Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 21 >> 

Wangsit tumrap Babil

1Wangsit tumrap “pasamunan ing pinggir sagara”. Kayadene lesus anggone gumrubug ngliwati Tanah Negeb, kaya mangkono tekane saka ing ara-ara samun, saka ing nagara kang nggegirisi.

2Ana wahyu kang bengis kang wus kawangsitake marang aku: “Si penggarong nggarong, si pengrusak, ngrusak! Majua, he Elam, kepungen, he Madai! Sakehing pangesah kang kalirake wus Sunsirep.”

3Mulane lambungku lara banget, aku lara mules kaya mulesing wong wadon kang manak; aku mringkus-mringkus, ora krungu maneh, aku kaget, ora ndeleng maneh.

4Atiku ngolang-ngaling, aku kalimputan ing rasa trataban, wayah bengi kang tansah dakangen-angen iku saiki gawe geterku.

5Wong padha ribut nata pasugatan, nata palenggahan, dhaharan, pangunjukan ... Dumadakan keprungu: “He para panggedhe! Samektaa ing perang, lenganana tamenge!”

6Amarga mangkene pangandikane Pangeran marang aku: “Sira lungaa, masanga wong jaga, apa kang kadeleng kudu dikandhakake.

7Samangsa sumurup prajurit jaranan sagelengan, ngloro-ngloro, wadya-bala nunggang kuldi, wadya-bala nunggang unta, iku kudu diwaspadakake temenan, kalawan nastiti banget.”

8Wasana kang ndeleng iku nguwuh-uwuh: “Wonten ing panggung panjagen, dhuh bendara kula, kula tansah ngadeg sadinten muput, tuwin wonten ing papan panjagen kula kapanjer ing saben dalu.”

9Lah punika sampun wonten prajurit sagelengan ingkang dhateng, wadya-bala kapalan! Wong mau banjur nguwuh-uwuh maneh: “Sampun rebah, Babil sampun rebah, tuwin sakathahing recanipun brahala sampun karemukaken saha pating slebar wonten ing siti.”

10He bangsaku kang wus kaidak-idak lan kainjek-injek apa kang dakrungu saka Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah, Gusti Allahe Israel, wus daksumurupake marang kowe.

Wngsit tumrap Duma

11Wangsit tumrap Duma. Ana wong kang nguwuh-uwuh marang aku saka ing Seir: “He wong jaga, apa wengine isih suwe? He wong jaga, apa wengine isih suwe?”

12Wong jaga iku mangsuli: “Bakal esuk, nanging uga bakal bengi. Manawa kowe padha arep takon, tekaa lan padha takona maneh sapisan engkas!”

Wangsit tumrap tanah Arab

13Wangsit tumrap tanah Arab. Kowe bakal padha nginep ana ing alas ing tanah Arab, he kapilah-kapilahe wong Dedan!

14He wong kang manggon ing tanah Tema, padha metua, wong kang ngelak wenehana banyu, wong kang keplayu pethuken kalawan roti.

15Amarga wong iku padha lumayu nyingkiri pedhang, pedhang kang kaunus, gendhewa kang kapenthang, lan peperangan kang nggegirisi.

16Awit mangkene pangandikane Pangeran marang aku: “Sanjrone sataun maneh, manut wektu panyambut-gawene prajurit opahan, sakehing kamulyane Kedar bakal sirna.

17Lan prajurite panahan bangsa Kedar kang gagah prakosa bakal mung kari sathithik cacahe, sabab Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel wus ngandika mangkono.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel