Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 33 >> 

Pangeran Yehuwah iku kang mitulungi Sion lan kang jumeneng dadi ratune

1Bilai kowe, he tukang ngrusak kang ora karusak dhewe, lan kowe, he tukang nggarong kang ora digarong dhewe! Samangsa wus rampung anggonmu ngrerusak, kowe dhewe bakal karusak; samangsa wus rampung anggonmu nggarong, kowe dhewe bakal digarong.

2Dhuh Yehuwah, kawula mugi sami paduka welasi, Paduka ingkang sami kawula antos-antos! Paduka mugi karsaa ngayomi kawula sadaya ing saben enjing kalayan asta Paduka, malah kawula mugi sami kaparingan wilujeng ing salebetipun nandhang karupekan!

3Rikala mireng gumuruhing swara nalika Paduka jumeneng, para bangsa sami lumajeng tuwin para suku bangsa sami buyar.

4Wong banjur padha nglumpukake jarahan kayadene walang kang srakah kang mangan pakane; padha ngebyuk kaya panempuhing walang gegrombolan.

5Pangeran Yehuwah iku dhuwur aluhur, awit akadhaton ing ngaluhur; Sion kagawe kebak kaadilan lan kabeneran.

6Jaman tentrem bakal nekani kowe; kasugihan kang marakake slamet iku kawicaksanan lan kawruh; wedi-asih marang Sang Yehuwah, iku kang dadi raja branane Sion.

7Delengen, wong-wong Ariel padha sesambat ana ing dedalan, para utusan kang ngupaya karukunan padha nangis kepati.

8Lurung-lurung dadi sepi tuwin wong ora ana siji bae kang lumaku ing dalan. Prajanjian wus diselaki, para seksi wus padha katampik, tuwin manungsa ora digubres.

9Nagara susah lan aclum; Libanon kisinan lan ambruk mati; Saron wus kaya ara-ara, Basan lan Karmel padha brindhil.

10Saiki Ingsun bakal jumeneng -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- saiki Ingsun bakal gumregah jumeneng, saiki Ingsun bakal jumeneng jejeg!

11Sira padha ngetengake suket aking, lan bakal manak damen; kanepsonira kaya geni kang mangsa sira dhewe.

12Para bangsa bakal padha diobong dadi gamping tuwin bakal kaobong ing geni kaya rerungkudan eri kang dibabadi.

13He para wong kang adoh, padha rungokna pawarta bab apa kang wus Suntindakake, he para wong kang cedhak, padha nyumurupana prakosaningSun!

14Para wong dosa ing Sion padha kaget, para wong murtad padha kalimputan ing rasa geter. Iku padha ngucap: “Panunggalan kita sapa ta kang bisa betah manggon ing jero geni kang ngentek-ngentekake iki? Panunggalan kita sapa kang betah manggon ana ing jero pawon geni kang langgeng iki?”

15Wong kang urip ing sajroning kabeneran, kang tembung-tembunge jujur, kang nampik kauntungan, wohing pameresan, kang ngipatake tangane supaya aja nampani besel, kang nutupi kupinge supaya aja krungu rancangan bab ngwutuhake getih, kang ngeremake mripate, supaya aja sumurup piala,

16iku kayadene wong kang manggon kalawan tentrem ana ing papan-papan kang dhuwur, betenge iku beteng kang ana ing gunung parang; roti dicawisi, banyu ngombe disadhiyani.

17Sira bakal ndeleng ratu ing sajroning kamulyane, bakal sumurup nagara kang amba banget.

18Ing sajroning atinira sira bakal mikir marang pagiris kang uwis-uwis: “Apa wus ora ana juru petung, apa wus ora ana juru timbang, lan apa wus ora ana wong kang ngetung menara?”

19Sira ora bakal ndeleng maneh bangsa kang ora tata iku, bangsa kang pacelathone ora cetha, dadi ora mangretekake, kang wicarane groyok, dadi ora ana wong kang bisa ngreti.

20Padha mawasa Sion, kuthaning pahargyan kita! Mripatira bakal ndeleng Yerusalem, papan panggonan kang tentrem, tarub kang ora kaelih-elih, kang pathoke ora bakal kabedhol ing salawase, lan kang dhadhunge ora bakal pedhot.

21Ana ing kono kita bakal sumurup sapira gedhening kamulyane Pangeran Yehuwah Gusti kita: kayadene panggonan kang kebak kali lan ilen-ilen kang amba; iku ora bakal kaliwatan prau dihayungan, lan prau kapal gedhe ora bakal nyabrang ing kono.

22Sabab Pangeran Yehuwah iku Hakim kita, Pangeran Yehuwah iku kang paring angger-angger marang kita; Pangeran Yehuwah iku kang jumeneng dadi Ratu kita, Panjenengane bakal ngluwari kita.

23Dhadhung-dhadhungira wus padha kendho, ora kena kanggo naleni tiyanging layar nganti kenceng ana ing papane, ora kena kanggo menthang layar. Ing wektu iku wong bakal ngedum-edum jarahan kang akeh banget, tuwin wong lumpuh bakal padha ngrayah jarahan.

24Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono: “Aku lara,” lan sakehe wong kang manggon ing kono bakal kaparingan pangapura tumrap kaluputane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel