Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 8 >> 

1(8:1-2) Bildad: Isih pira lawasé enggonmu caturan kaya mengkono kuwi? Tembungmu kaya gemrubugé angin lésus.

2(8:1)

3Allah ora tau ndhoyongaké pengadilan, ora tau wurung enggoné netepaké prekara sing bener.

4Ora mokal yèn anak-anakmu padha gawé dosa marang Allah, mulané wis samesthiné yèn diukum déning Panjenengané.

5Nanging yèn kowé butuh pengayomané, nyuwuna sih-kawlasan lan pangapurané.

6Yèn atimu jujur, tanpa cacad, Allah bakal énggal mitulungi. Kowé bakal olèh opah, lan brayatmu dipulihaké menèh.

7Bandhamu sing ilang kuwi ora sepiraa, yèn katandhing karo sing bakal koktampa mengko.

8Ngélingana jamané para wong mursid ing jaman kepungkur, titènana pengalamané para leluhur.

9Urip kita rak mung cendhak, tur kita ngerti apa? Dina-dinané umur kita presasat ayang-ayangan.

10Rungokna kandhané para wong mursid jaman biyèn, mengkéné piwulangé marang kowé,

11"Panggonan sing teles ketuwuhan glagah, bisané tuwuh mung ing papan sing bècèk.

12Yèn banyuné asat, glagahé alum, luwih rikat tinimbang bangsané suket liyané. Mangka satemené isih seger lan durung mangsané, dibabad dipèk gawéné.

13Mengkono wong sing uripé nyélaki Gustiné; wong sing ora maèlu marang Allah, ora ketekan pengarep-arepé.

14Kaya wong sing ngendelaké benang saeler, mangka benang mau alusé kaya klamat kemlandhingan.

15Apa klamat kuwat yèn dienggo gandhulan? Apa ora nyilakani yèn dienggo cekelan?"

16Ora béda karo alang-alang, mengkono wong sing tanpa Allah. Yèn kena panasé srengéngé bisa subur ngebaki tamanan.

17Oyodé mbulet-mbulet watu ing lemah, pambuleté kuwat, ora gampang diobahaké.

18Nanging jajal, bedholen alang-alang mau, rak presasat ora katon yèn tau ana ing kono.

19Mengkono kekuwatané wong ala. Wong liya teka, ngenggoni panggonané.

20Nanging wong setya ora bakal ditilar déning Allah, kaya déné wong duraka iya ora tau dipitulungi.

21Lambému bakal tansah digawé gumuyu, ilatmu tansah surak-surak.

22Satrumu digawé kisinan lan rumangsa kasoran. Omahé wong ala bakal dirusak nganti sirna.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel