Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 40 >> 

PERANGAN KAPINDHO; KASLAMETANING BANGSA KANG ANA ING PAMBUWANGAN; Pawarta bab pangluwaran

1UmatingSun lipuren, iya lipuren, mangkono pangandikaning Allahira,

2atine Yerusalem ayemna sarta nguwuh-uwuha yen pangawulane wus rampung, manawa kaluputane wus kaapura, awit wus kaparingan paukuman dening astane Pangeran Yehuwah tikel ping loro marga saka sakehing dosane.

3Ana swara kang nguwuh-uwuh: “Nyawisna margi kagem Sang Yehuwah ana ing pasamunan, ngencengna dalan gedhe kagem Allah kita ana ing ara-ara samun!

4Saben ledhokan kaurugana, tuwin saben gunung lan tengger kawaratakna; tanah kang ana tengger-tenggere kadadekna tanah warata, sarta tanah kang mendhak mandhukul kadadekna papan lempar;

5ing kono kamulyaning Sang Yehuwah bakal kalairake tuwin umat manungsa kabeh bakal padha ndeleng iku bebarengan; Pangeran Yehuwah piyambak nyata-nyata wus ngandika mangkono!”

6Ana swara kang dhawuh: “Sira nguwuh-uwuha!” Aku munjuk: “Punapa ingkang kedah kawula ucapaken kalayan sora?” “Umat manungsa kabeh iku kayadene suket lan sakehing kaendahane kaya kembang ing ara-ara.

7Suket dadi aking, kembang dadi alum, manawa Pangeran Yehuwah ndamoni iku kalawan napase. Bangsa iku sanyatane kaya suket.

8Suket dadi aking, kembang dadi alum, nanging pangandikaning Allah kita tetep ing salawas-lawase.”

9He Sion, kang nggawa kabar becik, munggaha ing gunung kang dhuwur! He Yerusalem, kang nggawa kabar becik, ulukna swaramu kang sora, iya ulukna swaramu, aja wedi! Wartakna marang kutha-kutha ing Yehuda: “Delengen, iku Gusti Allahmu!”

10Delengen, iku Pangeran Allah. Anggone rawuh kalawan kakiyatan sarta ngasta pangwaos. Lah kabeh kang dadi pituwasing rekaose padha nunggal kalawan Panjenengane; kabeh kang wus dadi kagungane padha lumaku ana ing ngarsane.

11Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane, sarta iku padha diklempakake kalawan astane; cempene padha dipangku, embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.

Gusti Allah iku ngungkuli sakehing allah

12Sapa kang naker banyu sagara nganggo epek-epeke sarta ngukur langit nganggo kilanane, naker lebuning bumi nganggo takeran, nimbang gunung-gunung nganggo timbangan, utawa tengger-tengger nganggo traju?

13Sapa kang bisa mranata Rohing Pangeran Yehuwah utawa nyaosi pitedah marang Panjenengane kayadene juru pitutur?

14Pangeran Yehuwah mundhut pitedah marang sapa supaya kagungan pangretosan, lan sapa kang nyaosi piwulang marang Sang Yehuwah ing bab nindakake pangadilan, utawa sapa kang nyaosi piwulang bab kawruh marang Panjenengane lan nyaosi pitedah supaya Panjenengane tumindak kalawan pangretosan?

15Para bangsa iku sanyatane kayadene banyu satetes kang ana ing timba tuwin kaanggep kayadene bledug saelas kang ana ing traju. Pulo-pulo iku sanyatane bobote mung kaya awu alus.

16Libanon iku ora cukup manawa kanggo kayu dang lan satokewane ora cukup manawa kanggo kurban obaran.

17Sakehing bangsa iku kayadene ora ana ing ngarsane padha kagalih kopong lan tanpa guna.

18Dadine Gusti Allah iku arep kok padhakake sapa, lan apa kang kokanggep padha karo Panjenengane?

19Apa reca? Iku kacithak dening tukang-wesi, lan kalapis emas dening kemasan, kang uga nggawekake rante-rantene salaka.

20Wong kang ngedegake reca kayu, iku milih kayu kang ora gelis gapuk, golek tukang ahli kang ngedegake reca supaya ora bakal gelis hoyag.

21Kowe apa padha ora sumurup? Kowe apa padha ora krungu? Apa wiwit ing sakawit ora diwartakake marang kowe kabeh? Apa kowe ora mangreti wiwit nalika bumi tinalesan?

22Panjenengane kang lenggah ing dhampar ana ing sadhuwuring bunderan bumi kang pendhudhuke kaya walang; iya Panjenengane iku kang mbeber langit kaya lawon lan masang iku kaya tarub kang dienggoni!

23Iya Panjenengane iku kang ndadosake para panggedhe padha sirna sarta kang ndadosake para hakim ing donya tanpa guna!

24Lagi bae padha ditandur, lagi bae padha disebar, lagi bae cangkokane padha metu oyode ana ing lemah, wus padha didamoni dening Panjenengane, satemah banjur padha garing, lan kabur dening prahara kaya damen.

25Ingsun iki arep sira padhakake sapa kang kaya-kaya dadi pepadhaningSun? Mangkono pangandikane Kang Mahasuci.

26Mripatmu arahna marang ing langit lan delengen: sapa kang nitahake sakehing lintang iku tuwin ndhawuhi metu sakehing wadya-balane kalawan nimbali jenenge iku kabeh? Siji bae ora ana kang ora sowan, amarga Panjenengane iku Mahakwaos lan Maha-santosa.

27Yagene kowe ngucap mangkono, he Yakub, sarta celathu mangkene, he Israel: “Uripku iki samar tumrap Sang Yehuwah, tuwin wewenangku ora digalih dening Allahku?”

28Apa kowe ora sumurup, lan kowe apa ora krungu? Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang langgeng kang nitahake bumi wiwit poncot tekan poncot; Panjenengane ora sayah lan ora lesu, kawicaksanane ora kena jinajagan.

29Panjenengane paring kakuwatan marang kang sayah lan paring tambahing karosan marang kang tanpa daya.

30Para wong nom-noman padha dadi sayah lan lesu lan para taruna padha kesandhung tiba,

31nanging wong kang padha nganti-anti marang Pangeran Yehuwah kaparingan kakuwatan anyar: padha mabur mumbul kaya manuk garudha kalawan kakuwataning swiwine; padha lumayu lan ora nganti lesu, padha lumaku nanging ora sayah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 40 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel