Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 9 >> 

1Prejanjian kang sepisanan kuwi ngemot prenatan-prenatan bab pangibadah lan papan pangibadah gawéané manungsa.

2Ana kémah sing didegaké ing sisih njaba, karan panggonan Suci. Ing njeroné ana damar, méja lan roti kang kacaosaké marang Gusti Allah.

3Ing mburiné geber kang kapindho ana kémah menèh karan Sasana Mahasuci.

4Ing njeroné ana mesbèh emas sing dienggo ngobong menyan, lan ana pethiné prejanjian kalapis emas bleg. Ing njeroné pethi mau ana guciné emas isi manna, tekené Imam Harun, sing tau semi, sarta watu blèbèkan loro katulisan pepakon sepuluh.

5Ing sandhuwuré pethi mau ana pepethaning malaékat éndah banget, mrelambangaké yèn Gusti Allah ana ing kono. Swiwiné malaékat-malaékat mau ngaubi tutupé pethi pangruwating dosa. Nanging wektu iki prekara mau ora kena dijlèntrèhaké siji-siji.

6Iya mengkono kuwi enggoné barang-barang katata ana ing papan kang suci mau. Saben dina para imam padha mlebu ing kémah sing sisih ngarep, prelu nglakoni kuwajibané.

7Mung Imam Agung piyambak sing mlebet ing kémah sisih njero, kuwi waé mung setaun sepisan, sarta kudu karo nggawa getih kang kasaosaké marang Gusti Allah, merga saka dosané piyambak lan dosa-dosané umaté kang ora kajarag.

8Srana panatané barang-barang mau kabèh, Sang Roh Suci nélakaké klawan cetha, yèn selawasé kémah sing ana ing sisih ngarep isih ngadeg, dalan menyang Sasana Mahasuci durung bukak.

9Kuwi minangka pasemon tumrap ing jaman saiki. Déné tegesé, pisungsung-pisungsung lan kurban-kurban kéwan kang kasaosaké marang Gusti Allah kuwi ora bisa nyampurnakaké atiné wong sing ngibadah.

10Barang-barang mau mung wujud pangan, ombèn-ombèn, lan tata-cara werna-werna bab reresik. Kuwi mau kabèh prenatan-prenatan tata lair sing kanggoné mung tekan wektuné samubarang kabèh kaanyaraké déning Gusti Allah.

11Nanging Sang Kristus wis rawuh jumeneng Imam Agung tumraping barang-barang luhur sing wis ana ing kéné. Panjenengané nindakaké peladosané ana ing kémah kang luwih agung lan luwih sampurna. Kémah mau ora digawé déning manungsa, tegesé ora klebu pérangané donya sing dititahaké iki.

12Nalika Sang Kristus mlebet ing pérangané tarub kang njero, ing Sasana Mahasuci, sepisan kanggo ing selawasé, Panjenengané ora ngasta getihé wedhus lanang utawa getihé pedhèt minangka saosan, nanging ngasta rahé piyambak, supaya ngangsalaké keslametan tumrap kita.

13Getihing wedhus lanang lan sapi tuwin awuning kurban pedhèt kuwi kasawuraké marang wong-wong, kang manut saraking agama klebu wong najis. Srana patrap mengkono wong-wong mau padha kasucèkaké saka najisé tata lair.

14Yèn sing mengkono kuwi bener, méndahané menèh rahé Sang Kristus! Merga Roh kang langgeng, Panjenengané wis ngurbanaké sarirané piyambak konjuk marang Gusti Allah, minangka kurban kang tanpa cacad. Rahé nucèkaké ati kita saka sakèhing prekara kang tanpa guna, supaya kita bisa ngladosi Gusti Allah Kang Gesang.

15Merga saka kuwi Sang Kristus rawuh jumeneng Imam Agung lan Pantarané Prejanjian kang Anyar, supaya wong-wong sing wis katimbalan padha bisa tampa ganjaran langgeng, kaya sing dijanjèkaké Gusti Allah. Kuwi bisané kelakon merga wis ana sing nglampahi séda kanggo nebus panerak-panerak kang katindakaké déning wong-wong mau sajroning prejanjian sing wiwitan.

16Menawa ana layang wasiat, kudu dibuktèkaké, yèn wong sing gawé layang wasiat mau wis mati.

17Sebab layang wasiat kuwi lagi sah, menawa sing gawé wasiat wis mati, lan layang wasiat mau ora ana gunané apa-apa sajroné sing gawé wasiat mau isih urip.

18Iya kuwi sebabé, mula prejanjian kang kawitan kudu diabsahaké nganggo getih.

19Biyèn Nabi Musa ndhawuhaké sakèhé pepakon Angger-anggering Torèt, marang umat kabèh. Nuli panjenengané mendhet getihing pedhèt lan getihing cempé lanang dicampur banyu, banjur dikepyuraké nganggo wulu wedhus sing wernané abang tuwa lan suket hisop, ana ing Kitab Torèt lan para umat kabèh.

20Karo ngandika: "Getih iki ngabsahaké prejanjian kang katetepaké déning Gusti Allah supaya koklakoni."

21Mengkono uga kémah Pedalemané Allah lan sakèhé piranti sing dienggo ana ing pangibadah padha dikepyuri getih mau déning Nabi Musa.

22Pancèn manut Angger-anggering Torèt, mèh samubarang kabèh kasucèkaké srana getih. Mengkono uga dosa, bisané diapura iya mung srana wutahing getih.

23Sakèhing barang sing dadi gegambaraning prekara-prekara kang ana ing swarga mau kudu kasucèkaké srana patrap mengkono mau; nanging prekara-prekara kaswargan dhéwé kasucèkaké srana kurban kang luwih becik tinimbang barang-barang kuwi.

24Awit Sang Kristus ora mlebet ing Papan Suci gawéaning tangané manungsa, kang mung dadi wewayanganing Papan Suci kang sejati. Panjenengané mlebet ing swarga prelu sowan ing ngarsané Gusti Allah makili kita.

25Imam Agungé wong Yahudi mlebet ing Sasana Mahasuci setaun sepisan karo ngasta getihing kéwan. Nanging Sang Kristus ora mlebet bola-bali ngurbanaké sarirané piyambak.

26Awit yèn mengkono Panjenengané rak wiwit jagad katitahaké kudu bola-bali enggoné nglampahi sangsara. Ora mengkono. Panjenengané mung rawuh sepisan kanggo ing selawasé, yakuwi ing jaman wekasan, kanggo mbirat dosa srana ngurbanaké sarirané piyambak.

27Kaya déné manungsa enggoné pinesthi mati sepisan, lan sawisé kuwi nuli diadili déning Gusti Allah.

28Mengkono uga Sang Kristus iya mung kakurbanaké sepisan kanggo dosané wong akèh. Panjenengané bakal rawuh sepisan engkas, ora kanggo nebus dosa, nanging nylametaké wong-wong sing nganti-anti rawuhé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ibrani 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel