Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 14 >> 

Daleme Sang Rama

1“Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah; iya kumandela ing Aku uga.

2Ing daleme RamaKu akeh panggonan. Manawa ora mangkono, kowe rak mesthi wis padha Dakkandhani. Awit Aku mrana prelu nyawisake papan marang kowe.

3Dene manawa Aku wus mrana lan wus nyawisake papan kanggo kowe, tumuli Aku bakal bali lan ngajak kowe menyang ing papan padununganKu, supaya ing ngendi padununganKu, kowe iya padha anaa ing kono uga.

4Lan menyang ngendi paranKu, kowe iya padha sumurup dalane mrana.”

5Tomas tumuli munjuk: “Gusti, kawula boten sumerep dhateng pundi tindak Paduka, dados kadospundi anggen kawula sumerep marginipun mrika?”

6Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.

7Manawa kowe padha wanuha marang Aku, mesthi kowe kabeh iya wanuh marang RamaKu. Wiwit saiki kowe padha wanuh marang Panjenengane sarta wus padha ndeleng marang Panjenengane.”

8Unjuke Filipus: “Gusti, kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama punika, supados kawula sadaya sami marem.”

9Pangandikane Gusti Yesus: “Wus samono lawase anggonKu nunggal karo kowe kabeh, Filipus, nanging kowe kok ora wanuh marang Aku? Sing sapa wus ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama; kapriye dene kowe kandha: Kawula muga sami Paduka tedahi Sang Rama?

10Apa kowe ora ngandel yen Aku iki ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku? Apa kang Daktuturake marang kowe iku, ora Dakucapake saka karepKu dhewe, nanging Sang Rama, kang dumunung ana ing Aku, Panjenengane iku kang nindakake pandamele.

11Padha ngandela marang Aku, yen Aku ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku; utawa saora-orane, padha ngandela, marga saka pandamel-pandamel iku.

12Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya marang Aku, iku bakal nindakake uga panggawe-panggawe kang Daklakoni, malah panggawe-panggawe kang kluwih wigati katimbang karo iku. Awit Aku lunga menyang ing ngarsane RamaKu;

13lan apa bae kang koksuwun atas saka jenengKu, Aku bakal ngleksanani, supaya Sang Rama kaluhurna ana ing Sang Putra.

14Manawa kowe padha nyuwun apa-apa marang Aku atas saka jenengKu, iku Aku kang bakal ngleksanani.”

Gusti Yesus njanjekake Sang Juru Panglipur

15“Manawa kowe padha trena marang Aku, padha netepana pepakonKu,

16Aku bakal nyuwun marang Sang Rama, nuli kowe bakal padha diparingi Sang Juru Panglipur liyane, supaya Panjenengane nunggala karo kowe,

17iya iku Rohing Kayekten. Jagad ora bisa nampani Panjenengane, amarga jagad ora nyumurupi lan ora wanuh karo Panjenengane, nanging kowe padha wanuh marang Panjenengane, amarga Panjenengane nunggil karo kowe lan bakal dedalem ana ing kowe.

18Kowe ora bakal Daktinggal lola, Aku bakal mbaleni kowe.

19Kurang sadhela lan jagad ora bakal ndeleng Aku maneh, nanging kowe ndeleng Aku, awit Aku urip, lan kowe iya bakal urip.

20Ing wektu iku kowe bakal padha nyumurupi, yen Aku ana ing RamaKu lan kowe padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowe.

21Sing sapa nggondheli pepakonKu kalawan ditetepi, iya iku kang tresna marang Aku. Lan sing sapa tresna marang Aku, iku bakal dikasihi dening RamaKu sarta iya bakal Dakkasihi sarta Aku bakal nglairake sariraKu marang wong iku.”

22Yudas, dudu si Iskariot, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, sababipun punapa dene paduka badhe nglairaken sarira Paduka dhateng kawula sadaya, lan boten dhateng jagad?”

23Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu sarta bakal dikasihi dening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wong iku.

24Sing sapa ora tresna marang Aku, iku ora netepi ing pituturKu; lan pituturKu kang kokrungu iku ora saka Aku, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku.

25Kabeh iku mau Dakwarahake marang kowe, mumpung Aku isih nunggal karo kowe;

26nanging Sang Juru Panglipur, iya iku Sang Roh Suci, kang bakal diutus dening Sang Rama atas saka jenengKu, iku kang bakal mulangake samubarang kabeh marang kowe sarta bakal ngelingake kowe sabarang kang wus Dakwulangake marang kowe.

27Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuKu Dakwenehake marang kowe, lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang lan aja giris.

28Kowe wus padha krungu, yen Aku wus kandha marang kowe: Aku lunga, nanging bakal nekani kowe maneh. Manawa kowe tresna marang Aku, kowe mesthi padha bungah dene Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama, sabab Sang Rama iku ngluwihi Aku.

29Lan saiki uga kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya samangsa kalakon, kowe padha pracaya.

30Aku ora rembugan akeh maneh karo kowe, awit panggedhene jagad iki teka lan iku ora duwe wewenang sathithik-thithika ing ngatase Aku.

31Nanging supaya jagad sumrupa, yen Aku tresna marang Sang Rama sarta manawa Aku nglakoni samubarang kabeh kang didhawuhake Sang Rama marang Aku, mara ngadega, ayo padha lunga saka ing kene.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Yohanes 14):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Yohanes 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel