Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 8 >> 

1Ing dina kuwi uga bandhané Haman, mungsuhé wong Yahudi, diparingaké déning Sang Prabu marang Ratu Èster kabèh. Éster matur marang Sang Prabu yèn Mordekhai kuwi pamané; mulané wiwit wektu kuwi Mordekhai diparengaké ngadhep Sang Prabu, senajan ora ditimbali.

2Sang Prabu nglolos sesupéné sing biyèn diparingaké marang Haman, banjur diparingaké marang Mordekhai. Èster ngangkat Mordekhai dadi kepala gudhang kanggo ngurusi tilas bandhané Haman.

3Èster banjur ngadhep Sang Prabu menèh. Karo sujud ing ngarsané, Èster nangis-nangis nyuwun supaya rancangan ala sing digawé déning Haman, sing nedya numpes wong Yahudi, kuwi diwurungaké.

4Sang Prabu ngathungaké lantarané emas marang Èster, banjur Èster ngadeg lan matur,

5"Menawi Sang Prabu dhangan ing penggalih lan asih dhateng kula, mugi kersaa ngasta serat keputusan kanggé mbatalaken serat-serat ingkang dipun damel déning Haman, ingkang isi préntah numpes tiyang Yahudi sedaya ingkang wonten ing negari ngriki.

6Kula rak mboten badhé téga ningali bangsa lan sanak sedhèrèk kula telas dipun pejahi?"

7Raja Akhaswéros banjur dhawuh marang Èster lan Mordekhai mengkéné, "Pancèn, Haman wis dakkon nggantung merga arep numpes wong Yahudi, lan bandhané ya wis dakwènèhaké marang Èster.

8Nanging bab layang sing ditulis atas asmané raja lan dicap nganggo cap raja, ora kena dibatalaké. Éwasemono kowé dakwènèhi wewenang nulis layang bab wong Yahudi, arep nulis apa waé sakarepmu. Layang kuwi tulisen atas jenengku lan wènèhana cap keprabon."

9Ing dina kuwi uga, tanggal telulikur sasi katelu, sasi Siwan, Mordekhai nglumpukaké para sèkretarisé Sang Prabu kabèh didhawuhi gawé layang marang para gubernur, para bupati lan para penggedhé ing propinsi-propinsi sing cacahé satus pitulikur, saka India tekan Sudan. Layang mau ditulis nganggo basa lan aksarané propinsi dhéwé-dhéwé. Mordekhai uga kirim layang marang wong Yahudi nganggo basa Yahudi.

10Layang-layang mau ditandha-tangani Mordekhai atas asmané Raja Akhaswéros lan dicap nganggo cap keprabon. Mordekhai banjur kongkonan wong supaya nggawa layang-layang mau menyang propinsi-propinsi kabèh karo nunggang jaran gesit kagungané Sang Prabu.

11Layang-layang mau nyebutaké yèn Sang Prabu marengaké wong Yahudi ing saben kutha bebarengan nglawan, yèn diserang déning wong-wong sing sikep gegaman saka bangsa lan propinsi endi waé. Kena nglawan lan matèni mungsuhé mau, dalah anak-anak lan bojoné pisan. Mungsuhé kena dipatèni kabèh nganti entèk lan barang-darbèké kena dijarah-rayah.

12Préntah mau kudu ditindakaké rata sanegara Pèrsia kabèh ing dina sing wis ditetepaké déning Haman, nalika ngarah matèni wong Yahudi, yakuwi tanggal telulas, sasi rolas, sasi Adar.

13Layang mau kudu didadèkaké undhang-undhang lan diumumaké marang wong kabèh ing propinsi-propinsi, supaya wong Yahudi padha siaga nglawan marang para mungsuhé samangsa tekan dinané.

14Para utusan sing ngeteraké layang mau banjur padha budhal, nunggang jaran kagungané Sang Prabu. Préntah mau uga diwacakaké ana ing Susan, ibu kotané negara Pèrsia.

15Sawisé mengkono Mordekhai banjur metu saka kedhaton nganggo sandhangan dhines, wernané biru lan putih, jubah wungu saka léna alus lan makutha emas sing éndah banget. Wong-wong ing kutha Susan saka senengé padha surak-surak.

16Wong Yahudi padha lega atiné lan ngrasakaké kabungahan, kasenengan lan kaurmatan.

17Ing saben kutha propinsi, samangsa layang mau diwacakaké, wong Yahudi padha bungah-bungah lan nganakaké pésta. Malah akèh penduduk sing banjur mlebu dadi warga Yahudi, merga padha wedi karo bangsa mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ester 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel