Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 1 >> 

BAB 1-39: PERANGAN KAPISAN; BAB 1-12 PAMEDHAR WANGSIT; BAB YEHUDA LAN YERUSALEM; Wosing isine

1Wahyu kang tiningalan dening Nabi Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem nalika jamane Sang Prabu Uzia, Yotam, Akhas lan Sang Prabu Hizkia, para ratu ing Yehuda.

Pangresula bab bangsa kang ora setya iku

2Rungokna, he langit, lan gatekna, he bumi, sabab Pangeran Yehuwah ngandika: “Ingsun wus ngagengake putra-putra lan iku wus Sungulawenthah nanging padha mbalela marang Ingsun.

3Sapi wanuh marang kang duwe nanging Israel ora; kuldi sumurup marang pamakanan kang kasedhiyakake dening bendarane, nanging umatingSun ora mangreti.”

4Bilai bangsa kang dosa, golongan kang kabotan duraka turune wong ala, bocah-bocah kang tumindak ora becik! Iku padha ninggal Sang Yehuwah, padha ngala-ala marang kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, tuwin ngungkurake Panjenengane.

5Kowe kepengin digitiki maneh ing ngendi, kowe kang padha mbangetake pamurtadmu? Sirahe wus lara kabeh, lan atine wus lungkrah lesu kabeh.

6Wiwit ing tlapakan tumeka ing sirah ora ana kang waras, abuh lan babak-belur sarta tatu anyar, ora diplothoti lan ora diblebedi, tuwin ora dilengani.

7Nagaramu dani sepi mamring, kutha-kuthamu padha kobong nganti entek; pametuning bumimu diapngan ing bangsa liya ana ing ngarepmu. Sepi mamring nagara iku kayadene dibosah-basihake dening bangsa liya.

8Putri ing Sion kari ijen, kayadene gubug ing pakebonan anggur kaya cakruk ing kebon timun lan kaya kutha kang kinepung.

9Saupama Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah ora ngarekake sathithik kanggo kita wong kang padha oncat, kita wus padha kaya Sodom lan padha kaya Gomora.

Mratobat iku luwih becik katimbang karo caos kurban

10Rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he para panggedhene Sodom! Gatekna piwulange Allah kita, he rakyat Gomora!

11“Kanggo apa kurbanira kang akeh iku?” mangkono pangandikane Sang Yehuwah, “Ingsun wus jeleh marng kurban obaran kang awujud wedhus gembel lanang lan marang gajihe pedhet lemon; getihe sapi lanang lan wedhus gembel sarta wedhus lanang ora Sunrenani.

12Manawa sira padha sowan marang ing ngarsaningSun sapa kang ngudokake sira mangkono, dene sira padha ngidak-idak platarane Padaleman SuciningSun?

13Sira aja padha nyaosake maneh pisungsungira kang lamis amarga gandane gawe enegingSun. Manawa sira padha mahargya tanggal sapisan lan sabat utawa nganakake kumpulan-kumpulan, Ingsun ora tahan mirsani, awit pahargyanira iku kebak piala.

14Pahargyan-pahargyanira sasi anyar lan kumpulan-kumpulanira kang ajeg iku Ingsun sengit mirsani; kabeh iku dadi momotan tumrap Ingsun, Ingsun wus sayah anggoningSun ngrembat.

15Manawa sira padha ngegarake tanganira prelu ndedonga, Ingsun bakal nasabi paningalingSun, malah sanadyan sira ndedonga mawali-wali Ingsun ora bakal midhangetake awit tanganira kebak getih.

16Padha wisuha, resikana awakira, edohna panggawenira kang ala saka ing ngarsane paningalingSun. Marenana anggonira gawe piala,

17padha sinaua gawe becik ngudia marang kaadilan, ngendhalenana wong kang ambek siya; mbelanana hake para bocah lola, ngembanana prakarane para randha!

18Ayo, kita padha prakaran! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- Sanadyan dosanira abang kaya gluga, bakal dadi putih kaya salju; sanadyan rupane abang kaya jarit sumba bakal padha dadi putih kaya wulu wedhus gembel.

19Manawa sira padha mbangun miturut lan gelem ngrungokake, sira bakal padha mangan wuluwetuning nagara iku kang becik.

20Nanging manawa sira padha nglawan lan mbalela sira bakal padha kamangsa ing pedhang.” Sanyata iki pangandikane Sang Yehuwah.

Paukuman tumrap Yerusalem

21Kapriye iki, dene kutha kang biyen setya saiki dadi wanita tunasusila! Maune kebak kaadilan lan tansah kanggonan kabeneran, nanging saiki kebak wong gawe pepati.

22Salakamu wus ora tulen maneh, lan anggurmu wus kecampuran banyu.

23Para panggedhemu iku padha wong mbalela, lan padha sekuthon karo maling. Kabeh padha seneng tampa besel lan mburu sogok. Ora padha mbelani hake para bocah lola lan prakarane para randha ora lumadi marang wong-wong mau.

24Mulane mangkene pangandikane Pangeran, Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, kang Maha-santosa, Pangayomaning Israel: “Lah Ingsun bakal nandukake pamalesingSun marang para wong kang nglawan marang Ingsun lan nandukake piwales marang para mungsuhingSun.

25AstaningSun bakal nglawan marang sira Ingsun bakal damel tulening salakanira kalawan landha, sarta bakal nyingkirake sakehing timah saka ing sira.

26Ingsun bakal mangsulake para hakimira kaya biyen lan para penasehatira kaya ing sakawit. Sawuse mangkono sira bakal kasebut kutha kaadilan, kutha kang setya.”

27Sira bakal Sunluwari kalawan pangadilan lan para wonge kang mratobat bakal Sunluwari kalawan patrap kang bener.

28Nanging para wong kang mbalela lan para wong kang nglakoni dosa bakal kasirnakake bebarengan sarta para wong kang ninggal Sang Yehuwah bakal padha katumpes.

29Sanyata, sira bakal padha kawirangan marga saka wit-wit elah kang padha sira dhemeni, tuwin sira bakal padha kawirangan marga saka taman-tamaning dewa kang padha sira pilih.

30Amarga sira bakal padha kaya wit elah kang alum godhonge, lan kaya pakebonan kang kekurangan banyu.

31Wong kang rosa banjur dadi kaya kapas lan panggawene dadi kaya geni sapelik; karo-karone bakal padha kobong bareng sarta ora ana wong kang bisa nyirep.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel