Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 36 >> 

NABI YESAYA ING SAJRONE JAMANE SANG PRABU HIZKIA; Yerusalem kakepung dening Sang Prabu Sanherib

1Ing taun kang kaping patbelas ing jamane Sang Prabu Hizkia, Sang Prabu Sanherib, ratu ing nagara Asyur rawuh lan nempuh kutha-kuthane beteng nagara Yehuda, kang banjur padha kena karebat.

2Ratu ing Asyur mau nuli ngutus priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis menyang ing Yerusalem sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia kinanthenan wadya-bala gedhe. Priyagung iku nuli kendel ana ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu.

3Ing kono Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna, sekretaris nagara lan Sang Yoah bin Asaf, hartaka nagara, padha medali manggihi priyagung juru pangunjukan mau.

4Priyagung juru pangunjukan banjur ngandika: “Panjenengan sami kula aturi munjuk dhateng Sang Prabu Hizkia: Makaten pangandikanipun nata-agung, ratu ing Asyur: Pangandel apa ta kang sira gondheli iki?

5Pangiranira mung pangucaping lambe bae wus bisa dadi rancangan lan kakuwataning perang! Saiki, sira mbalela marang ingsun iku, sapa kang sira tenga-tenga?

6Kang sira tenga-tenga iku sanyatane teken pring kang wus pepes tumungkul, yaiku Mesir kang bakal nyubles lan nembus tangane wong kang teteken iku. Kaya mangkono iku kaanane Pringon, ratu ing Mesir, tumrap sakehing wong kang ngandelake dheweke.

7Lan manawa sira matur marang ingsun: Ingkang sami kawula andelaken punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake dening Hizkia kalawan pratela marang Yehuda lan Yerusalem: Sira kabeh kudu sujud lan nyembah ing ngarepe misbyah iki!

8Milanipun sapunika sumangga sami kula aturi totohan kaliyan gusti kula, ratu ing Asyur: Kula badhe nyaosi panjenengan kapal kalih ewu, manawi panjenengan sagah maringi tiyang-tiyangipun ingkang numpaki.

9Kadospundi anggen panjenengan saged ngawonaken tetindhihipun gusti kula satunggal kemawon ingkang asor piyambak? Mangka panjenengan ngendelaken Mesir ing bab kreta tuwin prajuritipun kapalan!

10Lah sapunika, punapa anggen kula majeng nglawan nagari punika saha anggen kula badhe nyirnakaken nagari punika, punika boten margi saking karsaning Pangeran Yehuwah? Pangeran Yehuwah sampun ngandika dhateng kula: Mangkata, tempuhen nagara iku lan sirnakna!”

11Sang Elyakim, Sang Sebna lan Sang Yoah nuli mangsuli marang priyagung juru pangunjukan iku mangkene: “Sumangga kawula aturi ngandika mawi basa Aram dhateng ingkang abdi punika, awit kawula sami mangretos; nanging sampun ngandika dhateng kawula sadaya mawi basa Yehuda, mindhak dipun pirengaken dening rakyat ingkang wonten ing sanginggiling tembok.”

12Nanging priyagung juru pangunjukan ngandika: “Punapa gusti kula anggenipun ngutus kula nglantaraken pangandika punika namung dhateng gusti panjenengan lan dhateng panjenengan kemawon? Rak inggih dhateng para tiyang ingkang sami linggih ing nginggil tembok ugi, ingkang sami nedha sesukeripun tuwin ngombe toya turasipun piyambak sesarengan kaliyan panjenengan sadaya punika?”

13Sawuse mangkono priyagung juru pangunjukan mau banjur jumeneng lan nguwuh-uwuh kalawan swara seru ngagem basa Yehuda, pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane ratu kang agung, ratu ing nagara Asyur!

14Mangkene pangandikane Sang Prabu: Kowe aja nganti padha kena diapusi dening Hizkia, sabab iku ora bisa ngluwari kowe kabeh.

15aja padha gelem diajak Hizkia ngendelake Pangeran Yehuwah kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah mesthi bakal ngluwari kita: kutha iki ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.

16Aja padha ngrungokake tembunge Hizkia, sabab mangkene pangandikane ratu ing Asyur: Padha nganakna prajanjian kalawan ingsun minangka tandhaning teluk lan padha metua sowana ing ngarsaningsun, nuli saben wong panunggalanira bakal mangan wohing wite anggur tuwin wohing wite anjir dhewe sarta ngombe banyuning sumure dhewe,

17nganti sarawuhingsun mboyongi sira kabeh menyang ing nagara kang kaya nagaranira, nagara kang murah gandum lan anggur, nagara kang sugih roti lan pakebonan anggur.

18Sira aja padha nganti kena dibujuk dening Hizkia kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah bakal ngluwari kita! Apa tau kelakon para allahe bangsa-bangsa padha ngluwari nagarane dhewe-dhewe saka ing astane ratu ing Asyur?

19Endi allah-allahe nagara Hamat lan Arpad? Endi para allahe nagara Sefarwaim? Apa wus padha nguwalake Samaria saka ing astaningsun?

20Panunggalane para allahe nagara-nagara iki sapa kang wus ngluwari negarane saka astaningsun, lah kok Sang Yehuwah sagah ngluwari Yerusalem saka ing astaningsun?”

21Nanging kabeh padha meneng bae, ora mangsuli sanadyan mung sakecap bae, amarga dhawuhe Sang Prabu: “Sira aja padha aweh wangsulan marang dheweke!”

22Sang Elyakim bin Hilkia, panggedhening kraton, lan Sang Sebna, sekretaris nagara sarta Sang Yoah bin Asaf, hartaka-nagara banjur padha mundur lan padha sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kalawan ngagem pangageman kang suwek, nuli ngunjuki uninga marang Sang Prabu bab apa kang dipratelakake dening priyagung juru pangunjukan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
© 2010-2022
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran