Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 51 >> 

Pangandika kang dadi panglipur tumrap Sion

1Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha nggayuh marang kabeneran, he sira kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah! Padha mawasa gunung parang, pinangkanira katatah, lan luwangan parang pinangkanira kadhudhuk.

2Mawasa Abraham, bapa leluhurira, lan Sara kang nglairake sira kabeh; nalika Abraham ijen, Suntimbali, banjur Sunberkahi lan Sundadekake akeh.

3Amarga Pangeran Yehuwah nglipur Sion, nglipur sakehing jugrugane; pasamunane kadadekake kaya patamanan Eden lan ara-arane samun kadadekake kaya patamananing Yehuwah. Ing kono tinemu kabungahan lan sukarena, kidung pamuji sokur lan swaraning rerepen.

4Padha nggatekna swaranigSun, ha para bangsa, lan kupingira englengna marang Ingsun, he para suku bangsa! Awit bakal ana piwulang kang metu saka Ingsun tuwin angger-anggeringSun bakal dadi pepadhang tumrap para bangsa.

5Ing sajroning sakedhep netra karahayon kang saka Ingsun bakal cedhak, pangluwaran peparingingSun bakal teka, sarta Ingsun bakal ngereh para bangsa kalawan astaningSun kang kwaos; pulo-pulo bakal nganti-anti marang Ingsun, padha ngarep-arep marang pakaryaning astaningSun.

6Mripatira arahna marang ing langit lan mandenga marang bumi kang ana ngisor; amarga langit sirna kayadene kukus, bumi dadi ala kaya sandhangan kang wus lawas tuwin kang manggon bakal padha mati kaya lemud; nanging pangluwaran peparingingSun bakal lestari ing salawas-lawase, sarta karahayon kang saka Ingsun ora bakal ana pungkasane.

7Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha sumurup marang ing kabeneran, he bangsa kang nyimpen piwulangSun ana ing sajroning atinira! Aja padha wedi manawa padha kawewada dening manungsa lan aja padha kaget manawa kaala-ala.

8Amarga iku bakal padha kapangan ing renget kaya anggone mangan sandhangan tuwin bakal padha kamangsa ing singgat kaya anggone mangsa lawon wulu wedhus gembel, nanging karahayon kang saka Ingsun bakal lestari ing salawas-lawase sarta pangluwaran peparingingSun bakal tetep turun-tumurun.

9Kawula aturi wungu, kawula aturi wungu! Kawula aturi ngagem kakiyatan, dhuh astanipun Pangeran Yehuwah! Mugi karsaa wungu kados ing jaman kina, ing jamanipun para leluhur kala rumiyin! Punapa sanes Paduka ingkang ngremuk Rahab, ingkang nyuduk naga ngantos pejah?

10Punapa sanes Paduka ingkang ngasataken seganten, toyaning samodra ageng ingkang ngedab-edabi? ingkang ndadosaken margi seganten ingkang lebet, supados para tiyang ingkang kaluwaran sami saged nyabrang?

11Para tiyang ingkang sami kaluwaran dening Sang Yehuwah sami badhe saged mantuk tuwin lumebet ing Sion kanthi asurak-surak, kalayan linimputan ing sukarena ingkang langgeng; kebak kabingahan lan kagirangan, tinebihan ing kasisahan saha pangresah.

12Ingsun, iya Ingsun kang nglipur sira kabeh. Sapa ta sira iku, dene kok wedi marang manungsa kang pancen bakal mati, marang anaking manungsa kang kabuwang kaya suket,

13nganti sira lali marang Pangeran Yehuwah kang nitahake sira, kang njereng langit lan nalesi bumi, kok nganti sira sadina-dina tansah gumeter wedi marang bangeting nepsune wong kang nganiaya iku, kang rumanti arep nyirnakake? Endi ta mulad-mulading nepsune wong kang nganiaya iku?

14Wong kang kabelok lan kablenggu bakal enggal kaluwaran; ora bakal mati lan tumurun ing luwangan pakuburna, sarta ora bakal kekurangan pangan.

15Sabab Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang ngocakake sagara, satemah gumleger rame swaraning alune. -- Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah iku asmane.

16Ingsun maringake pangandikaningSun ana ing cangkemira tuwin nyingidake sira ana ing aubing astaningSun, supaya Ingsun mbeber langit maneh lan masang tetalesing bumi, sarta ngandika marang Sion: Sira iku umatingSun!

17Tangia, tangia, ngadega, he Yerusalem, he kowe kang wus ngombe saka ing astane Sang Yehuwah isining tuwung mulad-mulading bebendhune, kowe kang wus ngombe nganti entek isining cangkir kang mendemi!

18Sakehing anak kang dilairake ora ana kang nuntun dheweke lan sakehing anak-anake kang digedhekake ora ana knag nganthi tangane.

19Rong prakara iki wus tumempuh marang kowe -- sapa kang bela sungkawa marang kowe? Karusakan lan kagempuran, keluwen lan pedhang -- sapa kang bakal nglipur kowe?

20Anak-anakmu wus padha pating gluntung tanpa daya ana ing sakehing pepojoking dalan kaya sapi alasan kang klebu ing jaring; padha katempuh ing panasing bebendune Pangeran Yehuwah lan dedukaning Allahmu.

21Awit saka iku rungokna iki, he kowe kang katindhes, he kowe kang mendem, nanging ora marga saka anggur!

22Mangkene pangandikane Gustimu, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngembani prakarane umate: “Lah Ingsun mundhut saka ing tanganira tuwung dalah isine kang mendemi, lan isining cangkir panasing bebenduningSun ora bakal sira ombe maneh,

23nanging iku bakal Sunparingake marang wong kang nindhes sira, wong kang maune celathu marang sira: Tumungkula, supaya aku padha bisa liwat kalawan ngidak-idak awakmu! Sira banjur mengkureb warata karo lemah lan dadi dalan tumrap wong kang liwat ing dhuwure.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 51 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
© 2010-2022
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran