Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 23 >> 

1Umuré Sarah nyandhak satus pitulikur taun,

2banjur tinggal-donya ana ing Kiryat-Arba, yakuwi Hébron, ing tanah Kenaan. Abraham nunggoni lan nangisi layoné.

3Layon mau banjur ditinggal nemoni anak-anaké Hèt, tembungé,

4"Kula wonten ing ngriki dados tiyang ngamanca, ingkang mondhok wonten negari panjenengan. Menawi mboten wonten pakèwedipun, kula kepéngin tumbas siti ing ngriki kanggé ngubur sémah kula."

5Wong-wong Hèt nuli padha mangsuli,

6"Panjenengan rak presasat raja wonten ing satengahing bangsa kula. Pramila sumangga kula aturi milih piyambak panggènan ingkang panjenengan kersakaken kanggé pesaréan. Kula sami bingah menawi panjenengan kersa nyarèkaken ingkang séda wonten ing ngriki."

7Abraham banjur mbungkuk ngurmati para anaké Hèt mau,

8sarta mangsuli, "Menawi para sedhèrèk sampun marengaken kula ngubur sémah kula wonten ngriki, kula nyuwun tulung kersaa nembungaken dhateng Éfron, anakipun Zohar,

9supados kula angsal numbas Guwa Mahpéla, gadhahanipun, ingkang keprenah ing sisihé pategilanipun. Pinten reginipun badhé kula bayar, lan panjenengan kula aturi neksèni, margi siti menika menawi sampun dados gadhahan kula, badhé kula enggé kuburan."

10Éfron dhéwé pinuju mèlu linggih karo wong-wong Hèt mau. Éfron banjur mangsuli Abraham, diseksèni déning sedulur-seduluré sing padha nglumpuk ana ing sekèthèngé negara mau,

11"Rama Abraham ingkang kula hurmati. Pasitèn menika kula aturaken dhateng panjenengan; mekaten ugi guwa ingkang wonten ing ngriku, inggih kula aturaken pisan. Para sedhèrèk sedaya kula aturi nyeksèni atur kula menika. Sumangga ingkang séda kula aturi nyarèkaken ing ngriku."

12Abraham mbungkuk hurmat menèh marang para anaké Hèt,

13lan kaseksènan déning wong-wong mau kandha karo Éfron mengkéné, "Kula aturi menggalih atur kula. Menawi kepareng, pasitèn menika sedaya badhé kula tumbas lan kula bayar, supados kula saged ngubur sémah kula wonten ing ngriku."

14Éfron mangsuli,

15"Rama Abraham, siti menika namung pengaos kawan atus arta slaka; menapa tegesipun arta semanten menika tumrap panjenengan lan kula? Sumangga kaagema nyarèkaken ingkang séda."

16Abraham sarujuk karo penjaluké Éfron mau, nuli nimbang dhuwit slaka (sing payu kanggo dol-tinuku), cacahé 400 sèkel, kaseksènan déning bangsa Hèt.

17Mengkono mulané lemahé Éfron ing Mahpéla, Wétan Mamré, guwa lan sakèhé wit-witan sing ana ing palemahan mau,

18katetepaké dadi duwèké Abraham; diseksèni déning wong-wong Hèt, sing padha mèlu rembugan ing sekèthèngé negara mau.

19Abraham banjur ngubur Sarah ana ing Guwa Mahpéla, cedhak karo kutha Mamré, ing tanah Kenaan.

20Dadi lemah karo Guwa Mahpéla diresmèkaké déning wong Hèt dadi duwèké Abraham, kanggo kuburan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel