Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 40 >> 

1(40:1-2) Hé Ayub, kowé nantang marang Allah Kang Mahakwasa; apa karepmu arep ngalah apa arep mbantah?" Ayub:

2(40:1)

3(40:3-4) "Wicanten kawula menika kados tiyang bodho, Gusti. Kawula badhé ngunjukaken wangsulan menapa? Mboten wonten prekawis ingkang prelu kawula aturaken.

4(40:3)

5Sampun langkung déning kathah prekawis ingkang kawula aturaken."

6Saka ing tengahing prahara Gusti Allah ngandika marang Ayub, Gusti Allah:

7"Ayub, ngétokna enggonmu dadi wong lanang, lan wangsulana pitakon-Ku iki.

8Apa kowé arep mbatalaké kaadilan-Ku, lan mbeneraké awakmu dhéwé srana ngluputaké Aku?

9Apa rosamu kaya Aku? Apa swaramu bisa gumleger kaya swara-Ku?

10Dandana nganggo kamulyan lan pangwasa, nyandhanga prabawa lan kaluhuran.

11Nitènana wong sing umuk-umukan; nganggo nepsumu wong-wong kuwi asorna.

12Wong-wong sing gemunggung, padha telungna! Wong ala remuken ana ing panggonané.

13Pendhemen ana ing njero lebu; bandanen ana ing donyané wong mati.

14Lan Aku sing bakal dhisik dhéwé ngakoni, yèn kowé wis unggul srana kekuwatanmu dhéwé.

15Titènana Behemot, jaran Nil sing rosa kuwi, ora béda karo kowé, kuwi iya Aku sing nitahaké. Pakané suket, ora béda karo sapi lan raja-kaya lumrah.

16Nanging titènana rosaning awaké, lan delengen kekuwataning otot-ototé.

17Buntuté didegaké kaya wit èrès, otot-ototing pupuné kukuh lan atos.

18Balung-balungé kekuwatané kaya tembaga, sikilé pengkuh kaya cagak wesi.

19Ing antarané para tumitah kéwan kuwi sing karosané ngédab-édabi dhéwé, sing bisa nelukaké mung Gusti Allah piyambak.

20Ing pegunungan panggonané kéwan-kéwan alasan, ing kono ana suket sing dadi pangané.

21Padha njerum ing sangisoring grumbulan eri, padha kaling-kalingan glagah-glagah ing rawa-rawa.

22Kaayoman déning grumbulan eri, lan wit gandarosa ing sapinggiring kali.

23Senajan Kali Yardèn banter iliné, ayem waé, senajan ana banjir bandhang teka ngapyuk rainé.

24Sapa sing wani nutup matané, lan nyekel srana nalèni cangkemé?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 40 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel