Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 23 >> 

Wangsit tumrap Tirus lan Sidon

1Wangsit tumrap Tirus. Ngadhuh-adhuha, he kapal Tarsis, sabab Tirus wus rusak, omahmu utawa pelabuhanmu wus ora ana! Nalika isih padha ana ing nagarane wong Kitim bab iku wus disumurupake.

2Padha dheleg-dhelega, he kang padha manggon ing pasisir, he sudagar Sidon, kongkonamu padha nyabrang ing sagara, lan lelayar ing samodra gedhe;

3barang-barang kang dilebokake marang Sidon yaiku gandum saka ing Sihor, lan pametune wilayah Nil, satemah kutha iku dadi pasar kanggo para bangsa.

4Nandhanga wirang, he Sidon, sabab sagara, betenge sagara, celathu mangkene: “Aku ora tau uwat lan ora tau manak, aku ora tau nggulawenthah jejaka lan ora tau ngopeni prawan-prawan.”

5Samangsa kabar bab Tirus iku tekan ing Mesir, wong-wong bakal padha gumeter krungu bab iku.

6Padha ngungsia menyang ing Tarsis, padha sesambata, he kang padha manggon ing tanah pasisir!

7Iki apa kuthamu kang sumyak-sumyak, kang asale saka ing jaman kuna? Wonge wus padha lunga menyang ing panggonan kang adoh lan dadi wong neneka ana ing kana.

8Sapa kang mutus mangkene iki tumrap Tirus, kutha kang tau ngganjar makutha, kang sudagar-sudagare para panggedhe lan wong-wonge kang dagang para wong mulya ing bumi?

9Pangeran Yehuwah Gustining para tumitah kang wus damel putusan mangkono kanggo nyirnakake piangkuh, kanggo ngesorake sakehe kang endah lan sakehe wong mulya ing bumi.

10Garapen pategalanmu kaya kang ana ing pinggiring bengawan Nil, he putri Tarsis, panggonan-panggonan kanggo ndandani kapal wus ora ana!

11Pangeran Yehuwah wus ngayatake astane marang ing sagara lan damel karajan-karajan padha gumeter; Panjenengane wus dhawuh supaya bettenge Kanaan padha kasirnakake.

12Sarta wus ngandika: “Sira ora bakal bungah-bungah maneh, he prawan kang wus karusak, he putri Sidon! Ngadega, ngungsia marang wong Kitim! Ana ing kono uga bakal ora ana panggonan kang nyenengake tumrap sira.”

13Delengen nagarane wong Kasdim! Iya bangsa iku kang nindakake mangkono, dudu wong Asyur. Iku kang padha ngulungake Tirus marang kewan-kewan ing ara-ara samun; iku wus padha ngedegake menara-menara pangepungan lan wus nggempur puri-purining kutha iku sarta ndadekake gempuran kutha iku.

14Sesambata, he kapal-kapal Tarsis, sabab betengmu wus karusak.

15Ing nalika iku Tirus bakal ora dielingi pitung puluh taun lawase, padha karo yuswaning ratu. Sawuse pitung puluh taun, Tirus bakal ngalami apa kang tumanduk marang wanita tunasusila kang kamot ing kekidungan iki:

16“Nggawaa clempung, ngubengana kutha, he wanita tunasusila kang wus ora kaelingan! Unekna kang apik, sesindhena kang warna-warna, supaya kowe dielingi ing wong.”

17Lan sawuse kliwat pitung puluh taun, Sang Yehuwah bakal nggalih marang Tirus, satemah banjur tampa opahing kanisthane maneh, lan banjur bakal tumindak nistha maneh karo sakehing karajan ing salumahing bumi.

18Babathene lan opahing kanisthane bakal suci kagem Sang Yehuwah, ora bakal diendheg utawa disimpen, nanging bebathene iku bakal kanggo nganakake pangan kang cukup lan sandhangan kang endah kanggo para wong kang padha manggon ing ngarsaning Yehuwah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel