Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 48 >> 

1Ora let suwé Yusuf dikabari yèn bapakné lara. Mulané banjur mangkat, ngajak anaké loro, yakuwi: Manasyè lan Éfraim.

2Nalika krungu Yusuf teka, Yakub ngetog kekuwatané supaya bisa njenggèlèk, banjur lungguh ing peturoné.

3Clathuné marang Yusuf, "Allah Kang Mahakwasa wis ngetingal marang aku ana ing Lus, ing tanah Kenaan, lan mberkahi aku,

4pangandikané, ‘Kowé bakal Dakparingi anak-putu akèh, supaya anak-turunmu dadi bangsa pirang-pirang. Tanah Kenaan iki bakal Dakparingaké marang anak-turunmu dadi darbèké ing selawas-lawasé.’"

5"Yusuf, nggèr! Anakmu Éfraim lan Manasyè sing lair ing tanah Mesir, sadurungé aku tekan kéné, kuwi dakpèk anak. Kuwi anakku, ora béda karo Rubèn lan Siméon.

6Yèn kowé duwé anak menèh, anak mau ora dakanggep anakku, nanging tetep dadi anakmu. Warisané kajupukaké saka warisané Éfraim lan Manasyè.

7Dakgawé mengkono merga saka Rahèl, ibumu. Aku sedhih banget nalika ditinggal mati ana ing tanah Kenaan, ora adoh saka Éfrata, saulihku saka Mésopotamia. Ibumu dakkubur ing kana, ing pinggir dalan sing menyang Éfrata." (Éfrata mau saiki disebut: Bètléhèm.)

8Nalika weruh anak-anaké Yusuf, Yakub takon, "Bocah-bocah kuwi sapa?"

9Wangsulané Yusuf, "Menika anak kula, paringipun Gusti Allah, sadangunipun kula wonten Mesir." Pangucapé Yakub, "Konen nyedhak mréné, arep dakberkahi."

10Pandelengé Yakub wis suda, merga saka tuwané. Mung kari lamat-lamat. Bocah loro mau dicedhakaké karo Yakub déning bapakné. Yakub ngrangkul bocah loro mau karo diambungi.

11Yakub banjur clathu, "Daksengguh aku wis ora bakal ketemu karo kowé menèh, jebul Gusti Allah marengaké aku isih bisa ndeleng kowé, malah uga anak-anakmu."

12Yusuf ngangkat anak-anaké saka pangkoné bapakné, banjur sungkem dhéwé ana ing ngarepé Yakub.

13(48:13-14) Sawisé kuwi banjur mrenahaké Éfraim, sing ragil ing sisih kiwané Yakub, lan Manasyè, sing mbarep, ana ing sisih tengené. Nanging Yakub numpangaké tangané tengen ana ing sirahé Éfraim lan tangané kiwa ana ing sirahé Manasyè.

14(48:13)

15Sawisé mengkono Yusuf nuli diberkahi, tembungé, "Muga-muga Allah, sing dibektèni Abraham lan Iskak sajroné nglembara, iya Allah kang ngirid lakuku tekan sepréné,

16lan muga-muga Malaékat sing ngluwari aku saka sakèhing rubéda mberkahi bocah loro iki. Muga-muga jenengku lan jenengé Abraham lan Iskak dilestarèkaké ana ing bocah-bocah iki! Muga-muga kowé padha bebranahan lan kaparingan turun pirang-pirang."

17Ing batin Yusuf ora seneng Yakub numpangaké tangané tengen ana ing sirahé Éfraim, mulané tangané bapakné nuli diangkat lan dielih saka sirahé Éfraim ana ing sirahé Manasyè.

18Aturé marang bapakné, "Pak, klintu. Ingkang mbajeng menika. Astanipun bapak ingkang tengen katumpangna ing sirahipun laré menika!"

19Nanging Yakub meksa ora gelem ngelih tangané tengen, pangucapé, "Nggèr, aku ngerti. Anak-turuné Manasyè uga bakal dadi bangsa gedhé. Nanging pangwasané adhiné bakal luwih gedhé. Lan anak-anaké adhiné bakal dadi bangsa gedhé pirang-pirang."

20Bocah loro mau sanalika iku uga nuli padha diberkahi, tembungé, "Jenengmu bakal disebut samasa wong Israèl andum berkah. Bakal padha clathu, ‘Muga-muga Allah ndadèkaké kowé kaya Éfraim lan Manasyè.’" Mengkono Éfraim mau diprenahaké sandhuwuré Manasyè.

21Yakub banjur kandha karo Yusuf, "Kowé ngerti yèn ora suwé menèh aku bakal kapundhut, nanging Gusti Allah sing bakal nganthi kowé kabèh, lan ngirid kowé mulih menyang tanahé leluhurmu.

22Kowé dhéwé, dudu sedulur-sedulurmu, dakbagèhi tanah Sikèm, tanah sing subur, sing biyèn dakrebut saka wong Amori, daklakoni perang, nganggo pedhang lan panahku."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 48 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel