Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 7 >> 

Yesaya lan Sang Prabu Akhas

1Ing nalika jamane Sang Prabu Akhas, putrane Sang Prabu Yotam, putrane Sang Prabu Uzia, nata ing nagara Yehuda, Sang Prabu Rezin, ratu ing nagara Aram, kalawan Sang Prabu Pekah putrane Sang Remalya, ratu ing Israel, padha nglurug perang menyang ing Yerusalem, nglawan kutha iku, nanging ora padha bisa ngalahake.

2Banjur ana kang ngaturi pawarta marang tedhake Sang Prabu Dawud mangkene: “Aram sampun kekemah wonten ing wilayah Efraim,” ing kono panggalihe Sang Prabu Akhas lan atine para kawulane padha gumeter kaya hiyad-hiyuding wit-witan ing alas kang katempuh ing angin.

3Sang Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Yesaya: “Sira mangkata nemonana Akhas, sira lan Syear Yasyub, anakira lanang, menyang ing wekasane ilen-ilening blumbang ndhuwur, menyang ing dalan gedhe ing ara-ara Tukang Penatu,

4lan matura mangkene: Panggalih dalem ingkang teteg tuwin ingkang tetep ayem, sampun ajrih, sarta panggalih dalem sampun ngantos gumeter awit saking tegesan kajeng bong kalih ingkang kumelun punika, punika mulad-mulading nepsunipun Rezin tuwin Aram saha anakipun Remalya.

5Ing sarehne Aram lan Efraim kaliyan anakipun Remalya sampun sami ngrancang badhe nandukaken piawon dhumateng panjenengan dalem, kalayan tembungipun:

6Ayo padha nempuh Yehuda lan padha diweden-wedeni sarta dirayud, anake Tabeel nuli diangkat dadi ratu ana ing satengahe,

7milanipun pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Iku ora bakal kelakon, lan ora bakal kedadean,

8sabab Damsyik iku ibu-kotaning Aram, lan Rezin iku sesirahe Damsyik. Ing sajrone sawidak lima taun Efraim bakal pecah ora dadi bangsa maneh.

9Lan Samaria iku ibu-kotane Efraim, sarta anake Remalya iku sesirahe Samaria. Manawa sira padha ora pracaya, sira ora bakal padha tulus santosa.”

Pawarta bab Sang Imanuel

10Sang yehuwah nglajengake pangandikane marang Sang Prabu Akhas, mangkene:

11“Sira nyuwuna sawijining pratandha marang Sang Yehuwah Gusti Allahira, sanadyan iku saka ing jagading wong mati kang ana ing ngisor dhewe utawa saka ing panggonan kang dhuwur dhewe, kang ana ing ngaluhur.”

12Nanging unjuke Sang Prabu Akhas: “Kawula boten purun nyuwun, kawula boten purun nyobi dhumateng Sang Yehuwah.”

13Nabi Yesaya nuli matur: “Dhuh tedhakipun Sang Prabu Dawud, mugi sami karsaa midhangetaken! Punapa dereng cekap panjenengan dalem sami damel sayahipun tiyang, ngantos panjenengan dalem ugi damel sayahipun Gusti Allah kawula?

14Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.

15Panjenenganipun badhe dhahar kaniling susu tuwin maben ngantos saged nampik ingkang awon saha milih ingkang sae,

16awit saderengipun putra wau saged nampik ingkang awon tuwin milih ingkang sae, nagari ingkang ratunipun kekalih panjenengan dalem ajrihi punika badhe katilar suwung.

17Pangeran Yehuwah badhe ndhatengaken dhumateng panjenengan dalem lan dhumateng kawula dalem sarta dhumateng kulawarga dalem dinten-dinten ingkang dereng nate wonten wiwit nalika Efraim nebihi Yehuda -- inggih punika ratu ing Asyur.”

18Ing dinten wau badhe kelampahan: Pangeran Yehuwah singsot nimbali laler ingkang wonten sungapaning pangpangipun benawi Nil, saha nimbali tawon ing tanah Asyur.

19Punika sadaya badhe dhateng tuwin mencok ing lembah-lembah ingkang sungil saha ing lowah-lowahing redi-redi parang, ing sakathahing pager eri sarta ing sakathahing pangenan.

20Ing dinten punika Pangeran badhe nyukur sirah tuwin rambuting pupu kalayan lading panyukuran ingkang dipun sambut saking sabranganing benawi Efrat, inggih punika ratu ing Asyur; malah lading wau inggih badhe nyukur jenggot pisan ngantos pandhes.

21Ing dinten wau saben tiyang badhe ngingah lembu estri ingkang enem tuwin menda gembel kalih,

22lan margi saking kathahing wedalipun susu, tiyang-tiyang lajeng badhe nedha kanil; lah kanil kaliyan maben badhe dipun tedha ing saben tiyang ingkang taksih wonten ing salebeting nagari.

23Ing dinten punika saben panggenan ingkang limrahipun kathukulan wit anggur sewu sarta ingkang reginipun sewu sekel salaka, badhe dados panggenaning piskucing saha rumput.

24Tiyang ingkang kesah mriku kapeksa mbekta panah lan gendhewa, amargi namung piskucing saha rumput thok wujudipun nagari wau sadaya.

25Makaten malih panjenengan dalem boten badhe wantun rawuh ing sakathahipun ereng-erenging redi ingkang limrahipun dipun paculi, amargi ajrih dhumateng piskucing saha rumput; namung lembu kaliyan menda ingkang saba wonten ing ngriku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel