Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 1 >> 

1Sasédané Saul, nalika Dawud bali saka peprangan ngalahaké wong Amalèk, banjur lereb ing Ziklag suwéné rong dina.

2Ésuké ana nonoman teka saka tentarané Saul, nganggo sandhangan suwèk rontang-ranting lan sirahé kebak awu. Nonoman mau sowan, sarta sujud ing ngarsané Dawud.

3Dawud banjur ndangu, "Kowé saka ngendi?" Wangsulané, "Kula keplajeng saking barisaning wadyabala Israèl."

4Pandanguné Dawud, "Ana lelakon apa ana ing kana?" Wangsulané nonoman mau, "Prejurit sami nilar peprangan, saha kathah ingkang pejah, kalebet Saul lan Yonatan."

5"Ngertimu saka endi?" pandanguné Dawud.

6Wangsulané, "Kula ngleresi wonten ing Gunung Gilboa, sumerep Saul lèndhèhan ing tumbakipun, déné kréta-kréta saha para prejurité mengsah ngepung papan ngriku.

7Saul lajeng nolèh saha sumerep kula. Kula dipun timbali, kula matur, ‘Inggih, Gusti.’

8Saul ndangu sinten kula menika; kula matur, bilih kula tiyang Amalèk.

9Pangandikanipun dhateng kula, ‘Rénéa lan aku patènana! Aku ketaton lan mèh mati!’

10Kula lajeng nyelaki saha panjenenganipun kula sédani, sebab kula mangertos samasa dhawah, mesthi badhé manggih tiwas. Jamang ing mestaka saha gelang ing lengenipun kula bekta mriki, kula saosaken panjenengan."

11Krungu atur mengkono mau Dawud banjur nyuwèk agemané merga saka susahé; déné para prejurité iya tumindak mengkono.

12Wong-wong mau nuli padha pasa lan nangisi Saul lan Yonatan, sarta para prejurit sing padha tiwas déning pedhang, nganti surup.

13Dawud banjur ndangu marang nonoman sing nggawa kabar mau, "Kowé kuwi wong saka ngendi?" Aturé, "Kula menika tiyang Amalèk, nanging manggèn ing negari panjenengan."

14Dawud nerusaké ngandika, "Yagéné kowé ora wedi matèni ratu pilihané Gusti Allah?"

15Dawud banjur nimbali prejurité lan dhawuh, "Wong kuwi patènana! Sing didhawuhi banjur matèni wong Amalèk mau klawan pedhang."

16Pangandikané Dawud marang nonoman mau, "Kowé wis nekakaké paukuman pati tumrap awakmu dhéwé, merga kowé wis matèni wong sing dijebadi déning Gusti Allah didadèkaké raja."

17Dawud banjur ngidung nangisi Saul lan Yonatan,

18lan dhawuh supaya kidung mau diwulangaké marang bangsa Yéhuda. (Kidung mau katulis ing Buku Yasar.)

19"Hé Israèl, ing punthuk-punthukmu, ing kana para perwira nemoni tiwas, para putraning negara padha gugur minangka kembanging bangsa.

20Muga-muga wong Gat ora padha nampa pawarta kuwi, lurungé Askelon ora padha krungu kabar iki. Wong wadon Filistia aja padha surak-surak, prawan-prawan kapir aja nganti padha giyak-giyak.

21Dhuh punthuk-punthuké Gilboa, rungokna pangucapku: Ebun lan udan aja nganti padha nelesi awakmu! Tegal lan ara-ara karebèn garing lan tanpa pametu. Sebab para tamènging perwira padha gumléthak ing kana, sarta tamèngé Saul uga ora jinebadan ing lenga.

22Gendhéwané Yonatan kang ampuh, mematèni. Pedhangé Saul kang nggegirisi, matèni mungsuh, niwasaké satru.

23Saul lan Yonatan, padha sih-sinihan lan merak ati; kang tansah manunggal, sajroning urip lan mati. Luwih rikat ngungkuli manuk garudha, luwih kuwat ngungkuli singa prakosa.

24Dhuh, para wong wadon Israèl, tangisana Saul, sang raja! Sing nyandhangi kowé kanthi sandhangan adi kang jingga, kang maringi anggon-anggon sesotya kencana.

25Padha tiwas para pahlawan, ambruk ing papan peprangan, sarta ing punthuk kang sepi, Yonatan gumléthak nemahi pati.

26Yonatan, sedulurku, trenyuh atiku, sebab merak ati marang aku. Katresnanmu tumrap aku sanyata mulya, ngungkuli katresnaning wanita.

27Wus padha tiwas para pahlawaning bangsa, gegamaning perangé sanyata tanpa guna!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel