Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 58 >> 

Kamursidan kang sanyata lan kang ora

1Nguwuh-uwuha kang sora, aja ngampet swara! Ngulukna swaranira kayadene kalasangka, wartakna marang umatingSun panerake lan marang para turune Yakub dosane!

2Pancen saben dina padha ngupaya Ingsun lan seneng sumurup sakehing marginingSun. Kayadene bangsa kang nglakoni kang bener tuwin kang ora ninggal angger-anggering Allahe padha munjuk pitakon marang Ingsun bab angger-angger kang bener, padha seneng nyedhak sowan ing ngarsaning Allah, sarta munjuk pitakon:

3“Punapa sababipun dene kawula sami siyam Paduka kok ugi boten nggatosaken? Punapa sababipun dene kawula sami ngesoraken badan Paduka kok boten karsa nguningani?” Ing nalikane sira pasa nyatane sira isih tetep ngurus urusanira, tuwin sira padha ngerasi sakehing buruhira.

4Sanyatane anggonira padha pasa iku kalawan padu lan regejegan sarta kalawan ngantemi tanpa reringa. Manawa anggonira pasa kaya saiki iki swaranira bakal ora kapirengake saka ing ngaluhur.

5Lah apa pasa kang kaya mangkene iki kang Sunkarsakake, tuwin nganakake dina kanggo ngesorake badan, manawa sira ndhingkluk kaya glagah lan njereng bagor sarta awu sira anggo lemek turu? Apa iku kang sira arani pasa, nganakake dina kang dadi keparenge Pangeran Yehuwah?

6Dudu! Pasa kang Sunkarsakake iku, yaiku manawa sira nguculi blengguning ambek siya, lan ngudhari tali-talining pasangan, manawa sira ngluwari wong kang kinaniaya tuwin mutungi sakehing pasangan,

7manawa sira nyuwil-nyuwil rotinira kanggo wong keluwen sarta ngajak menyang ing omahira wong kang tuna wisma, lan manawa sira sumurup wong kang kawudan, banjur sira wenehi panganggon tuwin ora nyingkiri sadulurira dhewe!

8Manawa mangkono pepadhangira bakal mlethek kaya bangbang wetan tuwin tatunira bakal enggal waras; kabeneran bakal dadi baris ana ing ngarepira lan kamulyaning Yehuwah dadi baris ana ing burinira.

9Ing kono manawa sira munjuk, Pangeran Yehuwah bakal paring wangsulan samangsa sira sesambat nyuwun tulung, Panjenengane bakal ngandika: Lah iki Ingsun ana ing kene! Manawa sira ora ngetrapake pasangan maneh marang pepadhanira sarta ora nuding-nuding marang wong kalawan driji lan mitenah,

10manawa sira menehi wong keluwen apa kang sira dhewe arep lan gawe lejaring atine wong kang katindhes, pepadhangira bakal sumorot ana ing pepeteng sarta pepetengira bakal kaya wayah tengange.

11Pangeran Yehuwah bakal tansah nuntun sira lan bakal damel mareming atinira ana ing tanah kang garing sarta bakal nganyarake kakuwatanira; sira bakal kaya patamanan kang kasiraman kalawan becik tuwin kaya sumber kang ora tau gawe gela.

12Sira bakal mbangun gempuran kang wus atusan taun, lan bakal ndandani tetales kang wus kapasang pirang-pirang turunan. Sira bakal kasebut “kang ndandani tembok kang jebol”, “kang ndandani dalan supaya panggonan kono kena dienggoni”.

Ngajeni dina Sabat

13Manawa sira ora nyawiyah pranataning Sabat lan ora nindakake pagaweanira ing dinaningSun kang suci; manawa sira ngarani dina Sabat “dina kanikmatan”, lan dinaning Pangeran Yehuwah kang suci “dina kang mulya”; manawa sira ngajeni dina iku sarana ora nindakake sakehing pagaweanira sarta ora ngurus urusanira utawa ora omong-omong kang tanpa guna,

14sira bakal seneng-seneng marga saka Pangeran Yehuwah, tuwin Ingsun bakal damel sira bisa ngliwati pucak-pucaking tengger-tengger ing bumi kalawan tetungganganing kaunggulan; sira bakal Sunparingi pangan saka warisane leluhurira Yakub, sabab mangkono pangandikane lesaning Yehuwah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 58 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel