara saka ing pesisir Kitim.

7Layarira kang digawe lena alus kang manca warna saka ing tanah Mesir; iku dadi tetengerira. Dene tendhanira kang digawe kain wungu tuwa lan kain wungu enom saka ing pesisir Elisa.

8Wong Sidon lan wong Arwad kang dadi pandhayungira; tukang-tukangira, he Tirus, padha dumunung ana ing sira, iku padha dadi matrusira.

9Para pinituwa lan ahli-ahli ing Gebal padha dumunung ana ing sira arep ndandani karusakanira. kabeh kapal laut dalah para punggawane padha labuh ana ing sira arep ngijolake barang dedagangane.

10Wong Parsi, Lud lan Put, kang padha dadi prajuritira ana ing antarane wadya-balanira. Tameng lan topong dicanthelake ana ing sira; iku kabeh muwuhi kamulyanira.

11Wong Arwad dalah wadya-balane padha menek ing tembok-tembokira mubeng lan wong Gamad padha menek ing panggung-panggungira; padha nyanthelake tameng-tamenge ana ing tembok-tembokira mubeng, iku padha njalari sampurnaning kaendahanira.

12Tarsis dedagangan kalawan sira awit saka akehe lan warna-warnaning barang dagangan; padha ngijolake salaka, wesi, timah putih lan timah ireng karo barang-barangira.

13Yawan, Tubal lan Mesekh padha dedagangan kalawan sira; iku padha ngijolake batur tukon, barang saka tembaga karo barang daganganira.

14Wong-wong ing Bet-Togarma ngijolake jaran kreta, jaran tunggangan sarta bihal karo barang-barangira.

15Wong Rodhus dedagangan karo sira; dhaerah pesisir akeh kang dadi dhaerah pasaranira; iku padha nggawa gadhing lan kayu ireng minangka urup-urupan.

16Edom dedagangan karo sira, marga saka akehe pametunira; iku padha ngijolake sesotya mirah, kain wungu enom, sandhangan manca warna, kain lena alus, mutiara lan sesotya dlima, diijolake karo barang-barangira.

17Yuda lan tanah Israel dedagangan karo sira; iku padha ngijolake gandum saka Minit, blendok mur, madu, lenga lan balsem dilirokake karo barang daganganira.

18Damsyik dedagangan karo sira marga saka akehe pametunira, marga saka akehe barangira kang warna-warna. Anggur saka Khelbon, wulu wedhus saka Sakhar,

19lan anggur diijolake barang-barangira; wesi kang wus digembleng saka ing Uzal, kayu teja lan tebu tinemu ana ing antarane barang daganganira.

20Dedan dedagangan kalawan sira ing bab lulang kanggo lapak jaran.

21Arab lan kabeh panggedhening Kedar dedagangan kalawan sira ing bab cempe, wedhus gembel lanang lan wedhus jawa lanang; yaiku kang kanggo dedagangan kalawan sira.

22Para sudagar ing Syeba lan ing Raema padha dedagangan kalawan sira; iku padha ngijolake sakehe bumbu-bumbu kang apik dhewe, sakehe sesotya kang larang-larang lan emas, dilirokake karo barang-barangira.

23Haran, Kane, Eden, Asyur lan Kilmad dedagangan karo sira.

24Iku padha dedagangan ana ing pasar-pasarira ing bab jubah kang luwih dening endah, kain wungu tuwa, sandhangan kang manca warna, babut kang manca warna lan tali plintiran kang kuwat.

25Kapal-kapal Tarsis padha nggawa barang dagangan iki kanggo sira. Sira kebak momotan kang abot ana ing tengah samodra.

26Sira kagawa dening para pendhayungira menyang ing samodra kang ngilak-ilak. Nanging ana ing tengah samodra iku sira tinempuh ing prahara saka wetan.

27Raja-darbekira, barangira, daganganira, punggawaning kapalira lan matrusira para tukangira lan para langgananira dalasan kabeh prajuritira kang ana ing sira, malah kabeh kang padha nunggang, padha kleleb ana ing samodra ing nalika sira ambles.

28Krungu panjeriting para matrusira iku tanah dharatan gumeter.

29Wong kabeh padha ninggal kapal-kapale, kabeh kang padha ngolahake dhayung. Kabeh punggawa kapal lan para matrus padha lumayu menyang ing dharatan.

30Pangadhuh seru, panjerit ngaru-ara keprungu ing sira; padha nguwur-uwuri awu sirahe, padha gulung ana ing lebu.

31Padha gundhul, marga saka sira lan padha nganggo bagor; padha nangis, atine ora karu-karuwan marga saka sira pangadhuh kang banget.

32Sajrone ngadhuh-adhuh marga saka sira padha nangis asesambat: Sapa kang kaya Tirus kang wus kasirnakake ana ing tengahing samodra iku.

33Satekane barangira saka ing sagara sira gawe wareging bangsa akeh, kalawan raja-darbekira lan daganganira kang akeh, sira nyugihake para raja ing donya.

34Saiki sira dirusak lan disirnakake saka ing sagara lan ambles marang ing dhasaring samodra; daganganira lan kabeh wongira kang padha nunggang ambles bareng kalawan sira.

35Wong pesisir kaget kabeh nyumurupi sira; para rajane padha gumeter, raine nyureng.

36Bangsa-bangsa kang padha dedagangan, ngeses-ngeses ing bab sira, wekasaning uripira nggegirisi lan sira sirna ing salawas-lawase.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel