1Bangsa Israèl padha nggrundeli Gusti Allah merga enggoné padha ngrekasa nandhang kekurangan rupa-rupa. Bareng mreng panggrundelé wong Israèl mau, Gusti Allah duka, nuli nekakaké geni ing palèrènan kono. Geniné mulad-mulad ngobong kémah-kémah sawetara.
2Wong-wong banjur padha bengok-bengok njaluk tulung karo Musa. Musa nuli ndedonga marang Allah, temah geniné banjur sirep.
3Merga saka lelakon mau, panggonan kono dijenengaké Tabera. sing tegesé ing panggonan kono Gusti Allah nekakaké geni.
4Ing antarané wong Israèl ana wong-wong manca sing ketagihan mangan énak. Wong-wong Israèl iya banjur ana sing mèlu-mèlu kepéngin mangan iwak, mulané banjur padha grundelan. Tembungé, "Mbok yèn ngéné iki ana sing ngeteri iwak!
5Ana ing Mesir kita bisa mangan iwak satutugé, tanpa ngetokaké dhuwit. Bisa mangan timun, semangka, p‘rei, brambang lan bawang!
6Ana ing kéné kita padha kentèkan tenaga, mangka ora ana sing dipangan, kejaba mung manna thok."
7(Manna kuwi rupané kaya tumbar, wernané putih semu kuning.
8(11:8-9) Tekané ing palèrènan pandhak bengi, bareng karo tibané bun.) Ésuké wong-wong padha nglumpukaké manna, nuli didheplok dadi glepung, banjur digawé roti bunder-bunder utawa gèpèng. Rasané kaya roti sing dipanggang, nganggo lenga zaitun.
9(11:8)
10Musa krungu panggrundelé wong-wong Israèl, sing padha ngadeg nggrombol-nggrombol ing ngarepé lawang Kémah Suci. Gusti Allah duka, nganti Musa sedhih banget.
11Mulané banjur matur marang Allah, "Kénging menapa Paduka tumindak mekaten dhateng kula? Menapa mboten rena dhateng kula? Kénging menapa kula dipun bruki tanggel jawab ngrimati tiyang-tiyang menika?
12Rak sanès kula ingkang nitahaken utawi damel tiyang-tiyang menika selaminipun mlampah dhateng negari ingkang Paduka janjèkaken kaliyan supaos dhateng leluhuripun?
13Samenika tiyang-tiyang menika sami ketagihan, kepéngin sanget nedha ulam. Saking pundi saged kula angsal ulam kanggé nyukani nedha tiyang semanten kathahipun?
14Cekakipun kula mboten sagah nyanggi tanggel jawab ingkang semanten awratipun namung piyambakan!
15Menawi kapurih terus-terusan kados mekaten, nyuwun ngapunten, kula aluwung dipun pejahana kémawon, supados mboten ngraosaken awrating sesanggèn kula."
16Gusti Allah banjur ngandika marang Musa, "Kowé nglumpukna wong pitung puluh sing diéringi lan dianggep dadi panuntuné umat iki. Konen ngadhep Aku ing Kémah Suci, ngadeg jèjèr karo kowé.
17Aku bakal tumedhak ndhawuhi kowé. Aku bakal njupuk sapérangané Roh sing Dakparingaké marang kowé, lan bakal Dakedum-edum marang wong mau. Wong-wong mau mengkoné bakal bisa mbiyantu mikul tanggung jawab, ngrumati bangsa iki; dadi kowé ora dhèwèkan."
18Saiki bangsa kuwi kandhanana mengkéné, "Kowé padha nucèkna awakmu kanggo sésuk. Kowé bakal padha mangan iwak. Gusti Allah wis mirengaké pesambatmu lan panggrundelmu; kowé padha kepéngin mangan iwak, lan nganggep yèn ing Mesir kaananmu