Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 30 >> 

1(30:1-5) Riaya Paskah durung bisa dianakaké déning rakyat ing wektu sing wis katetepaké ing sasi kapisan, merga cacahé imam sing wis nucèkaké awaké durung nyukupi, lan iya durung akèh wong sing teka ing Yérusalèm. Mulané Raja Hizkia lan para pegawéné sarta wong Yérusalèm sarujuk nganakaké Riaya Paskah mau ing sasi kapindho. Wong kabèh padha seneng anané rancangan sing mengkono mau. Raja Hizkia banjur gawé pengumuman marang wong ing Israèl lan Yéhuda kabèh. Uga marang taler Éfraim lan Manasyè. Bangsa Israèl kabèh diulemi teka ing Pedalemané Allah ing Yérusalèm kanggo ngriayakaké Paskah, kanggo ngurmati Gusti Allah, kaya sing ditetepaké ana ing kitab-kitabé Musa.

2(30:1)

3(30:1)

4(30:1)

5(30:1)

6Sang Prabu lan para pegawé-pegawéné ngutus utusan-utusan nekani rakyat ing satanah Yéhuda lan Israèl kabèh karo nggawa layang sing surasané mengkéné: "Para sedulur, wong Israèl kabèh waé! Kowé wis padha bébas saka pangwasané wong Asyur. Saiki padha balia nyembah Pangéran, Allah sing disembah déning Abraham, Iskak lan Yakub, supaya Panjenengané iya nunggil karo kowé.

7Aja kaya leluhur-leluhurmu lan wong-wong Israèl liyané sing padha nyingkur marang Pangéran, Allahé. Kowé wis padha weruh dhéwé sepira aboté paukuman sing padha disangga.

8Mulané aja mangkotaké atimu, nanging padha nglakonana dhawuhé Pangéran. Padha tekaa ing Yérusalèm, ing Pedalemané Allah, kang wis disucèkaké déning Pangéran Allahmu kagem Panjenengané piyambak ing selawas-lawasé. Ayo padha nindakaké pangibadah marang Panjenengané, supaya Panjenengané ora duka menèh marang kowé.

9Yèn kowé padha nggatèkaké marang Pangéran, wong-wong sing nggawa sanak sedulurmu didadèkaké tawanan kuwi bakal runtuh welasé, lan mbalèkaké sanak sedulurmu mau. Pangéran kuwi Allah kang becik penggalihé lan asipat welasan. Panjenengané bakal menggalih marang kowé, yèn kowé nggatèkaké marang Panjenengané."

10Para utusan mau banjur padha budhal menyang kutha-kutha ing wilayahé taler Éfraim lan Manasyè, mengalor tekan wilayahé taler Zébulon. Nanging satekané kana padha digeguyu lan dipoyoki.

11Iya ana wong-wong saka taler Asyèr, Manasyè lan Zébulon sing gelem padha teka ing Yérusalèm.

12Ing Yéhuda dhéwé Allah mberkahi, mula rakyat kabèh saiyeg kepéngin ngabekti marang Allah klawan terusing ati lan nglakoni sing dadi kersané srana manut Sang Prabu lan para pegawéné.

13Ing sasi kapindho akèh rakyat sing padha nglumpuk ing Yérusalèm arep nganakaké Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi.

14Mesbèh-mesbèh ing Yérusalèm sing biyèn dienggo gawé kurban lan ngobong menyan marang para déwa padha dibuwang ing Lebak Kidron.

15Nalika tanggal patbelas sasi kuwi wong-wong padha nyembelèh wedhus gèmbèl digawé kurban Paskah. Para imam lan wong Lèwi sing isih najis padha isin. Mulané banjur padha sesuci, temah padha bisa mèlu nyaosaké kurban ing Pedalemané Allah.

16Wong-wong mau padha mapan ing panggonané dhéwé-dhéwé ana ing Pedalemané Allah manut prenatan sing kasebut ing Kitabé Musa. Getihé kéwan-kéwan sing digawé kurban mau dipasrahaké déning wong Lèwi marang para imam; para imam mau banjur ngesok getih mau ana ing mesbèh.

17Wong-wong sing padha ana ing kono akèh sing durung sesuci, mulané ora kena nyembelèh wedhus gèmbèl kanggo kurban Paskah, temah pegawéan mau ditindakaké déning wong-wong Lèwi kanggo wong-wong mau, konjuk marang Allah.

18Kejaba kuwi ing antarané wong-wong Éfraim, Manasyè, Isakar lan Zébulon akèh sing teka mrono tanpa nucèkaké awaké dhisik. Dadi enggoné padha ngriayakaké Paskah ora sah. Mulané Raja Hizkia banjur ndedonga kanggo wong-wong mau, aturé,

19"Dhuh Pangéran, Allahipun para leluhur kawula, Paduka ingkang saé ing penggalih mugi kersa ngapunten tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken pangibadah kalayan tulusing manah, senajan dèrèng sesuci."

20Gusti Allah miyarsakaké pandongané Hizkia. Wong-wong mau padha diapura, nganti padha ora ditibani paukuman.

21Wong-wong sing padha nglumpuk ing Yérusalèm mau padha nganakaké Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi karo bungah-bungah suwéné pitung dina. Wong Lèwi lan para imam saben dina padha memuji marang Pangéran klawan éklasing ati.

22Raja Hizkia ngalem marang wong Lèwi, merga pinteré mimpin pangibadah marang Allah. Bareng enggoné padha saos kurban lan saos panuwun marang Allahé leluhuré, wis olèh pitung dina,

23wong kabèh banjur padha rujuk nyambung riaya mau pitung dina engkas. Riaya banjur diterusaké menèh klawan bungah.

24Raja Hizkia nyumbang sapi lanang 1.000 lan wedhus gèmbèl 7.000. Para pegawéné Hizkia nyumbang sapi lanang 1.000 lan wedhus gèmbèl 10.000. Kéwan-kéwan mau kabèh dipasrahaké marang rakyat supaya disembelèh lan dipangan. Imam sing sesuci cacahé akèh banget.

25Rakyat Yéhuda, para imam, wong Lèwi lan wong-wong sing padha teka saka sisih Lor, sarta wong manca sing padha dadi penduduk Israèl lan Yéhuda, kabèh padha seneng-seneng.

26Kutha Yérusalèm katon semarak banget. Wiwit jamané Raja Suléman, putrané Dawud, sing mengkono mau durung tau kelakon.

27Para imam lan wong Lèwi padha nyuwunaké berkahé Pangéran kanggo rakyat, lan saka pedalemané ing swarga Gusti Allah miyarsakaké lan njurungi panyuwun mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel