Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 35 >> 

Karahayon tumrap para umate Pangeran Yehuwah

1Ara-ara samun lan palemahan mati bakal padha bungah, pasamunan bakal surak-surak lan metokake kembang;

2bakal metu kembange akeh banget kaya kembang mawar, bakal surak-surak, bakal surak-surak lan sumyak-sumyak. Bakal kaparingan kamulyaning Libanon kaluhuraning Karmel lan Saron; bakal padha ndeleng kamulyaning Yehuwah, kaluhuraning Allah kita.

3Tangan kang lemes lempe-lempe padha kuwatna lan dhengkul kang theklok pada santosakna.

4Kandhaa marang para wong kang kuwatir atine: “Sing padha tatag, aja padha wedi! Lah Allahmu bakal rawuh arep paring piwales lan ganjaraning Allah. Panjenengane piyambak kang rawuh arep nguwalake kowe kabeh.”

5Ing wektu iku mripate para wong wuta bakal padha kaelekake, lan kupinge para wong budheg bakal padha kabukak.

6Ing wektu iku wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya menjangan, tuwin cangkeme wong bisu bakal surak-surak; amarga ara-ara samun bakal metokake sumber, sarta pasamunan bakal ana kaline;

7tanah pawedhen kang anget bakal dadi blumbang, lan tanah kang ngerak bakal dadi sumber; papan pandhodhotaning asu ajag bakal kathukulan tebu lan pandhan.

8Ing kono bakal ana lurunge, kang bakal kaaranan Dalan Suci; wong kang najis ora bakal liwat ing kono sarta para wong gemblung ora bakal padha kluyuran mrono.

9Ing kono bakal ora ana singane, kewan galak ora bakal saba mrono tuwin ora bakal tinemu ana ing kono; mung para wong kang wus padha kaluwaran kang bakal padha lumaku ing kono,

10lan para wong kang wus kauwalan dening Pangeran Yehuwah kang bakal padha mulih tuwin lumebu ing Sion kalawan surak-surak, kanthi kapenuhan ing kabungahan kang langgeng; bakal padha kebak ing kasenengan la sukarena, kasusahan lan pasambat bakal padha ngedoh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 35 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel