Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 17 >> 

1Nalika Abram umur 99 taun, Gusti Allah ngetingal lan ngandika karo Abram mengkéné, "Aku iki Allah Kang Mahakwasa. Kowé mbangun-turuta, lan tansah nglakonana sakersa-Ku.

2Aku arep gawé prejanjian karo kowé, lan arep ndadèkaké turunmu akèh banget."

3Abram banjur sujud sumungkem. Gusti Allah mbanjuraké ngandika,

4"Iki prejanjian-Ku karo kowé: Kowé bakal dadi leluhuré bangsa akèh.

5Mulané jenengmu ing sabanjuré aja disebut Abram menèh, nanging Abraham, merga kowé bakal dadi leluhuré bangsa pirang-pirang.

6Anak-putumu bakal akèh banget, lan ing antarané bakal ana sing padha dadi ratu. Saking akèhé nganti dadi pirang-pirang bangsa.

7Aku bakal netepi janji-Ku karo kowé lan karo anakmu, turun-temurun. Prejanjian iki bakal langgeng ing selawasé. Aku bakal dadi Allahmu lan Allahé turun-turunmu.

8Aku bakal maringaké tanah sing saiki kokenggoni kaya déné wong neneka iki marang kowé lan turun-turunmu. Tanah Kenaan iki kabèh bakal dadi duwèké turun-turunmu, selawas-lawasé; lan Aku bakal dadi Allahé."

9Pangandikané menèh, "Déné kowé, netepana prejanjian-Ku iki: ya kowé, ya anak-anakmu, turun-temurun.

10Kowé lan tedhak-turunmu kabèh sing lanang kudu tetak.

11Kowé tetaka, minangka pretandhané prejanjian-Ku karo kowé.

12Semono uga kowé kudu netaki turunmu saben bayi lanang kang umur wolung dina lan uga kang dudu turunmu, kang lair ana ing omahmu, utawa batur-tukon, senajan wong mau ora klebu turunmu dhéwé.

13Sapa waé kang lair ana ing omahmu, lan batur-tukonmu, iku padha tetakana, sarta dileluria ing selawasé.

14Saben wong lanang ing antaramu kang ora tetakan iku dudu umat-Ku, merga ora setya marang prejanjian-Ku."

15Gusti Allah banjur ngandika menèh marang Abraham, "Sarai bojomu aja kokceluk Sarai menèh, nanging Sarah.

16Sarah bakal Dakberkahi, lan kowé bakal Dakparingi anak lanang patutan saka dhèwèké. Sarah bakal Dakberkahi lan dadi ibuné bangsa pirang-pirang. Turuné bakal ana sing padha dadi ratu."

17Abraham nuli sujud sumungkem ing bumi, nanging ing batiné ngguyu, pangunandikané, "Wong sing wis umur satus taun apa iya kelakon duwé anak?"

18Abraham nuli munjuk marang Gusti Allah, "Menapa mboten prayogi Ismaèl kémawon ingkang dados ahli-waris kula?"

19Nanging Gusti Allah ngandika, "Ora, Sarah, bojomu bakal nglairaké anak lanang patutan saka kowé; bocah mau mbésuk jenengna Iskak. Aku bakal netepi janji-Ku karo dhèwèké lan turun-turuné, sarta nglestarèkaké prejanjian mau ing selawas-lawasé.

20Panyuwunmu kanggo Ismaèl iya wis Daksembadani, mulané bakal Dakberkahi lan bakal Dakparingi turun akèh banget. Ing antarané bakal ana rolas sing dadi penggedhéné bangsa, kang akèh banget cacahé.

21Nanging prejanjian-Ku bakal Daktetepaké karo Iskak, anakmu sing bakal lair saka Sarah taun ngarep, ing pendhaké mangsa iki."

22Sawisé ngandika mengkono Gusti Allah nuli jengkar.

23Ing dina iku uga Abraham banjur netaki Ismaèl lan sakèhé wong lanang sing lair ana ing omahé, sarta para batur-tukon lanang kabèh, ringkesé sakèhé wong lanang sing klebu brayaté.

24Nalika Abraham tetak umuré 99 taun;

25déné Ismaèl, anaké, umur telulas taun.

26Karo-karoné tetaké nunggal sedina,

27bebarengan karo sakèhé wong lanang sing ana ing omah kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel