Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 7 >> 

1Gusti Allah maringi pangayoman marang Dawud, diuwalaké saka penggangguning mungsuhé, nganti bisa manggèn klawan tentrem ing sajroning kedhatoné.

2Sang prabu banjur ngandika marang Nabi Natan, "Kula aturi ningali, kula menika manggèn ing kraton, ingkang kadamel saking kajeng cemara saking Libanon, mangka Pethi Prejanjianipun Gusti Allah namung dipun simpen ing salebeting kémah kémawon!"

3Aturé Nabi Natan, "Mangga, panjenengan tindakaken menapa ingkang dados kersa panjenengan, mergi Gusti Allah nunggil kaliyan panjenengan."

4Nanging ing benginé Gusti Allah ngandika marang Nabi Natan,

5"Lungaa lan wartakna piweling-Ku iki marang Dawud, ‘Dudu kowé kang bakal mbangun pedaleman kagem Aku.

6Wiwit Aku ngirid bangsa Israèl metu saka ing Mesir nganti sepréné, Aku durung dedalem ing sajroning omah; malah tansah ngumbara sarta dedalem ing sajroning kémah.’

7Sajroné ngumbara bebarengan karo bangsa Israèl, durung tau Aku ndangu marang para penggedhé sing wis Daktuding, ‘Yagéné Aku ora digawèkaké omah saka kayu cemara Libanon?’"

8Mulané Natan, kandhaa marang abdi-Ku Dawud, yèn Aku, Gusti Allah Kang Mahakwasa, ngandika, "Kowé wis Dakpundhut saka pegawéanmu angon wedhus gèmbèl ing ara-ara sarta Dakdadèkaké raja mengku umat-Ku Israèl.

9Aku wis nunggal karo kowé ana ing ngendi waé, sarta mungsuhmu kabèh wis Daktumpes, yakuwi nalika kowé maju perang. Kowé bakal Dakgawé kondhang kaya déné para penggedhé sing unggul dhéwé ing donya.

10(7:10-11) Karo menèh, umat-Ku Israèl wis Daksedhiyani panggonan sarta Dakdhawuhi tetep ana ing kono, supaya bisa urip kanthi tentrem, tanpa dijajah menèh. Wiwit tekané wong-wong mau ing kéné sarta para penggedhéné Dakangkat, bangsa iki wis dimungsuhi déning wong-wong sing wangkal atiné, nanging prekara kuwi ora bakal kelakon menèh. Aku janji yèn uripmu bakal tentrem tanpa diganggu déning mungsuh, sarta Aku bakal maringi turun marang kowé.

11(7:10)

12(7:12-13) Mbésuk, yèn tumeka ing pati, kowé bakal dikubur ing panggonané leluhurmu; bakal ana turunmu sing Dakangkat dadi ratu. Yakuwi sing bakal yasa dalem kanggo Aku, sarta kratoné bakal lestari ing selawas-lawasé.

13(7:12)

14Aku bakal dadi Bapakné, sarta dhèwèké bakal dadi putra-Ku. Menawa gawé keluputan, bakal Dakukum kaya déné bapak ngukum marang anaké.

15Nanging Aku ora bakal kèndel enggon-Ku mbeciki dhèwèké, ora kaya enggon-Ku mbeciki marang Saul, kang Daksingkiraké, supaya kowé nggentèni dadi raja.

16Kowé bakal tansah duwé turun, sarta Aku bakal nglestarèkaké kratonmu ing selawasé. Pepréntahané keluwargamu bakal binerkahan ing selawasé."

17Nabi Natan ngandhakaké marang Dawud apa sing wis didhawuhaké déning Allah.

18Raja Dawud banjur mlebet ing Kémah Palenggahané Allah, sujud lan ndedonga, "Dhuh Gusti ingkang Mahaluhur, kawula saha brayat kawula mboten pantes nampi sedaya berkah ingkang Panjenengan paringaken.

19Dhuh Gusti ingkang Mahaluhur, malah langkung saking menika, Panjenengan sampun maringaken janji bab turun kawula ing wekdal ingkang badhé kelampahan. Saha Panjenengan tedahaken bab menika dhateng kawula, senajan kawula menika namung manungsa, dhuh Gusti Allah ingkang Mahaluhur!

20Menapa ta ingkang saged kawula aturaken dhateng Panjenengan? Panjenengan sampun mirsa kawontenanipun abdi Panjenengan menika.

21Inggih sampun dados kersa Panjenengan nindakaken prekawis menika sedaya. Panjenengan sampun tumindak mekaten kanggé mulang dhateng kawula.

22Panjenengan saèstu agung, dhuh Gusti Allah! Mboten wonten ingkang nyamèni, saha wiwit kala rumiyin kawula sami mangertos, bilih namung Panjenengan piyambak ingkang jumeneng Allah.

23Saha mboten wonten bangsa ing bumi menika kados bangsa Israèl. Bangsa ingkang sampun Panjenengan luwari saking penjajahan, sarta Panjenengan dadosaken kagungan Panjenengan piyambak. Sedaya prekawis ingkang ageng saha ngédab-édabi ingkang Panjenengan tindakaken kanggé tiyang-tiyang menika, sampun damel misuwuring asma Panjenengan ing salumahing bumi. Bangsa-bangsa sanès saha déwa-déwanipun sampun Panjenengan tundhung nalika umat kagungan Panjenengan majeng perang.

24Bangsa Israèl menika sampun Panjenengan dadosaken umat Panjenengan piyambak ing selaminipun, saha Panjenengan piyambak jumeneng Allahipun."

25"Samenika, dhuh Gusti, mugi kersa nglanggengaken janji ingkang sampun Panjenengan ngandikakaken dhateng kawula saha turun kawula, saha mugi kersa nindakaken menapa ingkang sampun Panjenengan ngandikakaken menika.

26Asma Panjenengan badhé sangsaya kondhang ngantos tiyang-tiyang badhé sami criyos, ‘Gusti Allah ingkang Mahakwaos menika Allahipun bangsa Israèl.’ Sadangunipun saking turun kula badhé wonten ingkang jumeneng rajanipun bangsa Israèl.

27Gusti ingkang Mahakwaos! Kawula kumawantun ndedonga menika dhateng Panjenengan, mergi Panjenengan sampun ngandikakaken prekawis menika dhateng abdi Panjenengan, sarta maringi pawartos dhateng kawula, bilih turun kawula Panjenengan ayomi, ngantos mboten badhé tumpes.

28Dhuh Gusti ingkang Mahaluhur, namung Panjenengan ingkang jumeneng Allah, ingkang selaminipun netepi janji Panjenengan menika, inggih bab ingkang éndah menika sampun Panjenengan janjèkaken dhateng kawula.

29Ingkang menika, kawula nyuwun mugi kersa mberkahi turun kawula supados nampi sih-rahmat Panjenengan ing selaminipun. Dhuh Gusti ingkang Mahaluhur, sedaya menika sampun Panjenengan janjèkaken, milanipun turun kawula badhé tansah Panjenengan berkahi ing selaminipun."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel