Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 6 >> 

1Manungsa sangsaya akèh, sumebar ing bumi, lan duwé anak wadon-wadon.

2Para putrané Allah bareng weruh yèn anak-anaké wadon para manungsa mau padha ayu-ayu, endi sing disenengi nuli dipèk bojo.

3Gusti Allah banjur ngandika, "Roh-Ku ora bakal selawasé nunggil karo manungsa, sing uripé mung nuruti hawa-nepsuning daging. Manungsa mesthi mati. Umuré ora bakal luwih saka 120 taun."

4Wiwit nalika semono ing bumi ana wong-wong sing dedegé gedhé dhuwur gagah prakosa, yakuwi anak-turuné para wong wadon anaké manungsa, sing kawin karo para putrané Allah. Wong-wong prakosa mau para perwira ing jaman kuna, sing kondhang jenengé.

5Bareng Gusti Allah pirsa gedhéning durakané manungsa ing bumi, lan saobah-isiking atiné selawasé ala waé,

6ing kono Gusti Allah keduwung enggoné nitahaké manungsa ana ing bumi. Gusti Allah cuwa ing penggalih,

7nganti ngandika, "Manungsa kang Daktitahaké bakal Daktumpes saka lumahing bumi, semono uga sakèhé kéwan lan sarupaning manuk, merga Aku keduwung marang apa kang wis Daktitahaké."

8Mung Nuh sing gawé renaning penggalihé Allah.

9Iki critané Nuh. Nuh kuwi wong mursid, tanpa cacad ana ing antarané wong-wong ing jaman semono. Uripé Nuh tansah tetunggilan karo Gusti Allah.

10Nuh duwé anak lanang telu, jenengé: Sèm, Kham lan Yafèt.

11Nanging wong liya-liyané mau ala ana ing pamirsané Allah. Ing endi-endi anané mung panganiaya.

12Gusti Allah pirsa yèn bumi wis dadi ala babar-pisan, awit manungsa kabèh uripé kebak piala.

13Gusti Allah nuli ngandika marang Nuh, "Aku wis gawé putusan mungkasi uripé manungsa kabèh, arep Daktumpes babar-pisan, merga bumi wis kebak panganiaya.

14Kowé gawéa prau; gawénen saka kayu gofèr, kayu sing sentosa. Ing njeroné prau gawénen singgetan-singgetan, ing njero lan ing njabané usarana lenga kenthel.

15Gawénen dawané 133 mèter, ambané 22 mèter, lan dhuwuré 13 mèter.

16Prau mau gawèkna payon, lan ing antarané payon lan sisihé prau kudu ana lowongan 44 sèntimèter. Prau kuwi gawénen tundha telu. Lawangé pasangen ing lambungé.

17Aku bakal nekakaké banjir gedhé sing ngelebi bumi, kanggo numpes sarupané tumitah sing urip. Sakèhé tumitah sing ana ing bumi mesthi bakal mati.

18Nanging Aku kersa gawé prejanjian karo kowé. Mlebua ing prau, kowé lan anak-anakmu, bojomu lan bojoné anak-anakmu.

19Iya nggawaa mlebu sarupané bangsa kéwan, saben jinis nyejodho, supaya padha urip bareng karo kowé.

20Sawernané anaa sing lanang lan sing wadon. Bangsa manuk werna-werna, bangsa kéwan nusoni werna-werna, apa déné sakèhé bangsa kéwan rumangkang, nlosor lan gumremet ana ing bumi werna-werna; saben jinisé bakal ana sejodho nekani kowé, supaya lestaria urip.

21Semono uga nggawaa sarupaning pangan kanggo kowé lan kanggo kéwan-kéwan mau."

22Nuh nindakaké sakèhing dhawuhé Gusti Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel