Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 47 >> 

Kali kang mili saka ing Padaleman Suci

1Aku banjur kabekta bali menyang ing lawanging Padaleman Suci, lah ing kono ana banyu kang mili metu saka ing sangisoring tlundhaging lawange Padaleman Suci iku, lan iline mangetan, amarga Padaleman Suci iku uga marep mangetan; anadene iline banyu mau saka ing sangisore perangane Padaleman Suci ing sisih tengen, ing sakidule misbyah.

2Aku nuli kairid metu ngliwati gapura lor lan aku kabekta mubeng-mubeng saka ing njaba menyang ing gapura njaba kang marep mangetan, lan banyune iku metu saka ing sisih kidul.

3Priya mau tumuli tindak mangetan kalawan ngasta tali ukuran; panjenengane ngukur sewu asta lan banjur dhawuh marang aku supaya nyemplung ing banyu kono, jerone banyu sapolok.

4Panjenengane ngukur sewu asta maneh lan dhawuh marang aku supaya nyemplung maneh, saiki jerone wis sadhengkul; panjenengane tumuli ngukur sewu asta maneh lan dhawuh marang aku supaya nyemplung maneh, saiki jerone wis sabangkekan.

5Panjenengane ngukur sapisan maneh sewu asta, saiki banyu iku wus dadi kali, aku ora bisa mlaku maneh ana ing kono, sabab banyune wus saya dhuwur, satemah wong bisa nglangi. Kali kang wus ora kena disabrangi maneh.

6Aku banjur dipangandikani: “He, anaking manungsa, apa iku wus kokdeleng?” Aku nuli kabekta bali metu ing urut pinggiring kali.

7Sajrone lumaku bali iku, lah ing pinggire kali kiwa tengen ana wit-witane akeh.

8Panjenengane ngandika marang aku: “Kali iki mili menyang ing wilayah wetan, lan mudhun menyang Araba-Yarden, lan mutah ing Sagara Asin; banyune kang asin banget iku banjur dadi tawa,

9satemah menyang ngendi bae iline kali iku, sakehing makhluk kang urip kang kumroyok ana ing kono bakal urip. Iwake bakal dadi akeh, amarga menyang ngendi bae parane banyu iku, ing kono banyune sagara banjur dadi tawa, lan menyang ngendi bae iline kali iku, samubarang kabeh kang ana ing kono bakal urip.

10Mulane ing saurut pinggiring kali mau wiwit ing En-Gedi nganti tekan ing En-Eglaim kebak wong kang padha golek iwak; dhaerah kono banjur dadi papan ngepe jala, sarta ing kali kono ana iwake warna-warna, kaya iwak-iwak ing sagara gedhe, akeh banget.

11Nanging embel-embel lan rawa-rawane ora dadi tawa, iku dadi panggonan njupuk uyah.

12Ing pinggire kali kiwa tengen ana wite wowohan warna-warna, kang godhonge ora alum lan wohe ora entek-entek; saben sasi awoh maneh, sabab wit-wit iku oleh banyu saka papan kang suci iku. Wohe bakal dadi pangan, dene godhonge kanggo tamba.”

Wates-watese tanah Israel

13Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iki wates-watese tanah kang kudu sira bage-bage dadi tanah-pusakanira ing antarane suku Israel rolas, Yusuf tampa rong bagean.

14Tanah iku kudu sira bage rata, yaiku tanah kang kalawan supaos Sunjanjekake Sunparingake marang leluhurira, mulane tanah iku dadi tanah-pusakanira.

15Iki watese tanah iku: ing sisih lor: saka sagara gedhe terus, ngliwati Hetlon tekan ing dalan kang mlebu ing Hamat banjur terus, ngliwati Zedad,

16Berota, Sibraim, kang dumunung ing antarane kuta Damsyik lan wilayahe kutha Hamat, terus tekan ing Hazar-Enon kang dumunung ing wilayahe kutha Hauran.

17Dadi tapel-watese iku wiwit ing sagara nganti tekan ing Hazar-Enon, temah wilayahe kutha Damsyik iku uga wilayahe kutha Hamat dumunung ing salore. Iku ing sisih lor.

18Ing sisih wetan: wiwit saka ing Hazar-Enon kang dumunung ing antarane Hauran lan Damsyik, bengawan Yarden dadi tapel-wates ing antarane Gilead lan tanah Israel, terus ngener ing Sagara Wetan nganti tekan ing Tamar. Iku ing sisih wetan.

19Ing sisih kidul: tapel-watese wiwit saka ing Tamar terus, ngliwati sumber Meriba ing sacedhake Kadhesy, terus nganti tekan kali Mesir, banjur terus nganti tekan ing sagara gedhe. Yaiku tapel-watese ing sisih kidul, adu wates karo Negeb.

20Ing sisih kulon: Sagara gedhe dadi tapel wates nganti tekan ing panggonan lumebune dalan menyang ing Hamat. Iku ing sisih kulon.”

Pambageane tanah Israel

21“Tanah iki kang kudu sira bage ing antaranira kabeh manut suku-sukune Israel.

22Iku kudu sira bage dadi tanah-pusaka ana ing antaranira kabeh lan ana ing antarane para wong manca kang padha manggon ana ing tengahira, kang padha anak-anak ing satengahira, sarta iku kudu sira rengkuh padha kayadene wong Israel asli; iku iya kudu oleh bagean tanah pusaka ana ing satengahe suku-suku Israel.

23Dadi manawa ing satengahe sawijining suku ana wonge manca, iku kudu sira wenehi tanah-pusaka. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 47 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel