Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 22 >> 

Sembranane wong kang manggon ing Yerusalem

1Wangsit tumrap “lebaking wahyu”. Ana apa ta, dene sakehe wongmu padha munggah ing payon-payoning omah,

2he kutha kang surak-surak rame lan gembira gumuruh, he nagara kang bungah-bungah? Wongmu kang padha mati iku ora marga mati dening pedhang, lan ora gugur ana ing peperangan.

3Panggedhemu padha lumayu kabeh, padha katawan ora sarana kapanah; wong-wong kang prakosa padha katawan, sanadyan wus padha lumayu adoh banget.

4Mulane aku celathu: “Aku aja koktolih, etogna bae anggonku nangis kepati; aja meksa aku supaya kau kelipur ing bab patine putrining bangsaku.”

5Sabab Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah wus netepake dinane: Panjenengane bakal nggegerake, ngidak-idak lan ngisruhake wong, tembok ing “lebaking wahyu” bakal kajugrugake sarta panjerit njaluk tulung ngumandhang tekan ing pucaking gunung!

6Elam wus nggendhong endhonge, Aram teka nggawa wadya-bala kretan lan jaranan, lan Kir nguculi bunteling tameng.

7Lebak-lebakmu kang endah dhewe bakal kebak kreta, lan wadya-bala jaranan baris ana ing ngarepe gapura,

8sarta Yehuda kelangan pangayoman. Ing wektu iku kowe ngawasake marang praboting perang ing “Gedhong Alas”;

9kowe padha sumurup, manawa temboke kuthane Sang Prabu Dawud wus bengkah-bengkah akeh sarta kowe padha nadhahi banyu ing blumbang ngisor;

10kowe padha ngetung omah-omah ing Yerusalem, lan omah-omah banjur padha kokbubrahi kanggo nyantosakake tembok;

11kowe gawe papan tandhon banyu ana ing antarane tembok loro mau kanggo ngwadhahi banyu ing blumbang kang lawas; nanging kowe ora padha tumenga marang Panjenengane kang yasa iku, lan ora ndeleng marang Panjenengane kang wus mangun iku wiwit biyen mula.

12Ing nalika iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah dhawuh marang wong supaya nangis lan sesambat kalawan gundhul lan manganggo bagor;

13nanging lah, ing satengahe tinemu kabungahan lan suka-suka, njagal sapi lan nyembeleh wedhus, mangan iwak lan ngombe anggur, kalawan nguwuh: “Ayo padha mangan lan ngombe, awit sesuk kita padha mati!”

14Nanging Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah banjur paring wangsit marang aku lan ngandika mangkene: “Kaluputanira iki sanyata ora bakal kaapura, nganti sira padha mati,” mangkono pangandikane Pangeran, Gustining sarwa tumitah.

Bab Sebna lan Elyakim

15Mangkene pangandikaning Pangeran, Gustining sarwa tumitah: “Ayo sira nemonana panggedhene kraton iki, Sebna kang ngurus kraton lan pratelaa:

16Sira duwe kapreluan apa, lan duwe gegayutan karo sapa ana ing kene, dene sira kok ndhudhuk kuburan kanggo kowe ana ing kene, he kang ndhudhuk kuburane ing panggonan kang dhuwur, kang natah panggonane ing gunung parang?

17Lah Pangeran Yehuwah bakal nguncalake sira nganti adoh banget, he manungsa! Sira bakal kacepeng kalawan kenceng,

18lan bakal kagulung kenceng dadi gulungan sarta kaglundhungake kaya bal, menyang ing tanah kang amba; ana ing kono sira bakal mati, lan ana ing kono dununge kreta-kreta kamulyanira, he sira kang gawe wiranging brayate gustinira!

19Ingsun bakal njongkengake sira saka ing kalungguhanira, lan sira bakal kalungsur saka ing pangkatira.

20Ing nalika iku Ingsun bakal nimbali abdiningSun, Elyakim anake Hilkia:

21Iku bakal Sunenggoni jubahira lan sabukira bakal Sunubetake ing lambunge, tuwin pangwasanira bakal Sunparingake marang ing tangane; dheweke banjur bakal dadi bapa tumrap wong ing Yerusalem lan tumrap turune Yehuda.

22Soroge kadhatone Dawud bakal Sunampilake ing pundhake; manawa wong iku ngengakake, ora ana kang bisa nginebake; manawa nginebake, ora ana kang bisa ngengakake.

23Ingsun bakal maringi kalungguhan kang santosa marang dheweke, kayadene canthelan kang kapasang kukuh ana ing tembok; mulane banjur dadi palungguhan kang mulya tumrap kulawargane.

24Sabanjure bakal mikul sakehe tanggung jawab tumrap kulawargane, semen lan trubusan dalasan sakehe piranti kang cilik, wiwit saka bokor nganti grabah pisan.

25Ing nalika iku, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah, canthelan kang kapasang kukuh ana ing panggonan kang kukuh iku bakal ora kukuh maneh, satemah banjur tugel lan tiba, lan sakehe tanggungane iku bakal lebur, amarga Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel