Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 2 >> 

1Bareng wis ngarepaké séda, Dawud nimbali Suléman, sarta paring piweling sing pungkasan marang putrané mau, dhawuhé,

2"Iki wis tekan wektuku. Kowé sing kendel lan sing gedhé precayamu.

3Lakonana apa sing didhawuhaké déning Pangéran marang kowé. Dhawuh-dhawuh lan prenatan-prenatané sing katulis ing Kitabé Musa kabèh tindakna, supaya kowé binerkahan ing saparan-paranmu lan ing sapenggawému.

4Yèn kowé ngèstokaké dhawuhé Pangéran, Panjenengané bakal netepi janjiné, yakuwi anak-turunmu bakal ngerèh bangsa Israèl; semono mau yèn tansah padha nglakoni dhawuh-dhawuhé klawan setya lan kanthi éklasing ati.

5Isih ana saprekara menèh! Kowé mesthiné isih kèlingan karo penggawéné Yoab marang aku. Yakuwi enggoné matèni perwira Israèl loro, Abnèr bin Nèr lan Amasa bin Yètèr. Wong-wong mau padha dipatèni déning Yoab ing mangsa tentrem, digawé kaya lelakon ing mangsa perang. Yoab wis matèni wong sing ora salah, lan aku sing kudu mikul penggawéné, nganti aku sengsara.

6Saiki, kowé nggèr, ngertia marang kuwajibanmu: Yoab aja koktogaké nganti mati tuwa.

7Nanging anak-anaké lanang Barzilai, wong Giléad kaé becikana. Wènèhana sokongan kanggo panguripané, sebab wong-wong kuwi padha mbeciki aku, yakuwi nalika aku padha ngungsi nyingkiri sedulurmu Absalom.

8Déné Simèi bin Géra, sing asalé saka Bahurim, wilayah Bènyamin, welingku mengkéné: Nalika aku lunga menyang Mahanaim, Simèi kuwi kebangeten enggoné nyepatani aku. Nanging bareng aku ketemu karo dhèwèkné ing Kali Yardèn, aku wis sumpah demi Allah, yèn dhèwèkné ora bakal dakpatèni.

9Mung welingku, wong mau aja dibébasaké saka ukuman. Aku ngerti yèn kowé wong wicaksana; mulané ngerti carané gawé patiné wong mau."

10Dawud nuli séda lan disarèkaké ana ing kuthané Dawud.

11Enggoné jumeneng raja ing Israèl lawasé patang puluh taun; pitung taun dedalem ing Hébron lan telung puluh telu taun ing Yérusalèm.

12Suléman jumeneng raja nggentèni Dawud. Pangwasané Raja Suléman gedhé banget.

13Ing sawijining dina Adonia sowan marang Bètsyéba. Bètsyéba ndangu mengkéné, "Apa sowanmu nggawa kabar becik?" Wangsulané Adonia, "Inggih."

14Banjur matur menèh, "Wonten prekawis ingkang badhé kula suwun saking ibu." Pendanguné Bètsyéba, "Apa sing arep koksuwun?"

15Adonia mangsuli, "Ibu pirsa bilih ingkang dados raja menika leresipun kula; tiyang Israèl sedaya sampun ngajeng-ajeng bab menika. Nanging kedadosanipun malah kosokwangsul; ingkang dados raja adhi kula, mergi sampun mekaten kersanipun Pangéran.

16Samenika kula gadhah panyuwun saprekawis kémawon, mugi sampun ngantos panjenengan tampik."

17Pendanguné Bètsyéba, "Sing koksuwun apa?" Aturé Adonia, "Kula suwun ibu kersaa nglantaraken dhateng Raja Suléman supados kula dipun parengaken mendhet Abisag, laré èstri saking Sunèm menika dados sémah kula. Kula pitados Suléman mboten badhé kawratan menawi ibu ingkang ngandika."

18Pangandikané Bètsyéba, "Ya becik, dakkandhakné karo Suléman."

19Bètsyéba banjur nemoni Suléman, arep nerusaké panyuwuné Adonia. Sang Prabu jumeneng sarta mbungkuk ngurmati kang ibu, banjur lenggah ing dhamparé. Nuli utusan wong njupuk kursi diprenahaké ana ing tengené kagem kang ibuné.

20Bètsyéba banjur ngandika, "Aku arep ngrembug prekara sepélé karo sliramu; muga-muga aja koktampik." Aturé Suléman, "Prekawis menapa Bu. Kula mboten badhé nampik."

21Pangandikané Bètsyéba, "Adonia, sedulurmu, kepéngin ngepèk bojo Abisag."

22Aturé Suléman, "Kénging menapa ibu mundhut pirsa prekawis mekaten dhateng kula? Menika sami kémawon kaliyan ibu mundhut supados kula nyukakaken dhamparing keprabon menika dhateng piyambakipun. Piyambakipun rak kakang kula. Menapa malih Imam Abiatar lan Yoab mihak dhateng piyambakipun!"

23Sawisé ngandika mengkono Suléman banjur sumpah demi Allah, "Mugi-mugi Allah ngukum dhateng kula menawi Adonia mboten kula pejahi mergi panyuwunipun menika!

24Gusti Allah sampun nyantosakaken enggèn kula dados raja nggentosi bapak kula Dawud. Gusti Allah sampun netepi janjinipun lan sampun maringaken dhamparing kraton menika dhateng kula turun-temurun. Kula sumpah demi Allah, bilih ing dinten menika ugi Adonia kedah pejah!"

25Raja Suléman nuli paring dhawuh marang Benaya; sing didhawuhi iya nuli mangkat matèni Adonia.

26Sawisé mengkono Raja Suléman nuli ngandika marang Imam Abiatar, "Kowé balia menyang panggonan asalmu ing Anatot. Sejatiné kowé pantes diukum pati, nanging ing dina iki aku ora arep matèni kowé, sebab nalika kowé isih bebarengan karo bapakku, kowé mèlu ngrasakaké sakèhé lara-lapané bapak."

27Abiatar banjur dilèrèni déning Suléman saka enggoné dadi imam. Nganggo cara mengkono Suléman ngleksanani apa sing dingandikakaké déning Pangéran ana ing Silo bab Imam Èli lan anak-anaké.

28Krungu prekara mau Yoab dadi wedi, merga dhèwèké mihak marang Adonia, senajan dhèk biyèn ora mihak marang Absalom. Mulané Yoab banjur mlayu mlebu Kémah Palenggahané Pangéran sarta nyekel sungu-sunguné mesbèh.

29Kabar mau diaturaké marang Raja Suléman. Mulané Sang Prabu utusan Benaya matèni Yoab.

30Benaya banjur marani Yoab ing Kémah Palenggahané Pangéran, sarta kandha karo Yoab, "Kowé didhawuhi Sang Prabu metu saka kono!" Wangsulané Yoab, "Ora, aku arep mati ana ing kéné." Benaya bali lapur marang Sang Prabu.

31Mireng lapuran mau Sang Prabu ngandika, "Lakonana sapenjaluké Yoab. Patènana lan kuburen, supaya aku lan anak-turunku ora nyangga paukumané Yoab, sing matèni wong ora salah.

32Gusti Allah bakal ngukum Yoab, merga matèni wong tanpa idiné bapakku. Abnèr, perwira Israèl lan Amasa, perwira Yéhuda, loro-loroné ora salah. Loro-loroné luwih becik ketimbang karo Yoab dhéwé, éwasemono padha dipatèni.

33Paukuman merga enggoné matèni perwira loro mau kudu disangga déning Yoab lan anak-turuné ing selawas-lawasé. Nanging anak-turuné bapakku sing dadi raja bakal selawasé diberkahi déning Allah, sarta urip klawan ayem tentrem."

34Benaya banjur lunga menyang Kémah Palenggahané Allah menèh lan Yoab dipatèni ana ing kono. Yoab dikubur ing sanjabané kutha, ana ing pekarangané dhéwé.

35Sawisé mengkono Sang Prabu banjur ngangkat Benaya dadi panglima nggentèni Yoab, lan Zadok diangkat dadi imam nggentèni Imam Abiatar.

36Sawisé mengkono Raja Suléman nimbali Simèi, dingandikani mengkéné, "Gawéa omah ing Yérusalèm kéné, manggona ing kono lan aja metu-metu saka kutha.

37Yèn kowé wani-wani metu lan nyabrang Kali Kidron, kowé bakal dipatèni; lan kuwi merga saka salahmu dhéwé."

38Unjuké Simèi, "Inggih prayogi. Kula badhé nglampahi dhawuhipun Sang Prabu." Mulané Simèi banjur manggon ing Yérusalèm lawasé telung taun.

39Kecrita baturé Simèi loro minggat lan mlayu menyang panggonané Akis bin Maaka, raja ing Gat. Krungu kabar mau Simèi,

40banjur masang lapak kuldiné lan mangkat nututi baturé menyang Gat, saprelu nemoni raja Akis bin Maaka. Bareng wis ketemu banjur digawa mulih.

41Sang Prabu Suléman mireng kedadéan mau

42banjur utusan nimbali Simèi, lan dingandikani mengkéné, "Kowé wis dakkon sumpah demi Allah, yèn ora bakal metu saka kutha Yérusalèm. Lan kowé uga wis dakkandhani yèn samasa kowé metu saka Yérusalèm, kowé bakal diukum pati. Kowé wis janji lan setuju arep nglakoni dhawuhku mau ta?

43Nanging yagéné saiki kowé ora netepi janjimu lan ora nglakoni dhawuhku?

44Kowé rak ngerti sakèhé piala sing koktandukaké marang bapakku. Mulané Pangéran bakal ngukum kowé,

45nanging mberkahi aku, lan kratoné bapakku bakal disentosakaké ing selawas-lawasé."

46Sawisé ngandika mengkono Sang Prabu banjur dhawuh marang Benaya supaya matèni Simèi. Wiwit nalika semana Suléman nindakaké pepréntahan klawan pangwasa sakatogé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel