Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 21 >> 

1Ing sacedhaké kedhatoné Raja Akhab ana kebon anggur duwèké wong Yésreèl jenengé Nabot.

2Ing sawijining dina Akhab ngandika marang Nabot, "Kebon anggurmu kuwi dakpèké, sebab kebon kuwi cedhak karo kedhatonku, lan aku kepéngin nandur sayuran ana ing kono. Kowé dakijoli kebon anggur sing luwih becik ketimbang karo kuwi, utawa yèn kowé milih dhuwit, kebon kuwi daktukuné nganggo rega sing patut."

3Atur wangsulané Nabot, "Kebon anggur menika warisan saking para leluhur kula, pramila demi Allah, mboten badhé kula caosaken dhateng panjenengan!"

4Klawan penggalih sedhih campur duka merga wangsulané Nabot mau, Akhab kondur, nggloso ing pesaréané ngadhepaké témbok lan ora kersa dhahar.

5Nuli dituwèni déning Izébèl, garwané, karo nyuwun pirsa mengkéné, "Kénging menapa gerah ing penggalih, lan mboten kersa dhahar?"

6Wangsulané Akhab, "Merga aku ora seneng karo Nabot. Aku kepéngin nuku kebon angguré, utawa yèn dhèwèké gelem, arep dakijoli kebon anggur liyané sing luwih becik, nanging dhèwèké ora olèh!"

7Wangsulané Izébèl, "Lho, panjenengan menika rak raja. Mangga wungu lan dhahar, mboten prelu dipun penggalih, sebab kebon anggur menika badhé kula hadiahaken dhateng panjenengan!"

8Sawisé mengkono Izébèl banjur nulis layang, sing ditapak-astani lan disègel déning Akhab. Layang mau dikirim marang para penggedhé lan para pemimpin masarakat ing Yésreèl.

9Surasané layang mau mengkéné, "Umumna supaya rakyat padha pasa lan klumpukna. Ing kumpulan kono Nabot lungguhna ing ngarep.

10Banjur akona wong ala loro lungguh ing ngarepé, sing ndakwa marang Nabot, yèn dhèwèké wis ngala-ala marang Allah lan Sang Prabu. Banjur gawanen menyang njaban kutha, benturana watu nganti mati."

11Dhawuhé Izébèl mau ditindakaké déning para penggedhé lan para pemimpiné masarakat ing Yésreèl.

12Rakyat dikon pasa, banjur diklumpukaké, lan Nabot dilungguhaké ana ing ngarep.

13Nabot banjur didakwa ing ngarepé wong akèh, yèn dhèwèké wis ngala-ala marang Allah lan Raja. Mulané banjur digawa menyang sanjabané kutha lan dibenturi watu nganti mati.

14Sawisé mengkono Izébèl banjur diaturi uninga yèn Nabot wis dibenturi watu nganti mati.

15Satampané pawarta mau Izébèl banjur matur marang Akhab, "Nabot sampun pejah. Sumangga panjenengan tindak mrika ngwaosi kebon anggur ingkang rumiyin dipun kekahi, ngantos mboten purun nyadé dhateng panjenengan."

16Akhab énggal-énggal mangkat lan kebon anggur mau dianggep dadi kagungané.

17Gusti Allah banjur ngandika marang Nabi Élia, nabi saka Tisbè,

18"Akhab, raja Samaria, saiki ana ing kebon angguré Nabot, arep ngwasani kebon kuwi. Akhab paranana,

19lan kandhaa yèn Aku ngandika mengkéné, ‘Sawisé matèni saiki iya arep ngrampas! Mulané ana ing panggonané asu padha ndilati getihé Nabot, iya ing kono asu-asu bakal ndilati getihmu!’"

20Bareng Akhab pirsa Nabi Élia, nuli ngandika mengkéné, "Éh, kliliping mripatku. Saiki kowé ketemu karo aku!" Wangsulané Nabi Élia, "Kesinggihan mekaten. Mergi panjenengan kalayan njarag nglampahi piawon ingkang dipun awisi déning Allah,

21pramila Allah sampun ngandika mekaten dhateng panjenengan, ‘Aku bakal nekakaké paukuman marang kowé. Kowé bakal Daksirnakaké lan saben wong lanang ing kulawargamu, tuwa enom bakal Daktumpes.

22Kulawargamu bakal ngalami kaya sing dialami déning kulawargané Yérobéam bin Nébat lan kulawargané Raja Baésa bin Ahia, merga kowé wis njalari wong Israèl padha gawé dosa, nganti gawé duka-Ku.’

23Lan kanggé Izébèl, Allah ngandika, bilih badanipun badhé kamangsa ing segawon ing kitha Yésreèl.

24Sinten kémawon saking kulawarga panjenengan ingkang pejah ing kitha, jisimipun badhé kamangsa ing segawon lan ingkang pejah ing sanjawinipun kitha badhé katedha déning peksi-peksi."

25Ora tau ana wong sing nékadé kaya Raja Akhab enggoné nglakoni piala gedhé ana ing ngarsané Allah, merga diojok-ojoki déning Izébèl, garwané.

26Akhab nglampahi dosa-dosa sing asor banget. Panjenengané nyembah marang brahala kaya sing ditindakaké déning wong Amori, yakuwi wong-wong sing dilungungakaké déning Allah saka tanah Kenaan, nalika wong Israèl padha mlebu ing tanah kono.

27Bareng Nabi Élia rampung enggoné matur, Akhab nuli nyuwèk agemané lan ngagem ageman bagor, pretandha enggoné nlangsa. Panjenengané siyam, sarta yèn saré iya ngagem ageman bagor, samasa tindak-tindak pasuryané katon sedhih.

28Gusti Allah banjur ngandika marang Nabi Élia,

29"Apa kowé wis weruh Akhab enggoné andhap-asor ana ing ngarsa-Ku? Yèn uwis, paukuman-Ku ora arep Daktekakaké sajroné Akhab isih urip, nanging samasa anaké wis nggentèni, merga Aku bakal nekakaké bilai mau marang turuné."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel