Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 41 >> 

Pangeran Yehuwah nganakake juru pangluwaran

1He pulo-pulo, padha menenga lan ngrungokna marang Ingsun; para bangsa padha oleha kakuwatan anyar! Cikben padha nyedhak lan banjur munjuk: Ayo padha maju bebarengan lan prakaran!

2Sapa kang ngobahake wong iku saka ing wetan, kang ngobahake wong kang saben tumindak mesthi unggul, kang nelukake para bangsa ana ing ngarepe lan nglorod para raja? Pedhange njalari para raja mau dadi kaya lebu sarta panahe marakake kaya damen kang didamoni.

3Banjur mburu para raja mau sarta liwat ing dalan kang durung tau diambah, kanthi slamet.

4Sapa kang nglakoni lan nindakake iku kabeh? Panjenengane, kang wiwit biyen mula nimbali para turuning manungsa, Ingsun, Yehuwah, kang dhisik dhewe, tuwin tumrap para wong kang keri dhewe, Ingsun tetep Panjenengane iku uga.

5Pulo-pulo padha sumurup lan banjur wedi, poncot-poncoting bumi padha gumeter; padha teka lan saya cedhak.

6Padha tulung-tinulung lan celathu marang kancane: “Atimu sing tatag!”

7Si pandhe nyantosakake si kemasan, kang nipisake logam kalawan palu nyantosakake atine kang nggembleng ing paron; lan banjur celathu marang si tukang patri: “Iku becik,” tuwin garapane nuli dikukuhake kalawan paku, supaya ora gonjang-ganjing.

Israel abdine Pangeran Yehuwah

8Nanging sira, he Israel, abdiningSun, he Yakub, kang wus Sunpilih, turune Abraham, mitraningSun;

9sira kang wus Sunpundhut saka ing poncot-poncoting bumi sarta kang wus Suntimbali saka ing pojok-pojoke, Ingsun ngandika marang sira: “Sira iku abdiningSun, sira wus Sunpilih lan ora Suntampik”;

10sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.

11Lah sakehe wong kang nepsu marang sira bakal kawirangan lan nandhang kanisthan; para wong kang madoni sira bakal padha kayadene ora ana tuwin bakal padha nemu karusakan;

12sira bakal nggoleki wong-wong kang padha nglawan marang sira, nanging ora bakal ketemu; para wong kang merangi sira bakal kayadene ora ana lan tanpa guna.

13Sabab Ingsun iki, Pangeran Yehuwah, Allahira, nyepeng tanganira tengen, tuwin ngandika marang sira: “Sira aja wedi, iya Ingsun iki kang mitulungi sira.”

14Sira aja wedi, he si cacing Yakub, he si uler Israel! Iya Ingsun iki kang mitulungi sira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, lan nebus sira iku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

15Lah sira Sundadekake piranti pangrontogan kang landhep lan anyar, kang ana untune rong larik; sira bakal ngrontogi gunung-gunung sarta iku bakal padha sira remuk, sarta tengger-tengger iya bakal sira dadekake kaya mrambut,

16bakal padha sira tapeni, lan banjur padha kabur ing angin, tuwin bakal mawut dening prahara. Nanging sira iki bakal surak-surak awit saka Pangeran Yehuwah tuwin nggunggung-nggunggung marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

17Para wong kang sangsara lan kang miskin lagi padha golek banyu, nanging ora oleh, ilate padha garing marga kasatan; nanging Ingsun Yehuwah, bakal minangkani kabutuhane wong-wong mau, sarta sarehne jumeneng dadi Allahe Israel Ingsun ora bakal negakake wong-wong mau.

18Ingsun bakal ndadekake tengger-tengger kang gundhul, padha ana kaline sarta tanah warata banjur ana sumber-sumbere; Ingsun bakal ndadekake ara-ara samun dadi telaga tuwin tanah mati banjur metu banyune.

19Ingsun bakal nanem wit eres ana ing ara-ara samun, wit sirah, wit jambu keling lan wit jaitun alas; Ingsun bakal damel thukule wit beros ana ing pasamunan sarta wit berangan lan wit cemara ing sandhinge,

20supaya kabeh wong padha ndeleng lan sumurup, nggatekake lan ngreti, manawa astane Sang Yehuwah kang karya iki kabeh sarta Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel kang nitahake.

Pangeran Yehuwah nantang para brahala

21padha ngajokna prakaranira, mangkono Pangandikane Sang Yehuwah, mratelakna alasan-alasanira, mangkono pangandikane Sang Prabu, Gusti Allahe Rama Yakub.

22Cikben padha maju lan martakake marang aku kabeh apa kang bakal kelakon! Pameca kang biyen iku terangna apa tegese, supaya aku padha mikir-mikir, utawa bab-bab kang bakal kelakon, iku aku padha kandhanana, supaya aku padha nyumurupi kawusanane!

23Mratelakna bab-bab kang bakal kelakon sawuse iku, supaya aku padha sumurup, manawa kowe kabeh iki nyata allah; padha tumindaka bae, becik apa ala, supaya aku padha ndeleng bebarengan kalawan gumun!

24Kowe kabeh iku sanyatane kaya ora ana ing panggawe-panggawemu iku tanpa isi; wong kang milih kowe iku nistha.

25Ingsun wus ngobahake wong saka ing lor lan iku wus teka, Ingsun wus nimbali wong iku saka ing sisih pletheking srengenge kalawan nyebut jenenge. Kayadene kundhi ngiles-iles lempung, kaya mangkono anggone wong iku bakal ngidak-idak para kang nyekel pangwasa kaya endhut.

26Sapa kang aweh sumurup bab iku wiwit ing sakawit, satemah aku banjur padha sumurup, lan wiwit biyen, satemah aku nuli padha mratelakake: “Apa bener wong iku?” Sanyatane ora ana knag aweh sumurup, ora ana wong kang ngabari ora ana wong kang krungu tembung sakecap bae saka kowe.

27Ingsun kang dhisik dhewe paring sumurup marang Sion, sarta Ingsun banjur ngintunake wong menyang Yerusalem kang nggawa kabar becik.

28Manawa Ingsun mirsani mubeng, ora ana wong siji-sijia, lan panunggalaning wong kabeh iku ora ana kang bisa ngunjukake pituduh, utawa kang bisa ngaturake wangsulan manawa Ingsun ndangu marang wong-wong iku.

29Wong iku nyata-nyata kaya-kaya padha ora ana, panggawe-panggawene tanpa isi, reca-recane cithakan iku angin lan tanpa guna.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 41 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel