Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amos 9 >> 

1Aku ndeleng Pangéran jumeneng ana ing sisihé mesbèh. Panjenengané paring dhawuh, "Cagak-cagaké Pasucèn kuwi pucuké penthungen sing seru, supaya ambyar. Karebèn pethal lan nibani sirahé wong-wong. Kandhakna yèn umat bakal Dakpatèni ing peprangan. Ora ana siji-sijia sing bakal bisa mlayu; ora ana siji-sijia sing bakal oncat.

2Senajana mlebu ing jagadé wong mati pisan, bakal Dakcekel. Senajan ana sing mènèk tekan langit pisan, bakal Dakdhunaké.

3Menawa padha ndhelik ing pucaké Gunung Karmèl bakal Dakgolèki lan Dakcekel. Samasa arep nilapaké Aku lan umpetan ana ing dhasaré segara, Aku bakal ngutus naga segara nyokot wong-wong mau.

4Samasa kaboyong dadi tawanan déning para mungsuhé, Aku bakal dhawuh matèni. Wong-wong mau mesthi bakal Daktumpes, lan ora Daktulungi."

5Pangéran Kang Mahakwasa banjur ndumuk bumi, nganti gonjing; kabèh sing padha manggon ing kono padha sambat-sambat. Jagadé mumbul lan mendhak kaya Bengawan Nil.

6Pangéran yasa dalemé ana ing langit lan bumi ditutupi nganggo kubah angkasa. Banyuné segara ditimbali lan diesokaké ana ing bumi. Asmané kasebut: Pangéran.

7Pangéran ngandika mengkéné, "Hé wong Israèl. Kowé Dakanggep padha waé karo wong Sudan. Wong Filistin Daktekakaké saka Kréta, lan wong Siria saka Kir, kaya enggon-Ku nekakaké kowé saka Mesir.

8Aku, Pangéran Kang Mahaluhur wis ngawasaké dosané kraton Israèl, lan bakal Daksirnakaké saka bumi. Nanging ora kabèh turuné Yakub bakal Daktumpes.

9Aku bakal paring dhawuh lan ngoregaké bangsa Israèl kaya gandum sing diinteri; bakal Dakawut-awut ana ing antarané bangsa-bangsa, mula wong sing ora ana gunané padha Daksingkiraké kabèh.

10Para wong dosa ing antarané umat-Ku bakal padha mati ing peprangan, yakuwi sing padha muni, ‘Gusti Allah ora bakal nekakaké paukuman marang kita.’"

11Pangandikané Pangéran mengkéné, "Bakal ana mangsané Aku mbangun kratoné Dawud, sing wis kaya omah bubrah. Bètèngé bakal Dakyasa menèh kaya mauné.

12Bangsa Israèl bakal nelukaké kekarèné tanah Édom lan tanahé bangsa-bangsa sing biyèn dadi pilihan-Ku. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa, sing bakal nindakaké kuwi mau kabèh."

13Pangandikané Pangéran mengkéné, "Lah bakal tekan titi-mangsané thukulé gandum luwih cepet ketimbang karo sing derep, lan woh anggur luwih cepet matengé ketimbang karo suwéné gawé anggur sing diombé. Gunung-gunung bakal padha nètèsaké anggur legi, lan punthuk-punthuk bakal metokaké anggur nganti lubèr.

14Umat-Ku bakal Dakulihaké menyang tanahé. Banjur bakal padha mbangun menèh kutha-kuthané sing dadi jugrugan, sarta bakal padha manggon ing kana; ing kono bakal padha yasa kebon anggur lan ngombé anggur; bakal padha mbangun kebon woh-wohan lan padha mangan wohé.

15Umat-Ku bakal Daktandur ana ing tanahé dhéwé, sing Dakparingaké marang wong-wong mau. Lan bakal padha ora katundhung menèh saka kono. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amos 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel