Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 1 >> 

1Raja Dawud saya sepuh banget. Senajan ngagem slimut kandel meksa isih kasrepen.

2Mulané para abdiné padha matur, "Dhuh Sang Prabu, menapa mboten prayogi kawula sami pados prawan ingkang nenggani lan ngrimati panjenengan. Laré menika tilema kaliyan panjenengan supados sarira panjenengan anget."

3(1:3-4) Banjur padha golèk bocah wadon sing ayu ing sanegara Israèl kabèh. Ing Sunèm ana prawan, jenengé Abisag, ayu banget; banjur disowanaké Sang Prabu lan dikon ngladèni sarta njaga panjenengané, nanging wong wadon mau ora diwori saré.

4(1:3)

5(1:5-6) Sarèhné Absalom wis mati, mulané putrané Sang Raja Dawud sing tuwa dhéwé saiki Adonia. Asmané ibuné Hagit. Adonia kuwi rupané bagus. Yèn gawé keluputan ora tau disendhu déning ramané. Sarèhné kepéngin dadi raja, Adonia banjur nyawisaké kréta perang, prejurit jaranan lan pengawal sèket.

6(1:5)

7Adonia banjur rembugan karo Yoab lan Abiatar. (Ibuné Yoab asmané Zeruya.) Yoab lan Imam Abiatar nyarujuki karepé Adonia.

8Nanging Imam Zadok, Benaya bin Yoyada, Nabi Natan, Simèi, Rèi lan pengawalé pribadi Raja Dawud padha ora rujuk karo karepé Adonia.

9Ing sawijining dina Adonia saos kurban wedhus, sapi lanang lan sapi nom lemu-lemu ana ing panggonan sing jenengé Ula Watu, ing sacedhaké sendhang Èn-Rogèl. Putra-putrané Raja Dawud liyané sarta para pegawé kraton Yéhuda diulemi kabèh ing pésta mau,

10nanging Suléman, adhiné Adonia, Nabi Natan sarta Benaya lan pengawalé pribadi Sang Raja Dawud ora diulemi.

11Nabi Natan sowan marang Bètsyéba, ibuné Suléman, aturé, "Menapa panjenengan mboten pirsa bilih Adonia, putranipun Hagit, sampun dados raja saking kajengipun piyambak, mangka Sang Raja Dawud mboten pirsa menapa-menapa bab menika.

12Menawi Suléman lan panjenengan piyambak kepéngin wilujeng, kula prayogèkaken

13supados énggal-énggal sowan dhateng Sang Raja Dawud kaliyan matur mekaten, ‘Menapa mboten Sang Raja piyambak ingkang sumpah dhateng kawula, bilih anak kawula Suléman ingkang badhé dados raja, nggentosi panjenengan?’"

14Aturé Nabi Natan menèh, "Mangké salebetipun panjenengan ngandikan kaliyan Sang Raja, kula badhé mlebet ngiyataken atur panjenengan."

15Bètsyéba banjur sowan ngadhep ing kamaré Sang Raja. Sang Raja wis sepuh banget, lan diladosi déning Abisag, prawan saka Sunèm.

16Bètsyéba sungkem ing ngarsané Sang Raja banjur didangu, "Kowé arep nyuwun apa?"

17Aturé Bètsyéba, "Dhuh Sang Prabu. Panjenengan sampun sumpah dhateng kawula demi asmanipun Pangéran, Allah panjenengan, bilih anak kawula Suléman badhé dados raja, nggentosi panjenengan.

18Nanging samenika Adonia sampun madeg raja, mangka panjenengan mboten pirsa prekawis menika.

19Adonia sampun saos kurban ageng-agengan arupi ménda, lembu jaler lan pedhèt lema-lema. Ugi sampun ngulemi putra-putra panjenengan lan Imam Abiatar, Yoab tuwin para panglimané perang wonten ing pésta menika. Nanging Suléman mboten dipun ulemi.

20Dhuh Sang Prabu, samenika umat Israèl sedaya sami nengga-nengga dhawuh panjenengan bab sinten ingkang badhé nggantos panjenengan jumeneng raja.

21Menawi panjenengan mboten paring dhawuh samenika, mangké sesampunipun panjenengan séda kawula lan anak kawula mesthi badhé kasiya-siya kados pengkianat."

22Sajroné Bètsyéba isih matur, Nabi Natan mlebet ing kraton.

23Sawisé Sang Prabu diaturi pirsa, Nabi Natan banjur marek lan sujud ana ing ngarsané Sang Prabu.

24Aturé, "Dhuh Sang Prabu, menapa panjenengan sampun ngumumaken, bilih Adonia nggentosi panjenengan jumeneng raja?

25Ing dinten menika piyambakipun sampun nyaosaken kurban ménda, lembu jaler lan pedhèt lema-lema. Para putra panjenengan sedaya sampun dipun ulemi; ugi Yoab, panglima, lan Imam Abiatar. Tiyang-tiyang wau sedaya nembé kémawon sami pésta kaliyan Adonia sarta sami surak-surak, ‘Sugenga Sang Raja Adonia!’

26Nanging kula mboten dipun ulemi, mekaten ugi Imam Zadok, Benaya sarta Suléman.

27Menapa panjenengan ingkang ndhawuhi tiyang-tiyang wau sami tumindak mekaten, tanpa paring sumerep dhateng para punggawa, bab sinten ingkang panjenengan angkat dados gantos panjenengan?"

28Sang Raja Dawud dhawuh, "Bètsyéba aturana mréné." Bètsyéba uga nuli sowan.

29(1:29-30) Banjur dingandikani déning Sang Prabu mengkéné, "Aku pancèn wis janji karo kowé, demi Pangéran, Allahé Israèl, yèn Suléman, anakmu sing bakal nggentèni aku dadi raja. Lan saiki aku kandha karo kowé, demi Allah sing sipat gesang, sing wis ngluwari aku saka sakèhé kasangsaran, yèn ing dina iki uga aku bakal netepi janjiku marang kowé."

30(1:29)

31Bètsyéba banjur sujud karo matur, "Mugi-mugi Sang Prabu sugenga ing selaminipun!"

32Raja Dawud banjur utusan nimbali Imam Zadok, Nabi Natan lan Benaya. Sawisé padha marek,

33banjur dingandikani mengkéné, "Para punggawaku padha klumpukna, banjur Suléman, anakku, tunggangna bihal tumpakanku dhéwé, gawanen menyang sendhang Gihon.

34Ana ing kana Imam Zadok lan Nabi Natan kudu njebadi dadi raja Israèl. Sawisé mengkono kowé kudu padha ngunèkaké slomprèt lan surak-surak, ‘Sugenga Sang Prabu Suléman.’

35Yèn wis, Suléman iriden mréné, lungguhna ing dhamparku, sebab dhèwèké sing dakpilih dadi raja nggentèni aku, mréntah umat Israèl lan Yéhuda."

36Unjuké Benaya, "Inggih Sang Prabu, mugi-mugi Allah panjenengan mberkahi dhawuh panjenengan.

37Kados déné Pangéran sampun nunggil kaliyan panjenengan, semanten ugi mugi inggih kersa nunggil kaliyan Suléman. Mugi-mugi Gusti Allah nyantosakaken pepréntahanipun ngungkuli pepréntahan panjenengan."

38Imam Zadok, Nabi Natan, Benaya lan pengawal pribadiné Sang Prabu banjur ngaturi Suléman nitih bihalé Raja Dawud, sarta dijak menyang sendhang Gihon.

39Imam Zadok banjur mundhut gendul lenga zaitun olèhé ngasta saka Kémah Pedalemané Allah, diagem njebadi Suléman. Slomprèt-slomprèt banjur diunèkaké lan wong kabèh sing ana ing kono padha surak-surak, "Sugenga Sang Prabu Suléman!"

40Suléman banjur kondur diiring déning wong akèh mau, karo surak-surak lan ngunèkaké suling, nganti buminé horeg merga saka raméné.

41Lagi waé Adonia lan para tamuné rampung enggoné pésta, padha krungu raméné wong sing padha surak-surak mau. Nalika krungu swarané slomprèt Yoab takon, "Ing kutha ana apa, kokraméné kaya ngana?"

42Yoab durung rampung olèhé kandha dumadakan Yonatan, anaké Imam Abiatar teka. Adonia mbagèkaké, pangucapé, "Mlebua mréné. Kowé wong becik, mesthiné iya nggawa kabar becik."

43Wangsulané Yonatan, "Nyuwun ngapunten, mboten mekaten. Raja Dawud sampun ngangkat Suléman jumeneng raja.

44Imam Zadok, Nabi Natan, Benaya lan pengawalipun Sang Prabu sampun kadhawuhan ngiring Suléman. Suléman kadhawuhan nitih bihalipun Sang Prabu,

45lan Imam Zadok sarta Nabi Natan sampun njebadi Suléman wonten ing sendhang Gihon. Sesampunipun menika lajeng sami mlebet ing kitha kaliyan surak-surak ramé sanget. Tiyang sakitha sami kagèt sedaya. Inggih swanten ramé ingkang kita pireng menika,

46Suléman samenika sampun jumeneng raja.

47Malah para pegawé kraton sampun sami sowan nyalami Sang Raja Dawud. Aturipun, ‘Mugi-mugi Pangéran, Allah panjenengan, ndadosaken Suléman langkung misuwur tinimbang panjenengan; mugi-mugi pepréntahanipun Suléman langkung ageng kawibawanipun ketimbang kaliyan pepréntahan panjenengan.’ Sang Prabu Dawud lajeng nyembah sujud dhateng Allah wonten ing pesaréanipun,

48sarta ndedonga, ‘Pinujia Pangéran, Allah sesembahanipun umat Israèl. Ing dinten menika salah setunggaling anak-turun kawula sampun Paduka angkat dados raja, nggentosi kawula, lan kawula sampun Paduka parengaken taksih gesang menangi kedadosan menika!’"

49Para tamuné Adonia kabèh padha wedi, mula padha ngadeg, banjur bubar sowang-sowangan.

50Adonia wedi banget karo Suléman, mula lunga menyang Kémah Palenggahané Allah, nyekel sungu-sunguné mesbèh.

51Ana wong sing ngaturi pirsa marang Raja Suléman, yèn Adonia saking wediné saiki cekelan sungu-sunguné mesbèh lan kandha, "Aku njaluk supaya Suléman sumpah dhisik karo aku, yèn aku ora arep dipatèni."

52Wangsulané Suléman, "Yèn Adonia becik lakuné mesthi ora bakal dikapak-kapakaké, nanging yèn nindakaké piala, mesthi bakal dipatèni."

53Raja Suléman banjur utusan wong ngirid Adonia saka mesbèh. Adonia nuli sowan Raja Suléman lan sungkem ing ngarsané. Sang Raja ngandika, "Wis, muliha."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel