Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 49 >> 

ABDINING YEHUWAH; Abdining Yehuwah iku dadi pepadhang ana ing satengahing para bangsa

1padha ngrungokna marang Ingsun, he pulo-pulo padha nggatekna, he para bangsa kang adoh! Ingsun wus katimbalan dening Pangeran Yehuwah wiwit isih ana ing bobotan asmaningSun wus kapangandikakake wiwit isih ana ing guwa-garbaning ibuningSun.

2TutukingSun kadamel kaya pedhang kang landhep lan Ingsun kaayoman ana ing aubing astane. Ingsun kadadekake panah kang lincip lan kadhelikake ana ing endhonge.

3Ingsun dipangandikani mangkene: “Sira iku abdiningSun, Israel, sarta ana ing sira anggoningSun bakal nglairake kamulyaningSun.”

4Ewadene unjukingSun: “Anggen kawula kangelan punika tanpa damel, tuwin tanpa wusana saha tanpa gina anggen kawula ngesokaken kakiyatan kawula; nanging wewenang kawula punika wonten ing Pangeran Yehuwah sarta pituwas kawula punika wonten ing Allah kawula.”

5Lah saiki pangandikane Sang Yehuwah, kang nganakake Ingsun kadadekake abdine wiwit ana ing bobotan, supaya mbalekake Yakub marang Panjenengane, tuwin nglumpukake Israel ana ing ngarsane -- mulane Ingsun kaluhurake ana ing paningale Pangeran Yehuwah, tuwin Gusti AllahingSun dadi kakiyataningSun --, mangkene pangandikane:

6“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.”

7Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebuse Israel, Gusti Allahe Kang Mahasuci, marang kang diremehake dening wong, marang kang dianggep njijiki dening para bangsa, marang abdining para kang nyekel pangwasa: “Para ratu bakal nyumurupi pandamelingSun, lan banjur padha ngadeg ngunjukake kurmat, tuwin para panggedhe bakal padha sujud nyembah, marga saka Pangeran Yehuwah kang setya marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang wus milih sira.”

Sion kapulihake

8Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing nalika Ingsun karenan, Ingsun bakal paring wangsulan marang sira, lan ing dinane Ingsun paring karahayon, Ingsun bakal mitulungi sira; sira wus Sundhapuk lan Sundadekake prajanjian tumrap umat manungsa, Sunkarsakake mbangun bumi maneh lan mbage-mbage tanah pusaka kang wus sepi mamring,

9Sundhawuhake wewarta marang para wong kang kinunjara: Padha metua! marang para wong kang ana ing pepeteng: Padha mrenea! Ing sadalan-dalan padha kaya wedhus kang ora tau kekurangan suket, tuwin sanadyan ana ing sakehing tengger kang gundhul iya padha kasadhiyanan suket.

10Mulane ora padha luwe utawa ngelak; ora bakal padha katempuh ing angin panas lan panasing srengenge kang sumelet, amarga padha katuntun dening Sang Paring Piwelas padha kagiring menyang ing sumber-sumber banyu.

11Sakehing gunungingSun bakal Sundadekake dalan lan sakehing lurungingSun bakal Sunrata.

12Lan ana wong kang padha teka saka ing adoh, saka ing lor lan saka ing kulon, tuwin ana kang saka ing tanah Sinim.”

13Surak-suraka, he langit, giyak-giyaka, he bumi, lan padha bungah-bungaha kalawan surak-surak, he gunung-gunung! Amarga Pangeran Yehuwah nglipur umate lan asih marang para wong kang dadi kagungane kang padha katindhes.

14Sion celathu: “Pangeran Yehuwah wus nilar aku tuwin Gustiku wus kesupen marang aku.”

15Apa wong wadon bisa lali marang bayine, nganti ora tresna marang wohing wetengane? Sanadyan iku lali marang anake, nanging Ingsun ora bakal kesupen marang sira.

16Lah sira wus Sungambar ana ing epek-epeking astaningSun, tembok-tembokira iku tansah ana ing ngarsaningSun.

17Para wong kang mbangun sira bakal enggal padha teka, dene kang padha mbubrah lan ngrusak sira bakal padha lunga.

18Sira ndengengeka lan ndelenga ing sakubengira, wong iku padha nglumpuk lan marani sira. Demi Ingsun kang gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, lah iku bakal padha sira anggo dadi rerenggan, bakal sira ubedake, kaya patrape penganten wadon.

19Awit papan-papanira kang samun lan sepi mamring tuwing nagaranira kang kabubrah, saiki wus keciyuten kanggo kang padha ngenggoni kang samono kehe iku sarta para wong kang arep nyirnakake sira bakal padha ngedoh.

20Malah anak-anakira kang sira kira ilang bakal padha celathu marang sira: “Panggonan iku keciyuten kanggo aku kabeh, mulane sumingkira, supaya aku padha bisa manggon ana ing kono!”

21Ing kono sira bakal mosik ing sajroning atinira: “Sapa ta kang nglairake iku kabeh kanggo aku? Aku iki rak ora duwe anak lan gabug, sarta banjur digawa menyang ing pambuwangan lan disingkirake? Nanging anak-anak iki sapa kang nggedhekake? Aku iki rak wus nyata katinggal ijen, nanging anak-anak iki kabeh, saka ing ngendi pinangkane?”

22Mangkene pangandikane Pangeran Allah: “Lah Ingsun bakal ngayatake astaningSun minangka pratandha tmrap para bangsa lan manjer gendera-genderaningSun kanggo para suku bangsa, iku bakal padha nggendhong anak-anakira lanang sarta anak-anakira wadon bakal padha dipanggul.

23Para raja bakal padha dadi pamomongira lan para garwane padha dadi embanira. Iku bakal padha nyembah marang sira nganti sumungkem konjem ing bumi sarta padha ndilati lebuning sikilira. Ing kono sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, tuwin manawa para wong kang padha nganti-anti marang Ingsun iku ora bakal padha kawirangan.”

24Apa wong bisa ngrebut jarahan saka ing tangane wong prawira utawa wong tawanan apa bisa luwar saka ing tanganing wong prakosa?

25Lah mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Tawananing wong prawira iya bisa karebut, lan jarahaning wong prakosa bisa uwal, sabab Ingsun piyambak kang bakal nglawan wong kang nglawan sira lan Ingsun piyambak kang bakal ngluwari anak-anakira.

26Ingsun bakal meksa para wong kang nindhes sira supaya padha mangan daginge dhewe, tuwin wong iku bakal padha mendem nalika padha ngombe getihe dhewe, kaya mendeme wong ngombe anggur anyar, iku supaya umat manungsa kabeh padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah, iku Pamartanira, sarta Juru Panebusira, Kang Mahakwasa, Allahe Yakub.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 49 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel