Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 15 >> 

1Para sedulur, aku saiki arep ngélingaké kowé bab Injil sing biyèn wis dakwartakaké marang kowé. Injil wis koktampani lan saiki kowé wis padha mantep precayamu, alandhesan Injil mau.

2Srana Injil mau kowé padha dislametaké, angger enggonmu nampani klawan mantep, kejaba menawa enggonmu nampani tanpa pangerti.

3Apa sing dakwartakaké marang kowé iki iya sing wis daktampani dhéwé. Déné sing penting dhéwé yakuwi, Sang Kristus wis séda krana dosa-dosa kita, kaya sing katulis ana ing Kitab Suci;

4lan Panjenengané wis kasarèkaké, lan wis kawungokaké ing telung dinané, kaya sing katulis ana ing Kitab Suci;

5lan Panjenengané wis ngetingal marang Pétrus, sawisé kuwi marang para rasulé rolas;

6banjur ngetingal uga marang para muridé luwih saka wong limang atus bebarengan; wong-wong mau nganti sepréné akèh sing isih padha urip, salong iya wis padha mati.

7Gusti Yésus mau uga ngetingal marang Yakobus, banjur marang para rasul kabèh.

8Déné sing kèri dhéwé ngetingal marang aku, senajan aku iki kaya déné bayi sing lair keluron.

9Aku iki rasul sing asor dhéwé lan ora pantes disebut rasul, merga aku wis tau nguya-uya pasamuwané Gusti Allah.

10Nanging merga sih-rahmaté Gusti Allah, aku dadi kaya kaananku saiki. Lan sih-rahmat sing kaparingaké déning Gusti Allah marang aku, ora muspra. Awit aku wis nyambut-gawé luwih keras ketimbang karo para rasul liya-liyané, senajan satemené dudu saka pamersudiku dhéwé, nanging merga sih-rahmaté Gusti Allah sing makarya ana ing aku.

11Mulané embuh aku, embuh rasul liyané sing ngabaraké Injil, kuwi ora penting. Sing prelu dhéwé Injil sing kokprecaya kuwi pinangkané saka Gusti Allah.

12Menawa kita martakaké, yèn Sang Kristus kuwi kawungokaké saka ing séda, kepriyé kokpanunggalanmu ana wong sawetara sing kandha, yèn wong mati bakal ora katangèkaké?

13Saupama mengkono temenan, kuwi rak ateges Sang Kristus uga ora kawungokaké.

14Lan yèn Sang Kristus ora kawungokaké, rak ora ana prekara sing prelu dakwartakaké. Mengkono uga rak ora ana prekara sing prelu kokprecaya.

15Malah aku banjur padha ketitik goroh ing ngatasé Gusti Allah, sebab aku padha muni yèn Gusti Allah kuwi mungokaké Sang Kristus saka ing séda, mangka kandhané wong mau, wong mati ora katangèkaké.

16Sebab menawa wong mati ora katangèkaké, mesthiné Sang Kristus rak iya ora kawungokaké.

17Lan yèn Sang Kristus ora kawungokaké precayamu rak mung gagasan sing ngayawara (khayalan) lan kowé isih padha mati merga dosa-dosamu.

18Kuwi uga ateges yèn wong-wong Kristen sing wis padha mati, kabèh wis padha mati merga dosa-dosané.

19Lan yèn enggon kita precaya marang Sang Kristus mau mung kanggo urip kita salawasé ana ing donya iki waé, kita iki rak dadi wong sing cilaka dhéwé ana ing jagad kéné.

20Nanging sing bener yakuwi: Sang Kristus wis kawungokaké saka ing séda, lan kuwi sing dadi jaminan, yèn wong sing wis mati iya bakal katangèkaké.

21Sebab kaya déné pati kuwi tekané merga saka wong siji, mengkono uga patangèné wong mati iya merga saka wong siji.

22Kaya déné wong kabèh enggoné mati merga nunggal dat karo Rama Adam, mengkono uga manungsa kabèh bakal katangèkaké saka ing pati merga enggoné tetunggilan karo Sang Kristus.

23Siji-sijiné ditangèkaké manut gilirané: dhisik dhéwé Sang Kristus, banjur wong-wong sing dadi kagungané, yakuwi mbésuk samangsa Panjenengané rawuh menèh.

24Sawisé kuwi, lagi kiamat. Sang Kristus bakal nelukaké sakèhé para penggedhé, pepréntahan, lan sakèhé pangwasa, sarta masrahaké pangwasa enggoné jumeneng ratu ana ing Kratoné, marang Allah Sang Rama.

25Awit ora kena ora Sang Kristus mesthi ngratoni jagad iki nganti sakèhé mungsuhé ditelukaké déning Gusti Allah ana ing sangisoring sampéyané.

26Déné mungsuh pungkasan sing bakal katelukaké, yakuwi pati.

27Awit ing Kitab Suci ana pangandika: "Gusti Allah wis nelukaké samubarang kabèh ana ing sangisoring sampéyané." Tembung "samubarang kabèh" kuwi mesthi ateges yèn Gusti Allah piyambak ora klebu ana ing kono, merga Panjenengané sing nelukaké samubarang mau marang Sang Kristus.

28Sawisé samubarang kabèh kelakon katelukaké marang Sang Kristus, nuli Sang Kristus, yakuwi Sang Putra piyambak, bakal nelukaké sarirané piyambak marang Gusti Allah, sing wis nelukaké samubarang kabèh marang Sang Putra. Kaya mengkono akiré Gusti Allah piyambak sing bakal ngasta sakabèhing pepréntahan.

29Yèn ora mengkono, apa paédahé baptisé wong-wong sing padha dibaptis merga wong mati? Sing diarep-arep apa? Menawa wong mati ora ditangèkaké, kaya kandhané sawenèhing wong, yagéné wong-wong mau padha dibaptis merga wong sing wis mati?

30Mengkono uga aku kabèh iki, yagéné aku sawayah-wayah padha gelem ngadhepi bebaya?

31Enggonku kandha mengkono mau, merga kowé gawé mongkoging atiku déné padha dadi wong Kristen.

32Saupama enggonku gelut karo kéwan-kéwan galak ana ing kutha Éfesus mung ditimbang-timbang cara manungsa, paédahé apa tumraping aku? Menawa wong mati ora ditangèkaké, apa ora luwih becik yèn kita padha muni: !!— kaya uniné sawenèhing wong —"Payo padha mangan lan ngombé, awit sésuk kita padha mati."

33Kowé aja kena diapusi! Pesrawungan sing ala kuwi ngrusak kasusilanmu.

34Pikiranmu sing waras padha pigunakna menèh, lan marènana gawé dosa. Kowé kudu isin, menawa aku kandha ing antaramu ana sing durung wanuh karo Gusti Allah.

35Mbokmenawa ana wong takon: "Wong mati kuwi enggoné katangèkaké kepriyé? Lan yèn wis katangèkaké badané kaya apa?"

36Bodho temen kowé kuwi! Yèn kowé nandur wiji ana ing lemah, apa wiji mau ora kudu mati dhisik sadurungé thukul?

37Sing koktandur ing lemah mau rak ya mung wiji, upamané wiji gandum utawa wiji-wiji liyané, nanging rak ora wujud tanduran sing wis pepak.

38Sing maringi wujud marang saben wiji mau Gusti Allah, miturut ing sakarsané piyambak, saben wiji kaparingan wujud sing cocog karo wiji mau.

39Dagingé para tumitah sing kadunungan nyawa kuwi ora padha. Dagingé manungsa béda karo dagingé titah liyané. Dagingé kéwan-kéwan iya béda-béda. Dagingé manuk béda karo dagingé kéwan liyané, semono uga iwak dagingé béda menèh.

40Mengkono uga ana barang sing ana ing langit lan ana barang sing ana ing bumi; kamulyané barang kang ana ing langit, béda karo kamulyané barang kang ana ing bumi.

41Kamulyané srengéngé béda karo kamulyané rembulan, lan béda karo kamulyané lintang-lintang. Malah ing antarané lintang-lintang dhéwé kamulyané uga béda-béda.

42Kaya mengkono bakal kaanané wong mati mbésuk yèn katangèkaké. Nalika badan kakubur, badan mau nandhang rusak, nanging mbésuk, yèn badan katangèkaké, kaanané bakal langgeng.

43Nalika dikubur kaanané badan mau nistha lan ringkih, nanging yèn wis katangèkaké, kaanané bakal éndah lan kuwat.

44Nalika kakubur badan mau arupa badan wadhag, nanging sawisé katangèkaké bakal arupa badan kasukman. Yèn ana badan wadhag, iya ana badan kasukman.

45Kaya sing dingandikakaké déning Kitab Suci: "Manungsa wiwitan Adam, kuwi dadi titah sing urip," nanging Adam sing wekasan dadi, Roh sing nguripaké.

46Sing teka dhisik dudu badan kasukman, nanging badan kedagingan; sawisé kuwi lagi sing sipat kasukman.

47Adam sing kawitan dumadiné saka lemah, nanging Adam sing kapindho asalé saka ing swarga.

48Wong-wong kadonyan padha karo sing asalé saka lemah mau, nanging wong-wong kaswargan kaya Panjenengané, sing pinangkané saka ing swarga.

49Kaya déné sipat kita saiki, kaya wong sing katitahaké saka lemah, mengkono uga mbésuk sipat kita bakal kaya Panjenengané sing pinangkané saka ing swarga mau.

50Sing dakkarepaké mengkéné, para sedulur, yakuwi badan kita sing sipat daging lan getih iki ora bisa mèlu urip ana ing Kratoné Gusti Allah, lan titah sing kena ing rusak iki ora bisa duwé sipat langgeng.

51Wewadi sing dakkandhakaké marang kowé iki setitèkna: Kita ora kabèh bakal ngalami mati, nanging samangsa slomprèt sing wekasan dhéwé diunèkaké, kita sanalika bakal padha malih.

52Awit samangsa slomprèt mau muni, wong mati bakal padha katangèkaké nganggo kaanan sing langgeng, lan kita kabèh bakal padha malih.

53Awit apa sing kena ing rusak mau bakal salin wujud, sing asipat langgeng; lan sing bisa mati bakal ngrasuk sipat sing ora bisa mati.

54Lan yèn samubarang sing kena ing rusak mau wis ngrasuk sipat langgeng, lan apa sing bakal mati kuwi wis ngrasuk sipat ora kena ing pati, ing kono bakal kelakon pangandikané Kitab Suci sing mengkéné: "Pati wis ditelukaké, lan kaunggulané ing ngatasé pati wis sampurna."

55"Hèh pati, ana ing ngendi kaunggulanmu? Hèh pati, ana ing ngendi ampuhing wisamu?"

56Wisaning pati kuwi dosa, lan sing mènèhi kekuwatan marang dosa kuwi Torèt.

57Nanging puji sokur konjuk marang Gusti Allah, sing wis maringi kaunggulan marang kita lantaran Yésus Kristus, Gusti kita!

58Mulané para sedulurku, kowé padha sing mantep lan padha sing teguh. Padha tansah sregepa nglakoni ayahan peparingé Gusti Yésus, sebab kowé ngerti yèn pegawéanmu kuwi babar-pisan ora muspra.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Korintus 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel