Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 16 >> 

1Nalika Raja Pékah bin Rémalya enggoné jumeneng raja ing Israèl nyandhak pitulas taun, Akhas bin Yotam wiwit jumeneng raja ing Yéhuda.

2Nalika semono Akhas yuswané rong puluh taun, dedalem ing Yérusalèm. Enggoné jumeneng raja suwéné nembelas taun. Akhas nindakaké piala ing ngarsané Pangéran, Allahé, ora kaya Dawud, leluhuré.

3Sing ditiru raja-raja ing Israèl, malah putrané dhéwé didamel kurban marang brahala, kaya adaté wong-wong sing padha ditundhung déning Allah saka negara Kenaan nalika Israèl mlebu ing tanah mau.

4Akhas damel kurban lan ngobong menyan ana ing papan-papan panyembahané déwa-déwa, ana ing gunung-gunung lan ing ngisor wit-witan sing ayom.

5(16:5-6) Dhèk samana Éliot wis direbut menèh déning Rézin, raja Siria lan dibalèkaké marang Édom lan wong Yéhuda sing padha manggon ing kono ditundhungi. Wong Édom padha ngalih mrono lan manggon ing kono tekan sepréné. Ing wektu semana uga Rézin, raja Siria, lan Pékah, raja Israèl, nyerang lan ngepung kutha Yérusalèm, nanging ora bisa nelukaké Akhas.

6(16:5)

7Akhas ngirim utusan marang Tiglat-Pilèsèr, raja ing Asyur, didhawuhi matur mengkéné, "Kula keng abdi ingkang setya; pramila panjenengan kula aturi rawuh ngluwari kula saking tanganipun raja Siria lan raja Israèl, ingkang sami dhateng nyerang kula."

8Akhas uga saos pisungsung rupa emas lan slaka enggoné mundhut saka Pedalemané Allah, lan saka kedhatoné.

9Raja Tiglat-Pilèsèr ngabulaké panyuwuné Akhas. Kutha Damsyik diserbu, nuli direbut. Penduduké ditawan, diboyong menyang Kir, lan Rézin, raja Siria, disédani.

10Nalika Raja Akhas ana ing Damsyik sowan Raja Tiglat-Pilèsèr, pirsa mesbèh. Raja Akhas banjur ngintunaké contoné mesbèh mau lan princèné ukurané marang Imam Uria ing Yérusalèm.

11Uria banjur ngedegaké mesbèh sing ukurané padha karo ukuran sing ditampa mau. Mesbèh mau dirampungaké sadurungé Akhas rawuh.

12Sarawuhé saka Damsyik Raja Akhas pirsa yèn mesbèhé wis dadi.

13Akhas banjur saos kurban obongan lan kurban dhaharan ana ing mesbèh mau; kurban-kurbané banjur disiram nganggo anggur lan getih dadi kurban keslametan.

14Raja Akhas pirsa yèn mesbèh prunggu sing khusus kagem marang Allah papané ana ing antarané Pedalemané Allah lan mesbèh sing anyar. Mulané mesbèh prunggu mau banjur dielih saka ngarepé Pedalemané Allah menyang sisih loré mesbèh anyar.

15Raja Akhas banjur ngandika marang Uria, "Kula aturi ngagem mesbèh kula menika kanggé saos kurban énjing lan sonten, ingkang kasaosaken déning raja lan rakyat, lan kurban angguripun rakyat kasiramna wonten ing ngriku. Sedaya rahing kéwan ingkang kakurbanaken kasiramna ugi wonten ing mesbèh menika. Déné mesbèh prunggu menika badhé kula enggé piyambak, mboten kanggé manembah dhateng Gusti Allah."

16Uria nglakoni apa sing didhawuhaké déning Sang Prabu.

17Kréta-kréta prunggu sing ana ing Pedalemané Allah uga dirucati déning Raja Akhas, semono uga jembangan-jembangan sing ana ing kréta mau. Jembangan prunggu sing disangga sapi prunggu rolas iya dijupuk lan disèlèhaké ing landhesan watu.

18Lan menèh, kanggo nuruti kersané raja Asyur, bangsal raja ing Pedalemané Allah dibungkar déning Raja Akhas; semono uga lawang sing khusus kanggo mlebu raja, ditutup.

19Lelakoné Raja Akhas liya-liyané wis katulis ana ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda.

20Raja Akhas séda lan kasarèkaké ing pesaréané raja-raja ing kuthané Dawud. Hizkia, putrané, nggentosi jumeneng raja.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel