Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Filipi 4 >> 

1Mulané sedulur-sedulurku sing daktresnani, lan sing banget dakkangeni, sing gawé bungah lan mongkoging atiku! Kaya mengkono kuduné tumindakmu, krana enggonmu dadi wong Kristen.

2Euodhia lan Sintikhé! Sing padha rukun enggonmu seduluran ana ing Gusti.

3Semono uga kowé Sunsugos, kancaku tunggal ing gawé sing setya, sedulur-sedulur wadon loro kuwi tulungana; awit wong-wong kuwi wis nyambut-gawé sengkud karo aku martakaké Injil, bebarengan karo Klemens lan kanca-kancaku nyambut-gawé liyané, sing jenengé padha katulis ana ing kitab kauripan.

4Tansah padha bungaha sajroné padha dadi wong precaya. Padha bungah-bungaha.

5Tangkepmu karo wong kabèh sing lembah-manah. Gusti bakal énggal rawuh.

6Aja padha sumelang ing bab apa waé. Apa sing kokkarepaké aturna marang Gusti Allah sajroning pandonga, suwunen kanthi saos panuwun.

7Temahan Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ngungkuli nalaré manungsa, sing bakal gawé teteging ati lan pengangen-angenmu ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus.

8Wusana, para sedulurku, padha mikira prekara-prekara sing becik lan sing pantes dialem, yakuwi prekara-prekara sing nyata, sing luhur, sing bener, sing suci, sing éndah lan sing kajèn.

9Kabèh sing padha koksinau lan sing koktampa saka aku padha lakonana, dadia sing rupa tembung, dadia sing rupa penggawé. Temahan Gusti Allah sing maringaké katentreman marang kita, bakal nunggil karo kowé.

10Banget bungahku déné sawisé semono lawasé, kowé mikir aku menèh. Kandhaku iki ora merga kowé lèrèn saka enggonmu nggatèkaké marang kaananku, nanging merga enggonmu ora kober ngétokaké katresnanmu.

11Enggonku muni mengkono kuwi, ora kokmerga aku kapiran; awit aku wis sinau nyukupi awakku dhéwé nganggo apa sing dakduwèni.

12Aku wis ngalami kecingkrangan, lan iya wis ngalami kalubèran. Aku wis ngerti wadiné, kepriyé bisané tahan ngadhepi kaanan, ing sadhéngah papan lan ing sadhéngah wektu, yèn lagi wareg, yèn lagi keluwèn, yèn lagi nandhang kalubèran, utawa yèn lagi nandhang kekurangan.

13Sakèhing prekara daksangga srana kekuwatan sing diparingaké déning Sang Kristus marang aku.

14Apa sing koktindakaké becik banget déné kowé wis padha nulungi aku ing sajroning kasusahanku.

15Para sedulur ing kutha Filipi, kowé padha ngerti dhéwé, dhèk aku mangkat saka tanah Makédonia, nalika Injil lagi wiwit diwartakaké, ora ana pasamuwan sing nulungi aku; kejaba mung pasamuwanmu dhéwé sing padha mèlu ngrasakaké tuna-bathiné bebarengan karo aku.

16Nalika aku ana ing kutha Tésalonika mbutuhaké pitulungan, kowé luwih saka sepisan ngirimaké pitulungan marang aku.

17Ora merga aku seneng nampa pawèwèh, nanging aku kepéngin weruh wohing precayamu, sing nggedhèkaké kauntunganmu.

18Samubarang kabèh sing kokwènèhaké marang aku kuwi wis daktampa, wis cukup, malah luwih déning cukup! Srana pawèwèhmu sing digawa Épafroditus mau, aku saiki wis duwé apa waé sing dakbutuhaké. Pawèwèh-pawèwèhmu iki presasat ganda arum, sumaos marang Gusti Allah, pisungsung sing ketrima déning Panjenengané lan ndadèkaké renaning penggalihé.

19Gusti Allahku bakal maringi apa sing kokbutuhaké manut kasugihané sing lubèr-lubèr ana ing Sang Kristus Yésus.

20Pinujia Gusti Allah, Sang Rama kita ing selawasé! Amin.

21Salamku marang sakèhing wong precaya sing dadi kagungané Sang Kristus Yésus. Para sedulur sing padha bebarengan karo aku padha kirim salam.

22Sedulur-sedulur Kristen kabèh padha kirim salam, semono uga sing padha ana ing wewengkoning kraton.

23Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus nunggila karo kowé kabèh. Saka aku sekloron, Paulus lan Timotius


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Filipi 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel