Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 19 >> 

Tanah pusakane taler Simeon

1Undhian kang kapindho tumiba marang taler Simeon, yaiku talere bani Simeon miturut gotrahe, tanah-pusakane kaprenah ana ing tengah-tengahing tanah-pusakane bani Yehuda.

2Dene kang dadi darbeke yaiku: Bersyeba, Syeba, Molada,

3Hazar-Sual, Bala, Ezem,

4Eltolad, Betul, Horma,

5Ziklag, Bet-Hamarkabot, Hazar-Susa,

6Bet-Lebaot lan Sarukhen, kutha telulas lan desa-desane,

7En-Rimon, Eter, lan Asan, kutha papat lan desa-desane,

8uga sakehing desa kang ana ing sakubenge kutha iku mau tutug ing Baalat-Beer, yaiku Rama, ing tanah kidul. Iku tanah-pusakane talere bani Simeon, miturut gotrahe.

9Tanah-pusakane bani Simeon iku kajupuk saka pandumane bani Yehuda, amarga tanah-pusakane bani Yehuda kakehan, mulane bani Simeon padha oleh tanah-pusaka ana ing satengahe tanah-pusakane Yehuda.

Tanah-pusakane taler Zebulon

10Undhian kang katelu iku tumiba marang bani Zebulon miturut gotrahe; watesing tanah-pusakane iku tutug ing Sarid.

11Watese banjur mangulon munggah menyang ing Marala, nyrempet ing Dabeset, lan nuli nyrempet kali kang mili ngliwati Yokneam.

12Saka ing Sarid watese mau menggok mangetan ngener pletheking srengenge, ngliwati dhaerah Khislot-Tabor, ngener ing Dobrat, nuli munggah menyang ing Yafia.

13Saka ing kono terus mangetan ngener pletheking srengenge, menyang ing Gat-Hefer, menyang ing Et-Kazim, ngener ing Rimon lan mlengkung menyang ing Nea.

14Watese banjur menggok ngubengi kutha iku ana ing salore Hanaton lan anjog ing lebak Yiftah-El.

15Banjur Katat, Nahalal, Simron, Yidala lan Betlehem; kutha rolas karo desa-desane.

16Yaiku tanah-pusakane wong bani Zebulon miturut gotrahe, iya iku kutha-kuthane mau karo desa-desane.

Tanah-pusakane taler Isakhar

17Undhian kang kapat iku tumiba marang talere Isakhar, yaiku marang bani Isakhar miturut gotrahe.

18Kang dadi tlatahe yaiku: Yizreel, Khesulot, Sunem,

19Hafaraim, Sion, Anakharat,

20Rabit, Kisyon, Ebes,

21Remet, En-Ganim, En-Hada, lan Bet-Pazes.

22Watese nyrempet ing Tabor, ing Sahazima, lan Bet-Semes, dene watese anjog ing bengawan Yarden: gunggung kutha nembelas lan desa-desane.

23Yaiku tanah-pusakane taler bani Isakhar miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.

Tanah-pusakane taler Asyer

24Undhian kang kalima iku tumiba marang taler bani Asyer miturut gotrahe.

25Kang dadi dhaerahe yaiku: Helkat, Hali, Beten, Akhsaf,

26Alamelekh, Amad lan Misal, sarta watese nyrempet ing gunung Karmel lan ing kali Libnat ing sisih kulon.

27Banjur menggok ngener pletheking srengenge menyang ing Bet-Dagon; nyrempet dhaerah Zebulon lan ing lebak Yiftah-El ing sisih lor, Bet-Emek lan Nehiel, lan ngener ing Kabul ing sisih lor.

28Banjur menyang ing Ebron, Rehob, Hamon lan Kana nganti tutug ing Sidon Gedhe.

29Wates iku nuli mbalik menyang ing Rama lan tutug ing kutha beteng tirus, watese banjur mbalik maneh menyang Hosa, lan anjog ing segara; apadene Mahalab, Akhzib,

30Uma, Afek lan Rehob kutha rolikur karo desa-desane.

31Yaiku tanah-pusakane taler bani Asyer miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.

Tanah-pusakane taler Naftali

32Undhian kang kanem iku tumiba marang bani Naftali, yaiku marang bani Naftali miturut gotrahe.

33Dhaerahe wiwit ing Helef, saka wit kayu elon ing Zaananim, Adami-Nekeb lan Yabneel tutug ing Lakum, sarta anjog ing bengawan Yarden.

34Watese banjur bali mangulon menyang ing Asnot-Tabor, terus menyang ing Hukok, nyremped ing tlatahe Zebulon sisih kidul, nyremped tlatahe Asyer, ing sisih kulon sarta laladan Yehuda ing bengawan Yarden, pener pletheking srengenge.

35Kutha-kuthane beteng yaiku: Zidim, Zer, Hamat, Rakat, Kineret.

36Adama, Rama, Hazor,

37Kedesy, Edrei, En-Hazor,

38Yiron, Migdal-El, Horem, Bet-Anat, lan Bet-Semes, kutha sangalas karo desa-desane.

39Iku tanah-pusakane taler bani Naftali miturut gotrahe, iya kutha-kutha iku karo desa-desane.

Tanah-tanah pusakane taler Dhan

40Undhian kang kapitu iku tumiba marang talere bani Dhan miturut gotrahe.

41Kang dadi tanah-pusakane yaiku: Zora, Esytaol, Ir-Semes,

42Saalabin, Ayalon, Yitla,

43Elon, Timna, Ekron,

44Elteke, Gibeton, Baalat,

45Yehud, Bene-Berak, Gat-Rimon,

46Me-Yarkon lan Rakon, karo tlatah ing sisih kanane Yafo.

47Nanging sarehne tlatahe bani Dhan iku kerupeken, bani Dhan banjur padha nglurug perang nglawan kutha Lesem; iku nuli kabedhah, wonge padha katumpes klawan landheping pedhang, sarta nagarane tumuli diejegi lan dienggoni; kutha Lesem mau tumuli dielih arane dadi Dhan, miturut asma Dhan leluhure.

48Iku mau tanah-pusakane talere bani Dhan miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.

Tanah-pusakane Sang Yusak

49Sawuse wong Israel rampung anggone padha ngedum nagara iku dadi tanah-pusakane miturut dhaerah-dhaerahe, wong Israel banjur padha ngaturi tanah-pusaka marang Senapati Yusak, bin Nun ana ing satengahe.

50Manut dhawuhe Sang Yehuwah Senapati Yusak diaturi kutha kang dikarsakake, yaiku: Timnat-Serah ing pagunungan Efraim; kutha iku nuli dibangun lan didalemi.

51Iku mau tanah-pusaka kang padha didum-dumake sarana kaundhi ana ing Silo dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak, bin Nun sarta para panggedhening taler ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe lawang Tarub-Pasewakan. Mangkono anggone padha ngrampungake pangeduming nagara iku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel