Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 38 >> 

1Sawisé mengkono Gusti Allah banjur ngandika marang Ayub saka ing tengahé prahara, mengkéné,

2"Kowé kuwi sapa, déné wani-wani ngukur kawicaksanan-Ku nganggo tembung-tembungmu sing tanpa dipikir?

3Saiki, adhepana Aku kaya wong lanang, lan wangsulana pitakon-pitakon-Ku iki.

4Nalika Aku nitahaké bumi, apa kowé wis ana? Yèn nyata jembar kawruhmu, kandhaa.

5Sapa sing netepaké gedhé-ciliké jagad? Sapa sing ngukur jembaré? Apa kowé ngerti wangsulané?

6Cagak-cagaké bumi kuwi kepriyé bisané ngadeg kanthi sentosa? Sapa sing masang watu pondhasiné jagad,

7yakuwi nalika lintang-lintang ing wayah pajar padha menyanyi bebarengan, lan para titah ing swarga padha giyak-giyak kanthi bungah.

8Sapa sing nutup lawanging samodra, nalika banyuné mubal-mubal metu saka ing kandhutané bumi?

9Apa dudu Aku sing ngemuli langit nganggo méga lan mbuntel nganggo pepeteng?

10Apa dudu Aku sing netepaké wates-watesé segara nganggo bendungan, lawang lan slorogan?

11Dhawuh-Ku, ‘Iki watesmu, aja ngliwati wates iki! Ana ing kéné ombakmu sing gedhé-gedhé kudu mandheg.’

12Hé Ayub, apa kowé tau akon wayah ésuk supaya teka? Lan apa kowé bisa nekakaké wayah awan?

13Apa kowé tau akon pepadhang supaya madhangi bumi lan ngetokaké wong durjana saka pandhelikané?

14Padhangé raina njalari gunung lan tanah ngaré katon cetha, kaya cap ana ing lempung lan lempitan sing ana ing jubah.

15Wong ala sengit marang pepadhang, awit pepadhang mau nyandhet tangané sing arep nindakaké piala.

16Apa kowé tau medhun tekan tuking segara, sing ana ing dhasaré? Apa kowé wis tau mlaku-mlaku ing dhasaré segara?

17Apa kowé tau dituduhi wong, gapura sing ana ing ngarepé jagadé wong mati, sing peteng lelimengan?

18Apa kowé bisa ngira-ira jembaring jagad? Wangsulana yèn kowé ngerti.

19Apa kowé ngerti saka endi tekané padhang, lan apa satemené sumbering pepadhang mau?

20Apa kowé ngerti watesé padhang lan peteng, lan akon mbalik menèh sawisé teka?

21Mesthiné kowé bisa, merga kowé wis tuwa lan nalika jagad dititahaké apa kowé wis ana!

22Apa kowé tau weruh panggonan-Ku nyimpen salju lan udan watu.

23Sing Daksimpen kanggo mangsa kasangsaran, wektu perang lan ing mangsa pertempuran.

24Apa kowé ngerti panggonané srengéngé? Utawa saka ngendi asalé angin Wétan?

25Sapa ngedhuk kalèn sing kanggo liwat udan deres, lan sing awèh dalan marang gludhug lan kilat?

26Sapa sing nurunaké udan ing ara-ara samun, lan tanah suwung, sing ora dienggoni manungsa?

27Sapa sing nyirami bumi sing garing mekingking, nganti suketé bisa thukul menèh?

28Apa udan duwé bapak? Lan bun, anaké sapa?

29Ès apa duwé biyung? Bun njendhel, sapa wong tuwané?

30Sapa sing gawé banyu dadi ès, lan lumahing segara dadi atos?

31Apa kowé bisa mbundheli taliné lintang Wuluh? Utawa nguculi taliné lintang Luku?

32Apa kowé bisa nuntun lakuné lintang-lintang miturut mangsa lan lintang Naas Kubra, saanak-anaké apa kowé bisa netepaké lakuné?

33Apa kowé ngerti hukum sing ngatur langit? Lan apa hukum kuwi kena koktrapaké ana ing bumi?

34Apa kowé bisa ngundang méga kokkon medhun dadi udan, nyirami bumi?

35Lan yèn kowé akon bledhèg-bledhèg sing padha sesamberan, apa iya padha bakal teka lan muni, ‘Kula, ndara?’

36Sapa sing ngandhani manuk Ibis yèn Bengawan Nil bakal banjir? Sapa sing ngandhani jago yèn bakal ana udan?

37Sapa sing saka pinteré bisa ngétung cacahé méga, lan malik méga dadi udan?

38Udan sing njalari bledug dadi lempung lan lemah dadi pliket?

39Apa kowé bisa nggolèkaké pangan kanggo singa-singa, lan gawé waregé anak-anaké,

40yèn lagi padha ndelik ana ing guwa-guwa utawa njerum ana ing rongé?

41Sapa sing ngréwangi manuk gagak sing keluwèn lan sliweran mrana-mréné golèk pangan? Sapa sing awèh pitulungan yèn anak-anaké padha celuk-celuk marang Aku nyuwun pangan?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 38 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel