Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 13 >> 

1Dhèk semono ana nabi saka Yéhuda, sing diutus déning Allah menyang Bètèl. Nalika nabi mau teka ing Bètèl, Yérobéam lagi ana ing ngareping mesbèh arep saos kurban.

2Atas dhawuhé Allah nabi mau banjur kandha marang mesbèh klawan sora, "Hé mesbèh! Ana dhawuhé Yéhuwah mengkéné, ‘Bakal ana bocah lair saka ing kulawargané Dawud, jenengé Yosia. Kuwi bakal matèni imam-imam sing ngurusi mesbèhé brahala-brahala lan saos kurban ana ing mesbèh kéné.’"

3Nabi mau ngandika menèh mengkéné, "Mesbèh iki bakal ambruk lan awuné numplek ing lemah. Kuwi buktiné yèn aku iki diutus déning Allah."

4Bareng krungu tembungé nabi mau Yérobéam banjur ngandika karo ngacungaké astané nudingi nabi mau, "Wong kuwi cekelen!" Nanging astané Yérobéam dadi kajeng nganti ora kena diudhunaké menèh.

5Mesbèh mau dumadakan ambruk lan awu sing tumumpang ing ndhuwuré numplek ing lemah, kaya sing dingandikakaké déning nabi mau atas asmané Allah.

6Yérobéam banjur ngandika marang nabi kuwi, "Panjenengan kersaa nyuwun dhateng Pangéran, Allah panjenengan, supados tangan kula saras malih!" Nabi mau iya banjur ndedonga marang Allah, mula astané Sang Prabu pulih sanalika.

7Sang Prabu banjur ngandika marang nabi mau, "Mangga dhahar ing griya kula. Panjenengan badhé kula caosi hadiah minangka atur panuwun kula."

8Nanging nabi mau mangsuli, "Senajan panjenengan maringi sepalihing kraton panjenengan, kula mboten badhé ndhèrèk nedha lan ngombé kaliyan panjenengan.

9Kula kadhawuhan déning Allah supados mboten nedha lan ngombé sarta mboten badhé wangsul medal mergi ingkang wau kula langkungi."

10Dadiné nabi mau lunga metu dalan liya.

11Nalika semono ing Bètèl ana nabi tuwa. Nabi kuwi dicritani déning anak-anaké apa sing ditindakaké déning nabi saka Yéhuda mau, lan apa sing dingandikakaké marang Yérobéam.

12Nabi tuwa mau banjur takon, "Nabi saka Yéhuda mau mulihé metu endi?" Banjur dikandhani dalan sing diliwati nabi mau.

13Nabi tuwa kuwi nuli akon nglapaki kuldiné, banjur dicéngklak, nggeblas,

14nututi nabi saka Yéhuda mau, wusana ketemu lagi lungguhan ing ngisoring wit gedhé. Pitakoné nabi tuwa, "Menapa panjenengan nabi ingkang saking Yéhuda menika?" Wangsulané sing ditakoni, "Inggih."

15Pangucapé nabi tuwa menèh, "Mangga kula aturi dhahar ing griya kula."

16Nanging diwangsuli karo nabi saka Yéhuda, "Matur nuwun. Kula mboten saged ndhèrèk, lan inggih mboten badhé nedha lan ngombé ing ngriki kaliyan panjenengan,

17mergi kula sampun nampi dhawuh saking Allah supados mboten nedha lan ngombé sarta wangsul medal mergi ingkang kula langkungi nalika kula dhateng."

18Nabi tuwa saka Bètèl mau banjur matur goroh, "Kula menika inggih nabi kados panjenengan. Wau wonten malaékat utusanipun Allah ndhawuhi kula supados methuk panjenengan lan ngaturi dhahar panjenengan ing griya kula."

19Nabi saka Yéhuda mau banjur mèlu menyang omahé nabi tuwa saka Bètèl, sarta mangan bebarengan.

20Sajroné padha lungguh mangan bebarengan, Gusti Allah ngandika marang nabi tuwa mau,

21temah banjur melèhaké nabi saka Yéhuda mengkéné, "Gusti Allah ngandika, bilih panjenengan mboten mbangun-turut lan mboten nglampahi menapa ingkang dados dhawuhipun Allah.

22Malah panjenengan wangsul lan nedha, mangka Allah dhawuh bilih panjenengan mboten klilan nedha. Pramila panjenengan badhé kapejahan lan jisim panjenengan badhé mboten kakubur wonten ing kuburaning kulawarga panjenengan."

23Sawisé rampung enggoné padha mangan, nabi tuwa mau banjur nglapaki kuldiné nabi saka Yéhuda,

24lan nabi mau uga banjur budhal. Ana ing dalan nabi mau ditubruk singa dadi lan patiné. Jisimé gumléthak ing dalan, ing sandhing kuldiné. Singané uga ngadeg ana ing kono.

25Wong-wong sing padha liwat padha weruh jisim lan singa mau. Banjur padha awèh weruh marang wong-wong ing Bètèl.

26Bareng nabi tuwa ing Bètèl krungu bab mau, banjur muni, "Kuwi ora liya mesthi nabi sing mbangkang marang dhawuhé Allah kaé! Mulané Allah ngutus singa mrono matèni dhèwèké kaya sing dingandikakaké sadurungé."

27Sawisé muni mengkono nabi tuwa mau banjur ndhawuhi putra-putrané, "Kuldiku lapakana" sarta budhal

28numpak kuldiné lan nemu jisimé nabi saka Yéhuda isih gumléthak ing dalan. Kuldi lan singané uga isih ana ing kono. Jisim lan kuldi mau ora dikapak-kapakaké déning singané.

29Jisimé banjur diangkat lan disèlèhaké ing kuldiné, digawa mulih menyang Bètèl, arep dikubur ing kana nganggo upacara.

30Jisimé dikubur ing kuburané nabi sing tuwa mau. Sawisé mengkono nabi karo putra-putrané padha nganakaké petangisan, pangucapé, "Dhuh sedhèrèk kula, mesakaken temen kawontenan panjenengan."

31Nabi tuwa mau weling marang putra-putrané, "Yèn aku mati, kuburen ing kéné, sandhingé nabi kuwi.

32Apa sing diucapaké atas dhawuhé Allah tumraping mesbèh ing Bètèl lan tumraping papan pangibadah kabèh sing ana ing kutha Samaria mesthi bakal kelakon."

33Raja Yérobéam tetep ora kersa nilar pendamelé sing ala. Kanggo ngurusi mesbèh-mesbèh sing diyasa mau panjenengané isih terus ngangkati imam-imam sing ora saka kulawarga Lèwi. Angger wong sing gelem banjur diangkat dadi imam.

34Tumindaké sing mengkono mau gawé cilakané putra-wayahé, mulané padha ludhes babar-pisan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel