Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 3 >> 

1Peprangan antarané prejurité Saul lan prejurité Dawud tanpa lèrèn. Dawud saya suwé saya kuwat, déné mungsuhé saya ringkih.

2Anak-anaké Dawud sing lair ing Hébron, urut lairé yakuwi: Amnon; ibuné jenengé Ahinoam saka Yésreèl.

3Kiléab; ibuné jenengé Abigail, randhané Nabal saka Karmèl. Absalom; ibuné jenengé Maaka, putri Raja Talmai saka Gésur.

4Adoniram; ibuné jenengé Hagit. Séfaca; ibuné jenengé Abital.

5Yitram; ibuné jenengé Égla. Anak enem kuwi lairé ana ing Hébron.

6Sasuwéné ana peprangan antarané prejurité Dawud lan prejurit sing setya karo brayaté Saul, Abnèr saya gedhé wibawané ing antarané para prejurité Saul.

7Ing sawijining dina Isybosèt, anaké Saul, ndakwa Abnèr turu bebarengan karo seliré Saul sing jenengé Rizpah, anaké Aya.

8Abnèr banjur muntab nepsuné sarta kandha, "Apa kowé duwé pengira yèn aku ora setya karo Saul sarta mèlu Yéhuda? Wiwit sekawit aku setya karo Saul, bapakmu, lan setya marang sanak seduluré sarta kanca-kancané. Aku wis nulungi kowé nganti ora dikalahaké déning Dawud. Senajan mengkono kowé ngala-ala aku mung prekara wong wadon!

9(3:9-10) Luwih becik aku nulungi Dawud, apa menèh Gusti Allah wis prasetya marang Dawud, arep mundhut krajané Saul lan turuné, banjur ngangkat Dawud dadi rajané wong Israèl lan Yéhuda. Muga-muga Gusti Allah mundhut nyawaku, yèn aku ora nglakoni janjiné Gusti Allah tumrap Dawud kuwi!"

10(3:9)

11Merga Isybosèt wedi karo Abnèr, dhèwèké ora bisa mangsuli sakecap-kecapa.

12Abnèr banjur utusan nemoni Dawud, sing nalika semana ana ing Hébron, kanthi piweling, "Sinten ingkang badhé ngwaosi tanah menika? Panjenengan kula aturi damel prejanjian kaliyan kula, lan kula badhé mbantu panjenengan, supados bangsa Israèl sedaya ndhèrèk panjenengan."

13Dawud mangsuli, "Iya becik! Welingku iki aturna marang Abnèr: Aku gelem gawé prejanjian karo dhèwèké, nanging ana penjalukku saprekara, yakuwi: Mikhal, putrané putri Saul, kudu kokaturaké marang aku, yèn kowé sowan aku."

14Sawisé kuwi Dawud iya utusan nemoni Isybosèt, karo piweling, "Bojoku Mikhal, kudu kokbalèkaké marang aku, merga wis daktuku nganggo ikuté wong Filistin satus."

15Isybosèt banjur kongkonan njupuk Mikhal saka ing tangané bojoné, yakuwi Paltièl anaké Lais.

16Nanging Paltièl ngetutaké Mikhal terus karo nangis. Bareng wis padha tekan ing kutha Bahurim, Abnèr kandha, "Wis ta, muliha waé!" Paltièl banjur mulih.

17Sawisé kuwi Abnèr banjur rembugan karo para pemimpining bangsa Israèl lan kandha, "Wiwit biyèn kowé padha duwé karep supaya Dawud dadi ratumu.

18Lah, saiki wektu sing becik kanggo kowé. Élinga, Gusti Allah wis janji karo Dawud, yèn Panjenengané bakal ngagem Dawud, kanggo nguwalaké umat Israèl saka tanganing wong Filistin sarta saka mungsuhé kabèh."

19Abnèr iya rembugan karo wong-wong Bènyamin, banjur lunga menèh menyang Hébron, prelu mènèhi weruh marang Dawud, apa sing wis disetujoni déning wong-wong Bènyamin lan Israèl mau.

20Nalika Abnèr karo prejurité rong puluh sowan Dawud ing Hébron, Dawud banjur nganakaké pésta kanggo wong-wong mau.

21Abnèr banjur nyuwun pamit lan matur, "Kula panjenengan lilani késah ngempalaken tiyang-tiyang Israèl sedaya supados dados setunggal kaliyan panjenengan. Tiyang-tiyang menika badhé nampi panjenengan dados ratunipun, saha kanthi mekaten panjenengan badhé ngwaosi negari menika sedaya, cocog kaliyan menapa ingkang panjenengan kersakaken." Abnèr banjur dililani mangkat déning Dawud sarta ditanggung keslametané.

22Sawisé Abnèr lunga, Yoab karo prejurité Dawud liyané, padha bali saka peprangan nggawa barang rampasan akèh banget.

23Yoab dikabari, yèn Abnèr wis sowan Raja Dawud sarta wis dililani lunga lan ditanggung keslametané.

24Yoab banjur sowan Raja Dawud lan matur, "Ingkang panjenengan kersakaken menika kadospundi? Abnèr sampun sowan panjenengan. Menapa sebabipun panjenengan lilani késah mekaten kémawon?

25Panjenengan temtu pirsa, bilih dhatengipun Abnèr menika namung badhé damel kasangsaran panjenengan, saha badhé nyumerepi tindak-tanduk sarta kersa panjenengan."

26Sawisé lunga saka ngarsané Dawud, Yoab utusan ngundang Abnèr. Enggoné nututi Abnèr tekan ing sacedhaké sumur Sira, banjur diajak bali. Prekara kuwi Dawud ora dicaosi pirsa.

27Bareng Abnèr wis tekan Hébron, banjur diajak déning Yoab, menyang sacedhaké gapura, éthok-éthok arep diajak rembugan. Yoab banjur nyuduk wetengé Abnèr dadi lan patiné. Enggoné Abnèr dipatèni déning Yoab mengkono mau kanggo males enggoné matèni Asaèl, adhiné.

28Bareng Dawud mireng kabaré, banjur ngucap, "Gusti Allah mirsa, yèn aku lan rakyatku babar-pisan ora salah tumrap patiné Abnèr.

29Yoab sakulawargané kabèh karebèn diukum merga tumindaké. Ing saturun-turuné Yoab karebèn tansah ana sing nandhang lara raja-singa, lumpuh, lépra utawa wandu, utawa ana sing mati ing peprangan utawa kekurangan pangan!"

30Mengkono Yoab lan Abisai, adhiné, enggoné males ukum marang Abnèr, merga wis matèni Asaèl, adhiné, ing sajroning peprangan ing Gibéon.

31Dawud banjur dhawuh marang Yoab sarta marang para prejurité supaya nyuwèk sandhangané, lan nganggo sandhangan kasusahan sarta padha nangisana Abnèr. Sarta ana ing upacara panguburé, Raja Dawud dhéwé nindaki ana ing samburiné pethi mati.

32Abnèr dikubur ing Hébron; déné raja lan rakyaté kabèh padha nangis kanthi sora ing sangareping kubur mau.

33Sawisé mengkono Dawud nangisi Abnèr, pangandikané.

34"Apa Abnèr kudu mati kaya déné matiné wong gemblung, tangané ora dibanda lan sikilé ora diranté? Tiwasé disuduk déning durjana." Para kawula kabèh banjur nangisi Abnèr menèh.

35Sedina muput rakyat padha ngauri pamrayoga, supaya Dawud kersa dhahar sethithik, nanging malah banjur sumpah, "Muga Gusti Allah mundhut nyawaku, yèn aku mangan sadurungé srengéngé angslup!"

36Krungu mengkono rakyaté mbeneraké sikapé Dawud. Pancèn, apa waé sing ditindakaké Raja Dawud, padha dianggep becik.

37Ing dina kuwi rakyaté Dawud, iya bangsa Israèl kabèh padha ngerti, yèn Raja Dawud ora setuju Abnèr dipatèni.

38Tembungé sang raja marang para pengiringé, "Apa kowé padha ora ngerti, yèn ing dina iki ana penggedhé ing Israèl nemoni tiwas?

39Senajan aku iki raja sing dipilih déning Gusti Allah, aku rumangsa susah ing dina iki. Anak-anaké Zeruya iki daksiya banget. Aku ora bisa ngerèh wong-wong kuwi. Muga Gusti Allah ngukum para wong ala iki, murwat karo apa sing ditindakaké!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel