Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 19 >> 

1Ora wetara suwé Nahas, Raja Amon, séda lan Hanun, putrané ngganti dadi raja.

2Raja Dawud ngunandika mengkéné, "Nahas kuwi mitraku sing becik, mulané aku ya kudu memitran karo Hanun, anaké." Dawud banjur utusan menyang tanah Amon saprelu atur béla sungkawa. Satekané ing Amon,

3para pemimpiné negara ing kono padha matur karo Raja Hanun, "Menapa panjenengan kinten Raja Dawud utusan mriki atur béla sungkawa menika kanggé ngurmati kang rama? Mesthi mboten! Tiyang-tiyang menika kautus mriki kapurih sami nliti kawontenanipun negari kita, prelunipun mangké badhé dipun lurugi perang lan dipun rebat!"

4Para utusan mau banjur dicekel déning Hanun; jénggoté padha dicukur sesisih, sandhangané dikethok tekan cethik, nuli dikon lunga.

5Para utusan mau arep bali menyang negarané isin. Bareng Raja Dawud mireng lelakon mau banjur kirim utusan karo diweling supaya para utusan padha ngentèni dhisik ana ing Yérikho nganti jénggoté thukul menèh.

6(19:6-7) Raja Hanun lan wong Amon padha ngrumangsani yèn tumindaké mau gawé seriké Raja Dawud. Mulané banjur padha kirim slaka 34.000 kilogram menyang tanah Mésopotamia Dhuwur lan menyang Maaka lan Zoba ing Siria kanggo nyéwa kréta perang 12.000 lan tentara jaranan. Raja Maaka uga nuli teka karo krétané perang séwan mau lan pasang kémah ing sacedhaké Médeba. Wong Amon iya padha teka saka kutha-kuthané kabèh arep maju perang.

7(19:6)

8Bareng Raja Dawud mireng sing mengkono mau banjur dhawuh marang Yoab ngerigaké angkatan perangé kabèh methukaké mungsuh.

9Wong Amon nata barisané ing ngarepé gapura kutha Raba, kutha krajané Amon, déné para raja sing padha teka mbiyantu ngatur barisané ana ing ara-ara.

10Yoab rumangsa kejepit ing antarané pasukan mungsuh sing ana ing ngarep lan ing mburi. Mulané banjur milih prejurit-prejurit sing peng-pengan dhéwé diprenahaké adhep-adhepan karo tentara Siria.

11Déné tentara Israèl liyané dipasrahaké Abisai, adhiné, sing ngatur barisané adu-arep karo tentara Amon.

12Pangucapé Yoab marang adhiné, "Yèn aku kwalahen ngadhepi tentara Siria, kowé énggal tekaa. Kosokbaliné yèn kowé kwalahen ngadhepi tentara Amon, aku mesthi teka nulungi kowé.

13Sing tabah atimu! Ayo padha maju sing kendel kanggo bangsa kita lan kanggo kutha-kuthané Allah kita. Muga-muga kersané Pangéran kelakon."

14Yoab lan tentarané banjur nyerbu, mula tentara Siria buyar.

15Bareng wong Amon weruh tentara Siria keplayu banjur padha mèlu mlayu saka ngarepé Abisai mlebu kutha. Sawisé mengkono Yoab banjur mulih menyang Yérusalèm.

16Sarèhné rumangsa kalah perangé karo wong Israèl, wong Siria banjur ngerigaké tentarané ing daérah sawétané Bengawan Éfrat, arep nglurug perang menèh, dipimpin déning Sofah, panglimané angkatan perang Hadadèzèr, Raja Zoba.

17Mireng lelakon mau Raja Dawud banjur ngerigaké tentara Israèl, nyabrang Kali Yardèn lan nata barisané adhep-adhepan karo wong Siria. Banjur wiwit nyerbu,

18lan tentara Siria dikalahaké déning tentara Israèl. Raja Dawud lan balané matèni tentara sing nunggang kréta cacahé 7.000 lan tentara infanteri Siria cacahé 40.000. Sofah panglimané tentara Siria iya katut dipatèni.

19Bareng para raja sing mbiyantu Hadadèzèr ngerti yèn kalah, banjur padha ngajak bedhamèn karo Dawud, pasrah bongkokan. Sapungkuré lelakon mau wong Siria ora gelem mbiyantu wong Amon menèh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel