Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 35 >> 

1Ing tanah ngaré Moab, sacedhaké Kali Yardèn, sangarepé kutha Yérikho, Gusti Allah ngandika marang Musa,

2"Bangsa Israel kandhanana yèn wong Lèwi kudu diwènèhi kutha sawetara dienggo manggon lan pangonan ing saubengé. Kuwi kudu dijupukaké saka panduman tanah pusaka sing padha ditampa déning para taler.

3Kutha-kutha mau bakal dadi duwèké wong Lèwi dienggo manggon. Pangonan ing saubengé kuwi kanggo raja-kaya lan kéwan-kéwané liyané.

4Lemah sing dienggo pangonan kuwi ambané 450 mèter saka témboké kutha, mubeng.

5Dadi lemah pangonané wong Lèwi kuwi dawané saben iring 900 mèter; kuthané dumunung ana ing tengahé.

6Wong Lèwi kudu kokwènèhi kutha pangungsèn nem, yakuwi panggonan kanggo ngungsi wong sing ora kejarag matèni wong. Kejaba saka kuwi wong Lèwi kudu diwènèhi kutha patang puluh loro liyané,

7karo pangonané. Dadi kabèh ana kutha patang puluh wolu sing kudu diwènèhaké marang wong Lèwi.

8Cacahé kutha-kuthané wong Lèwi ing wilayahé taler-taleré Israèl kudu ditemtokaké miturut gedhé ciliké wilayahé taler mau."

9Gusti Allah ngandika marang Musa

10supaya ndhawuhi bangsa Israèl mengkéné, "Sawisé kowé nyabrang Kali Yardèn lan mlebu ing tanah Kenaan,

11padha nemtokna kutha-kutha pangungsèn, supaya wong-wong sing matèni wong liya ora kajarag, bisa ngungsi mrono.

12Bisa nyingkiri pemalesé sanak seduluré wong sing mati. Merga wong sing didakwa matèni wong ora kena diukum pati, sadurungé prekarané dipriksa lan diadili ana ing pengadilan umum.

13Nemtokna kutha nem,

14telu ing sawétané Kali Yardèn lan telu ing tanah Kenaan.

15Kutha-kutha mau bakal dadi kutha pangungsèn kanggo wong Israèl lan kanggo wong manca sing padha manggon ing kono, kanggo sawetara mangsa utawa saterusé. Sapa waé sing matèni wong tanpa dijarag, bisa ngungsi ing salah sijiné kutha nem mau.

16(35:16-18) Nanging menawa wong mau enggoné matèni nganggo gaman wesi, watu utawa kayu, kuwi salah, merga njarag matèni lan kudu diukum pati.

17(35:16)

18(35:16)

19Sanak-seduluré wong sing dipatèni mau sing kudu nindakaké ukuman pati. Yèn kepethuk karo sing matèni mau, kena terus dipatèni.

20Yèn ana wong sing merga sengit matèni pepadhané srana dibanting utawa dibalang nganggo barang,

21utawa dijotos, wong kuwi gawé pati lan kudu diukum pati. Sanak-seduluré sing dipatèni, sing cedhak dhéwé, kudu nindakaké ukuman pati mau. Yèn kepethuk karo sing matèni, wong mau kena terus dipatèni.

22Nanging saupama ana wong sing tanpa dijarag njalari patiné wong liya, sing ora merga sengit, iya srana dibanting, utawa srana dibalang nganggo barang,

23utawa merga ora nglegéwa nibakaké watu sing nibani wong liya, dudu satruné, lan dhèwèké pancèn ora niat arep gawé cilakané wong sing ketiban wati mau,

24ing prekara-prekara sing mengkono kuwi rakyat kudu mbélani wong sing njalari pati mau, lan ora kena mbélani sanak-seduluré sing mati, sing padha arep males matèni.

25(35:25-28) Wong sing ora kejarag nyebabaké patiné liyan, kudu dislametaké déning rakyat saka ancamané sanak-sedulu’r wong sing dadi kurban. Wong sing nyebabaké mati mau kudu dibalèkaké ing kutha pangungsèné. Wong mau kudu manggon ana ing kutha kono, nganti sing dadi Imam Agung nalika semana tinggal-donya; lagi sawisé kuwi wong mau kena bali menyang désané. Nanging yèn wong mau lunga saka kutha pangungsèné, banjur dipregoki déning sanak-seduluré wong sing dadi kurban, kena dipatèni; pemales mengkono kuwi ora dosa,

26(35:25)

27(35:25)

28(35:25)

29Prenatan-prenantan iki kanggo kowé lan anak-anakmu, ana ing ngendi waé panggonané.

30Ing bab gawé pati, wong sing didakwa matèni, mung bisa ditetepaké kaluputané lan diukum pati yèn ana seksi loro utawa luwih sing mbuktèkaké. Paseksiné wong siji ora cukup kanggo mbuktèkaké yèn pandakwa mau bener.

31Wong sing matèni kudu genti dipatèni. Ukumané ora kena ditebus nganggo dhuwit.

32Yèn ana wong ngungsi ing kutha pangungsèn, kowé ora kena nampani dhuwit tebusan lan ora kena ngidini wong mau mulih ing omahé sadurungé Imam Agung tinggal-donya.

33Yèn kowé nglakoni mengkono, kowé gawé regedé tanah sing kokenggoni. Raja-pati kuwi gawé regedé negara. Mulané ora ana dalan liya kejaba matèni wong sing gawé pati.

34Aja gawé regedé tanah sing kokenggoni, merga Aku iki Allah, kang manggon ing tengahé bangsa Israèl."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 35 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel