Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 6 >> 

1Nalika sasi Ziw, yakuwi sasi kapindho, taun kapaté pepréntahané Raja Suléman, patang atus wolung puluh taun sawisé bangsa Israèl metu saka tanah Mesir, Suléman miwiti yasa Pedalemané Allah.

2Ukurané sisih njero mengkéné: dawané 27 mèter, ambané 9 mèter, dhuwuré 13,5 mèter.

3Èmpèré ngarep ambané 4,5 mèter, dawané 9 mèter, padha karo ambané gedhong.

4Témboké gedhong mau ana jendhéla-jendhélané nganggo krépyak.

5Nèmplèk ing témbok sisih mburi lan kiwa-tengen digawé kamar-kamar tambahan sungsun telu, saben sungsun dhuwuré 2,2 mèter.

6Kamar ngisor dhéwé ambané 2,2 mèter, kamar ndhuwuré 2,7 mèter lan kamar sungsun kateluné 3,1 mèter. Témboké sing ngisor luwih kandel tinimbang témbok kamar ndhuwuré, mula balok-balok kamar tambahan kuwi kena dipasang tanpa mbobok témbok gedhong mau.

7Watu-watu sing arep dienggo gedhong kuwi wis digarap ing panggonané njupuk watu-watu mau. Mulané, nalika gedhong mau didegaké babar-pisan ora ana swarané wong migunakaké palu, wadung utawa piranti wesi liyané.

8Lawangé kamar-kamar tambahan sing ngisor dhéwé diprenahaké ing sisih Kidul gedhong lan ing kono ana andha menyang sungsun kapindho lan sungsun katelu.

9Gedhongé dipasangi pyan saka blabag lan glogor kayu cemara Libanon. Kaya mengkono Suléman enggoné yasa Pedalemané Allah nganti rampung.

10Uga kamar-kamar tambahan sungsun telu sing didegaké mèpèt karo témboké Pedaleman sing sisih njaba, sing dibangun nganggo balok-balok kayu cemara Libanon.

11Gusti Allah nuli ngandika marang Suléman,

12"Yèn kowé nglakoni pepakon-pepakon-Ku lan dhawuh-dhawuh-Ku, Aku bakal netepi janji-Ku marang bapakmu Dawud.

13Aku bakal dedalem ana ing pedaleman sing kokyasa iki lan selawasé ana ing tengahé umat-Ku Israèl. Umat-Ku ora bakal Daktinggal."

14Suléman enggoné yasa Pedalemané Allah kuwi carané mengkéné:

15Témbok sing sisih njero kabèh dilapisi nganggo kayu cemara Libanon, jrambah tekan pyané pisan. Mung jrambahé digawé saka kayu cemara lumrah.

16Gedhong mau bagéan sing mburi disingget kanggo kamar, singgetané digawé saka blabag cemara, wiwit saka jrambah tekan pyan-pyané. Kamar mau disebut Papan Mahasuci; dawané 9 mèter.

17Kamar ngarepé Papan Mahasuci dawané 18 mèter.

18Sarèhné témboké gedhong sing sisih njero kabèh dilapisi kayu cemara Libanon, mula watu-watuné ora katon babar-pisan. Lapisan mau dihias nganggo ukiran nggambaraké woh-woh labu lan kembang-kembang sing lagi mekar.

19Papan Mahasuci kuwi bakal kanggo ndokok Pethi Prejanjiané Allah.

20(6:20-22) Kamar mau dawané, ambané lan dhuwuré 18 mèter. Mesbèhé digawé saka kayu cemara Libanon. Lawangé kamar mau dilapisi emas murni. Kabèh kamar ing Pedalemané Allah sing sisih njero dilapis emas, mengkono uga mesbèhé.

21(6:20)

22(6:20)

23Ing Papan Mahasuci didokoki ukiran malaékat kerub loro sing digawé saka kayu zaitun; dhuwuré 4,4 mèter,

24(6:24-26) ukuran lan rupané padha. Saben kerub ana swiwiné, sing dawané 4,4 mèter.

25(6:24)

26(6:24)

27Kerub mau diprenahaké adhep-adhepan, mula swiwiné sing siji nggepok témbok, sing sijiné padha gathuk ing tengahé kamar mau.

28Kerub loro-loroné dilapis emas.

29Témbok-témbok ing Pedalemané Allah sing sisih njero dihias kabèh nganggo gambar ukiran malaékat-malaékat nganggo swiwi, wit palem lan kekembangan.

30Tekan jrambahé Pedaleman iya dilapisi emas.

31Lawang menyang Papan Mahasuci inebé digawé saka kayu zaitun. Bagéan sing ndhuwur tengahé digawé mlengkung.

32Inebé lawang mau loro-loroné dihias nganggo ukiran malaékat nganggo swiwi, wit palem lan kekembangan. Inebé lawang, ukiran malaékat lan ukir-ukiran liyané, sarta wit-witané palem kabèh dilapis emas.

33Kusèn-kusèné lawang kamar gedhé sing ngarep diwènèhi lis majupat, kagawé saka kayu zaitun.

34Inebé lawang loro-loroné digawé saka kayu cemara lumrah; saben ineb mau digawé lempitan,

35lan dihias nganggo ukiran malaékat-malaékat, wit palem lan kembang-kembangan. Ukir-ukiran mau kabèh dilapis emas.

36Ing ngarepé Pedalemané Allah ana platarané. Plataran mau diubengi témbok, dilapis nganggo watu, diselingi lapisan kayu cemara Libanon, saben telung bagéan lapisan watu diselingi nganggo kayu cemara.

37Suléman enggoné yasa Pedalemané Allah nganti sarampungé lawasé pitung taun. Pondhasiné dipasang ing sasi Ziw, yakuwi sasi kapindho, taun kapaté Suléman jumeneng raja,

38rampungé ing sasi Bul, yakuwi sasi kawolu, taun kasewelasé Suléman ngasta pepréntahan, cèples karo rancangané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel