Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 13 >> 

1Ing sawijining dina, bareng Saul wis dadi raja,

2milih wong telung èwu, sing rong èwu manggon karo Saul ing Mikmas lan ing wilayah pegunungan Bètèl, déné sing sèwu bebarengan karo Yonatan, putrané, menyang Gibéa ing wilayahé taler Bènyamin. Liyané padha dililani mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.

3Yonatan ngalahaké bala Filistin ing Géba, lan bangsa Filistin padha krungu wartané. Saul banjur kongkonan ngunèkaké slomprèt ing satlatahé negara kanggo ngundangi wong Ibrani supaya maju perang.

4Wong Israèl kabèh padha diwènèhi weruh, yèn Saul wis matèni sénapati Filistin. Mula wong Filistin padha nggethingi wong Israèl. Rakyat banjur padha mèlu nggabung karo undangan mau, dadi siji karo Saul ing Gilgal.

5Ing wektu semana wong-wong Filistin wis padha kumpul arep nyerang wong Israèl. Wong-wong kuwi duwé kréta perang telung puluh èwu, prejurit jaranan nem èwu, sarta para prejurit liyané akèhé kaya wedhi ing pinggir segara. Banjur padha nglurug perang, ngedegaké kémah ing Mikmas ing sawétaning Bèt-Awèn.

6Prejurit-prejurit mau banjur padha nyerang wong-wong Israèl, nganti wong-wong Israèl padha kepèpèt. Akèh sing padha ndhelik ing guwa-guwa, ing jurang-jurang utawa ing sela-selaning parang; ing sumur lan ing growongan lemah.

7Iya ana sing nyabrang Kali Yardèn lan mlebu ing wilayah Gad lan Giléad. Saul isih ana ing Gilgal, lan wong-wongé sing padha mèlu padha gemeter merga saka wediné.

8Saul enggoné ngentèni Samuèl suwéné pitung dina, cocog karo welingé, nanging Samuèl durung tekan ing Gilgal, déné Saul wis wiwit ditinggal prejurité;

9mulané Saul banjur préntah marang wong-wong mau, "Kurban obongan lan kurban suci kuwi gawanen mréné!" Saul dhéwé banjur nyaosaké kurban obongan mau.

10Lagi waé rampung enggoné nindakaké, Samuèl teka. Saul methukaké arep nyalami,

11nanging Samuèl ndhisiki, "Menapa ingkang panjenengan tindakaken?" Wangsulané Saul, "Kula sumerep bilih tiyang-tiyang wiwit nilar kula, mangka bapak mboten rawuh ing wekdal ingkang sampun katemtokaken. Kaliyan malih, tiyang Filistin sampun sami ngempal ing Mikmas.

12Kula lajeng mikir, ‘Sedhéla engkas prejurit Filistin gèk nglurugi aku mréné, ing Gilgal; mangka aku durung nyuwun pitulungané Gusti Allah!’ Milanipun kula lajeng nyaosaken kurban menika."

13Krungu mengkono Samuèl banjur kandha karo Saul, "Ingkang panjenengan tindakaken menika kirang prayogi. Upami panjenengan netepi dhawuhipun Allah, Gusti Allah temtu badhé netepaken kraton panjenengan saha turun panjenengan ing Israèl selaminipun.

14Nanging samenika kraton panjenengan mboten badhé lestantun, sebab panjenengan mboten mbangun-turut dhawuhing Allah. Gusti Allah sampun milih tiyang ingkang dipun kersakaken, kadadosaken rajaning para umatipun."

15Samuèl banjur lunga saka Gilgal sarta nerusaké lakuné menyang Gibéa ing wilayah Bènyamin. Dhèk semana Saul mriksa barisané, cacahé kira-kira ana wong nem atus.

16Saul lan Yonatan, putrané, sarta prejurité padha pasang kémah ing Gibéa, ing wilayah Bènyamin; déné wong-wong Filistin padha ana ing Mikmas.

17Nalika iku uga ana rampog telung rombongan mangkat saka kémahé Filistin nglurug perang. Rombongan sing siji ngener Ofra ing wilayah Syual,

18rombongan sing nomer loro menyang Bèt-Horon, lan rombongan liyané nuju tapel watesé tanah ngaré Zéboim lan ara-ara samun.

19Ing sawilayah Israèl ora ana pandhé, sebab wong Filistin ora ngolèhaké wong Ibrani gawé pedhang lan tumbak.

20Dadi wong Israèl yèn arep ngasah kajèné, paculé, wadungé lan arité kudu lunga menyang panggonané wong Filistin.

21Opahé kanggo ngasah wadung lan mbeneraké angkus dhuwit cilik siji; kanggo ngasah kajèn utawa pacul dhuwit cilik loro.

22Kuwi sebabé nalikané ana perang ing Mikmas, ora ana wong Israèl siji waé sing duwé pedhang utawa tumbak, kejaba Saul lan Yonatan, putrané.

23Wong Filistin mapanaké pos pejagan kanggo njaga juranging gunung ing Mikmas.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel